PAUKUMAN
Paukuman bisa sinebut bab kang ora bisa siningkur. Ora ana bangsa kang urip rukun lan tentrem yen ora ana sing nata. Ya, akeh manungsa kang ora ngrumangsani kaluputane tanpa nampa paukuman, padatan rumangsa salah lan keduwung yen wus kaukum. Nanging paukuman pancen ora bisa sakarepe sing menehi ukuman, kudu ana tatanan kang ngatur yaiku sing kaaran undhang-undhang kang mujudake paugeran tatanan urip ing tengahing pasrawungan masarakat.
Temtu bae, pranatan ukum mau kudu duwe sipat kang kalumrah saturut karo rasa kaadilane masarakat, bakune kudu ngandhut bab-bab :
a. pepancasan ukuman katetepake mring sapa bae kang tumindak kaluputan nerak paugeran, ora kena pilih asih.
b. kudu adhedhasar bukti kang bisa kabuktekake.
c. ukuman kudu salaras karo kaluputane, contone maling pitik ora bisa dipadhakake karo wong sing ngunthetake kaskayane negara (korupsi).
d. ukuman ora kena mleset netepake abot enthenge ukumane iku dhewe, kang kabeh mau kudu adhedhasar pranatan ing undhang-undhang.
Sabarang saparipolahe ing urip pasrawungan masarakat tatanan-tatanan prelu kaetrapake minangka kanggo njaga drajat pangkat (martabat), sopan santun dalah katentreman bebarengan ing tengahing bebrayan masarakat.
Ringkese, paukuman iku bab kang wus lumrah lan samesthine. Lamun kita tumindak salah, mula kita pantese nampa paukuman lan kita kudu bisa kanthi legawa nampa paukuman murih bisoa andadekake piwulang tumraping kita sapa bae. Paukuman ora amung disawang saka kacamripat ukum bae nanging uga prelu kaancas supaya bisa gawe tatanan kanggo owahing kauripane kang luwih becik marang kang kaukum lan masarakat liyane kanthi urip rukun tentrem raharja ing tembene.
JM, sirep jalma, 09523
✍ eNPe ✍
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar