POCAPAN KOSONG
Kacarita, ana pawongan kang lagi tilar donya, banjur roh utawa nyawane mlaku tumuju gapurane suwarga. Ing kana Malaekat ngendika, "Bagya tekamu, amarga dosamu kurang saka 100, trep gunggunge 99, kowe bisa mlebu suwarga."
Wong iku banget bungahe lan sanalika lunjak-lunjak karo ngomyang kementhus ora karuan karo nepuk dhadha, "Hehehee... Lha iya ta, sapa sik kih aku iki!". Mireng pocapane wong iku, Malaekat enggal bae nglebokake wong iku ing neraka amarga dosane ganep 100.
Crita iki hamung lelucon bae, ananging ngandhut lan duweni makna paribasan kang jero.
Sejatine pangucap sembarangan (kosong) lan ora prayitna ing sanalika bisa anjalari kawusanan kang apes mbilaèni.
Mula sing waspada lan prayitna, dijaga obahing lathi aja mung anggere bae. Kawusanan ing urip (nasib) bisa katemtokake saka krenteging ati kang kawetu ing pangucap. Lamun ora ngati-ati lan prayitna bisa-bisa kablondrok saka pangucape dhewe kang wusanane apa kang wus katindakake kabecikan mataun-taun bisa ilang muspra sanalika. Eling ana tetembungan paribasan, 'Ajining dhiri ana ing lathi, ajining raga ana ing busana' kang ngemu pitutur manungsa iku kudu bisa njaga pocapan (tutur kata) mring sapepadha, aja nganti nerak tata sopan dalah paugeran urip bebrayan ing tengahing masarakat.
Pungkasaning urip manungsa bisa ginambarake pungkasaning urip ing ngalam donya kang ngatonake kasetyane tuhu bekti mring paugeran kadya apa kang dadi Pangandikan lan dhawuhe Gusti Allah.
Kita minangka umat riptane Gusti bisa niti priksa lan ngonceki dhiri kita dhewe-dhewe,
Apa nganti dina iki wus setya nggeluti, ngresepi Pangandikane Gusti? Apa kita isih tekun mirengake piwulang adhedhasar Pangandikane Gusti kang mujudake sumbering urip nyingkuri pocapan kosong?
Lamun 'Iya' , prayoga sumangga kita muji sokur lan ndedonga nyadhong pitulungane Gusti ngangkah kita bisa tinuntun lan tansah ngugemi marang dhawuh Pangandikane Gusti kadya kang sinerat ing kitab-kitabe para suci lan kotbah-kotbahe para abdine Gusti.
Dene lamun 'Ora', kita prayoga nyuwun pangaksamane Gusti, lan janji bali urip setya jroning Pangandikane Gusti.
Tentrem rahayu samya kang pinangya
bagas saras kang linaras
mudya Gusti amberkahi... Amin 🙏
JM, gagat bangun, 14523
✍ eNPe ✍
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar