AMBEK KUMINGSUN
kapacak ugi ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0n7CEDQR6kqrra6dyPbXKSH3XYbNkr2UBdh7vKBxbWxqd6JxDQubu4gYbwzSdLs4El&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Ambek/awewatak kumingsun (piangkuh, gumedhe) punika namung andadosaken regejegan /padudon, nanging tiyang ingkang ngestokaken pitutur kadunungan kawicaksanan. Conto kang asring kita prangguli saha pidhangetaken pawarta ing TV punapadene medsos pinanggih para tiyang ingkang kados makaten, ngatonaken piangkuhipun ngremehaken ngasanes dumugining panyiksan malah ngantos dugeng njabel nyawaning tiyang sanes. Raos kamanungsanipun kados sampun tebih saking tata gesang kautaman tuwin wontenipun namung nuruti hardaning kanepson. Bebuden kang utami mikolehaken sih, nanging margining tiyang cidra punika andadosaken kasangsaran ing dhiri pribadi tuwin ngasanes. Tiyang ingkang estu-estu temen lampah ing gesangipun rineksa dening kamursidanipun kang sarwa ing margining kaleresan miturut dhawuhipun Gusti...