GAGAT RAINA
Gagat raina sang surya sumunar trang,
tlaga sêndhang tuwin lêmbah katon lumirap padhang.
Pêksi samya mabur, sêsêkaran mêkar,
èsêm sinungging pra kadang samya enggar.
Siyang dalasan ratri silih gumanti,
tan ana kang langgêng ing bumi.
Mung sih kadarman ing Allah Kang trêsna,
katrêsnanira mangkonoa uga mring sasama.
Samangsa aku ing lêlimêngan nala,
tan kuwawa ngêmpêt sangsara.
Puja astawa konjuk Gusti Pangèran,
AstaNya mulung lan ngêntas
saking kasangsaran.
JM, gagat raina, 27523
✍ eNPe ✍
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar