JUJUR PUNIKA KAJÈN
Wonten sawetawis tiyang ingkang tumindakipun gumantung ing pundi piyambakipun mapanaken raosing kinajènan/pakurmatan pribadi.
'Korupsi' mijil utawi tuwuh jalaran kasugihan pundadosaken tuking raos kinajènan. Tiyang ingkang remen ngapusi/nylinthuti/nggorohi tiyang sanes, saged ugi panguwaosan dados minangka landhesan pakurmatanipun.
Ing sejatosipun, pitutur gesang nelakaken iba risakipun gesang karana nglirwakaken angger-angger dhawuhipun Gusti Allah punapa dene tatanan paugeran pasrawungan masarakat/negari (kang kaserat ing undhang-undhang). Ing telenging nala badhe tansah kauber-uber raosing dosa lan pecah ing batosipun. Lelampahan ing gesang kaliyan sesami nedya ngupados nutup mripat batosipun, nindhes lan ambek siya mring sasama, remen dhateng panerak lan kadurakan, saha ngeruk kasugihan datan nate rumaos cekap (malak, srakah lan drengki). Salebeting pangibadahipun dhateng Gusti Allah namung lelamisan boten tulus.
Kosok wangsulipun ing piwucalan pitutur luhur, amrayogèkaken bilih iba endahipun lelampahan gesang tiyang ingkang gesang leres ing ayunanipun Gusti lan ing antawisipun sesami.
Tiyang ingkang jujur badhe madeg kanthi satriya boten geter awit tiyang ingkang murni manahipun binerkahan lan manggih bagya mulya dening Gusti Kang Maha Wikan.
Dhawuh Pangandikanipun Gusti Allah mucalaken mring kita bilih gesang jujur menika kajèn (pūjya. S, terhormat. Ind). Menawi sumber pakurmatan kita pinangkanipun saking keparengipun Gusti, mila makaten kita boten badhe karerimuk/kabujuk iming-iming punapa kemawon. Kasugihan utawi kalenggahan, kamulyan inggil kang mencutaken boten badhe damel kita gonjing.
Tumraping tiyang jujur, kasugihan menika berkah kanugrahaning Gusti lan salah satunggaling rineksanipun Gusti. Senadyan gesang samadya (pas-pasan) manahipun tansah rumentah kebak raos puji lan sokur.
Tumraping tiyang kang kinajènan ing kamulyan, panguwaosan lan kalenggahan mujudaken amanah nugrahaning Gusti. Nalika dados pandheganing praja/negari tansah netepi tanggel jawab, nebihi tumindak kadurakan, tumindak adil lan ering dhateng Gusti Kang Maha Kuwaos.
Bilih makaten tetiyang ingkang wonten ing lelampahan cidra lan duraka sarwa asor bebudenipun (kanisthan), manggih bebendunipun Gusti Allah lan kaipat-ipati dening sesami.
Wondene kinurmatanipun tiyang jujur, Gusti ngeparengaken, ngijabahi pandonganipun saha sarwa pinanggih pakurmatan dening sasama.
Pundi ingkang kapilih; jujur kajèn punapa sugih nistha?
Sumangga kita nenuwun mugya Gusti ngeparengaken kita sageda tansah mituhu dhawuh Pangandikanipun Gusti saha nglampahi dados tiyang jujur lan kinajènan.... Amin,
Rahayu kang sarwa pinanggih...., mugi Gusti amberkahi... Amin Amin. 🙏🙏
JM, pajar-sidik, 30523
✍ eNPe ✍
[^__^] [^__^]
Jarwanipun ing basa Indonesia kinten-kinten makaten :
Apa yang diperbuat seseorang tergantung di mana ia meletakkan kehormatannya. Korupsi terjadi karena kekayaan menjadi pusat kehormatannya. Orang yang suka memanipulasi orang lain, bisa jadi kekuasaan adalah dasar kehormatannya.
Pada kenyataannya, nasehat hidup berbudi menunjukan betapa rusaknya hidup orang yang mengabaikan firman Allah. Dalam dirinya, ia akan selalu merasa dikejar dosa dan perpecahan. Dalam hidup dengan sesama, ia berupaya membutakan mata hatinya sendiri. Ia menindas sesama, menyukai pelanggaran dan kejahatan, serta mengeruk kekayaan dengan sesuka hati tanpa pernah merasa puas atau cukup. Dalam relasinya dengan Allah, ibadah dan doanya adalah semu.
Sebaliknya, pelajaran nasehat berbudi mengungkapkan betapa indahnya kehidupan orang yang hidup benar di hadapan Allah dan sesama. Orang yang jujur akan tampil dengan berani. Orang yang murni hatinya akan diberkati sehingga ia menjadi berbahagia.
Firman Tuhan mengajarkan kepada kita bahwa hidup jujur itu terhormat. Jika sumber kehormatan kita adalah perkenanan Allah, maka kita tidak akan peduli terhadap iming-iming apa pun. Kekayaan maupun jabatan tinggi tidak akan membuat kita goyah.
Bagi orang jujur, kekayaan adalah berkat Tuhan dan salah satu bukti pemeliharaan-Nya. Kalaupun ia harus hidup pas-pasan, hatinya tetap dilimpahi rasa syukur dan ia dapat menikmati apa yang ada. Bagi orang terhormat, kekuasaan dan jabatan adalah kepercayaan dari Tuhan. Ketika ia menjadi penguasa atau pejabat, ia akan tetap bertanggung jawab, anti dari menjilat orang lain, tidak memanipulasi orang, hidup adil, dan takut akan Tuhan.
Inilah kehinaan orang fasik: dihukum Allah dan dikutuki sesama. Inilah kehormatan orang jujur: Tuhan berkenan atas doanya dan orang-orang menghormatinya. Mana yang kita pilih: jujur terhormat atau kaya terhina?
Marilah kita memohon agar Tuhan memampukan kita untuk selalu meperhatikan firman-Nya serta menjalaninya untuk menjadi orang jujur dan terhormat.
Komentar
Posting Komentar