KABAGYANING TIYANG SEPUH

   kapacak ugi ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0p2ttWDAcLk6V34nqpwpWBzq3g6Aa84vaQDVTs9jxV7ji1jMDtB18AdpSdtfv9SWVl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz

Mujudaken kabagyan dhateng tiyang sepuh sekaliyan (bapa biyung, rama ibu) punika minangka darmaning lare (anak-anak). Pramila, boten kirang lare-lare mempeng anggenipun sinau ing pawiyatan, ngupados anggayuh rejeki ing padamelanipun tuwin nisihaken rejeki nedya saged nyawisaken kabetahan tiyang sepuhipun.


Wonten sawetawis ingkang nggadhahi pamanggih ngengingi adamel bagya tiyang sepuh inggih punika :

- bilih tiyang sepuh saged nguningani/mirsani anak-anakipun boten meri (iri) dhateng kamulyaning (sukses) ngasanes,

- boten katut ombyaking pasrawungan mendem-mendeman, narkoba, boten wegahan/kesèd nyambut damel,

- lelampahan ing gesang jujur lan nggadhahi pangangen-angen tuwin pangajap kang sae kangge napaki gesang ing tembenipun.


Pramila minangka lare-lare prayogi saged nebih saking godhaning gesang manggih kanikmatan kang sarwa nggampilaken samukawis nerak tatanan kang wusananipun damel risak lelampahan gesang salajengipun. Mliginipun/bakenipun, tiyang sepuh ngraosaken kabagyan rikala anak-anakipun samidene mituhu dhateng pitutur luhur, kebak kawicaksanan saha nggadhahi wardaya pangrasaning nala kang sarwa luhur bebudenipun lan ing margi kang sarwa leres.


Miturut para dwijawara kang winasis dalah para guru widagda lan puruhita wewaton ingkang kedah puntanemaken dhateng lare-lare inggih punika kados pundi supados estu tuhu lan ering/ajrih dhateng Gusti Allah ingkang mengkoni gesang. 


Salebeting manah kang ering dhateng Gusti andadosaken kita wicak lan leres anggenipun tumindak, sarta rineksa saking godha tumut-tumut nglampahi tumindak dosa. Ing salebeting ajrih dhateng Gusti kita katuntun ngestokaken dhawuhipun Gusti, adamel renaning Gusti temahan boten nerak angger-angger dhawuhipun Gusti Kang Kagungan Gesang puniki.


Kathah ing antawisipun kita nggadhahi pamanggih bilih kabagyaning tiyang sepuh namung wonten ing sagedipun sarwa anyekapi kabetahan bandha lan asiling gegayuhan anak-anakipun.

Nuwun sewu, mbokbilih atur seratan punika panjenengan para sutresna boten sarujuk awit punika namung minangka andum lan atur pangemut kemawon, sepisan malih nuwun sewu lan nyuwun pangaksama. 🙏

Nyumanggakaken, saha nyadhong pangapunten bilih lepat anggenipun ngandharaken pamangih ing nginggil. 👌


Nuwun, 

salam tentrem rahayu kang pinangkanipun saking Gusti...🤝 mugi berkahing Gusti tansah rumentah dhateng kita sadaya... Amin Amin 🙏


JM, gagat enjing, 21523

          🤝 eNPe 🤝

        [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN