Postingan

Menampilkan postingan dari Oktober, 2022

NGURMATI PANDHEGÅ (PANGUWÅSÅ)

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0MMvpR3AwsTaSxu7xabKoozVD4UZ9sZTpQSJqEipSD6hb8D8aGzXtJgsKb2vLHoySl&id=100053518547586 Sing jênênge pandhegå, pamõng, pangarêp, panggêdhe, panguwasa (pemimpin. Ind) duwèni tanggung jawab jêjibahan sing ora ènthèng jroning urip bêbrayan ing masarakat. Pamõng kang ambêk siyå (awatak ålå) biså njalari bêncånå, bêbåyå, piålå. Kõsõk baline panguwåså kang ambêk darmå luhur bêbudène, adil, wicaksånå biså anggawe bêrkah kanggo wõng akèh andhahane kang kapandhegani. Pangarêp, pamõng, pandhegå, panguwåså sawijining kumpulan åpå bae wiwit såkå kang êndhèk tatarane nganti tlatah kang åmbå/dhuwur/gêdhe/nêgårå, kapilih lan katêtêpake dening kang wênang miturut undhang-undhang sing dadi paugêran. Mulå mangkono kang kajibah nêmtõkake tåtåcårå pamilihan lan panêtêpan prayogå kudu duwe kajujuran lan kawicaksanan. Ing sawijine pakumpulan utåwå nagårå tumrap panêtêpan kang wus ditêmtõkake, dening anggota masarakate ora ...

HEE.., TILINGNÅ ANAKKU

    kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0331LuHaNxDt1oBnfB113ncGuRsWvE5yu2e2WMrfhmkHmbeKdwMv88czVgYjk9EPYHl&id=100053518547586 Hee.., tilingnå anakku pitutur kang kaparingke wõng tuwamu, cikbèn dåwå umurmu sarwå têntrêm rahayu kang tinêmu. Aywå nganti asih lan kasêtyanmu sartå kaluhuran uwal såkå sliramu, ukirên ing jroning atimu sartå kalungnå ing gulumu. Pracayåå mring Gustimu aywå sumendhe marang pangrêtènmu, ngakõnånå, ngabêktiå Panjênêngane ing uripmu têmah kalêncêngake lakumu. Kawucalnå mring pangawåså Gustimu sukåpirênå dalah duhkitå kang kinêsdu, panggahå nyadhõng pitulungan Gustimu têmah saliring durbålå siningkirnå èstu. JM, parak esuk, 251022           ✍️ eNP ✍️         [^__^]  [^__^]

LINGGIH PÅDHÅDENE ÊNDHÈK, NGADÊG PÅDHÅDENE DHUWURE

           #pangangên esuk     kapacak uga ing   https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02zisWWWFEGYccVp7yifA8VKQ9zJ6Sih5H8tmpQpqNJw3BbtxY4whvLugboSNR743zl&id=100053518547586 *Linggih pådhådene êndhèk, ngadêg pådhådene dhuwure* yåiku patrap ngrênggani urip kang pinuji lan mulyå. Yèn salah siji linggih lan liyane ngadêg, carane nyawang kahanan ugå bakal bedå. Ing ngarsane Gusti saliring manungså pådhå drajate, awit Panjenengane kang nitahake manungså miturut gambar lan pasemõn-Ne. Ing ngarêpe anggêr-anggêr /paugêran nagari saliring wargå bångså pådhådene hak lan kuwajibane, ora ambedakake siji lan sijine. Ngucapå jroning atimu, "Aku kinajènan ing PamirsaNe". Luwih bêcik kajèn ing Ngarsane Gusti tinimbang ing pandêlênge manungså, jalaran pangajine manungså asipat sawêtårå wêktu, nanging Makuthå Kauripan kang wus Gusti cawisake mring kitå asipat langgêng salawase. Mulå mangkono, sayogyå sliramu åjå ngêgungake utåwå ngasõrake dhiri ...

BÅLÅDEWÅ ILANG GAPITE

    kapacak ugå ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0NU2mCtSkGTMBCsn5inxfxjuth3LWeLsF4kEcZez5kSqrMXwL5vau4jbCKkQNeUFCl&id=100053518547586 Saliring pamõng, panguwåså, pêmimpin, pandheganing pråjå duwèni kawênangan kang luwih tumrap pårå andhahane utåwå masarakat kang winêngku ing rèhrèhane. Kawênangan, pangawåså sêjatine mujudake jêjibahan kang kudu sinånggå dening pårå pamõng, panguwåså. Wus dadi wajibing kang nyandhang pêmimpin anggõne ngayahi darmaning kapracayan kang sinandhang, bêcik yèn kajujuran iku kang utåmå kadhisikake. Ora prayogå yèn banjur tumindak sawênang-wênang aji mumpung klawan pangawasane lan kakuwatane nindhês malah tegå patine mring andhahane. Nindhês biså wêrnå-wêrnå wujude, kåyåtå nyigêg/munggêl utåwå matèni sumbêr panguripan/rêjêkine wõng liyå nganti kang kasigêg kangèlan/ora biså nindakake gaweane mênèh. Tumindak sawênang-wênang racake linandhêsan kesrakahan lan råså irèn, sêngit ugå råså butarêpan (mèri) njalari kanêpsõn duwè...

KINGKIN MRING PANGAUBANNYÅ

   kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02vyegwDszYVy84FYBb9q41M96QHv1HUddZ4pxoXAnqSwSZx5Pezs2KnC5U17XbGu6l&id=100053518547586 Kingkin mring pangaubanNyå, dununge têntrêm-ayêm samyå, ing kånå tansah sukå piŕênå lan bagyå. Ing pangaubanNyå nêdyå usådå kuwur lan uwasing nålå, mrånå, mrånåå.. ibå dahat kangênnyå, kang wus kawuryan dening pårå pujånggå. Ing pangaubanNyå tinêmu katêntrêman sanyåtå, datan ånå ing marcåpådå, sinubyå kêkidungan dening p'rå jåwåtå lan dwijå. Dalah p'rå satriyå wicaksånå pujå angaståwå, mrånå, mrånåå.. ibå dahat kangênnyå, sumadyå dening Kang Murbå Wiseså. JM, grimis esuk, 201022             ✍️ eNPe ✍️           [^__^]   [^__^]

SAMPUN NGÊNDHE-ÊNDHE

  kapacak ugi ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02MKxJDwB2chNiEN33fMgsHyhytmPqLVQSeUvmDA4ShFYPfzrPam25FqAzwXJBYpnMl&id=100053518547586 Pårå kadang sutrêsnå PBJ, bokmanåwi kitå nate mirêng têtêmbungan, "LAMUN SABARANG SIRÅ BISA ANGLAKÕNI, BÊCIK ENGGAL TUMINDAKNÅ!". Têtêmbungan ingkang ngêmu pitutur punikå anggadhahi têgês ingkang lêbêt lan ombèr. Tuladhanipun kintên-kintên makatên, ampun/sampun(aja) sêpisanå ngêndhe-êndhe damêlan, awit wêwêngan (kesempatan) punika dèrèng kantênan sagêd punambali/winêngå malih. Pramilå mapagi/nêmahi samukawis kang sampun(uwis) wontên ing ngajêng kitå, mênawi pancèn kitå kaconggah ngrampungaken, prayogi enggal kitå tandangi sampun(åjå) ngantõs... kosak-kosik ahh... sagêd-sagêd karumiyini dening ngasanès. Tumuntên kitå namung sagêd nggêgêt driji bõtên pikolèh mênåpå-mênåpå aliyas ngaplo. Sanepan kasêbat utaminipun kaêtrapakên ing têtandhingan punåpå kemawõn ing gêsang puniki, kadõstå bab dagang dõl-tinuku (bisnis), wêwênga...

KABUTUHAN URIP MANUNGSÅ

  kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02uwN3ahnhD6Gumq275UArMTFWbtdVqdHhvjNcFVkak5ezKtWXm6Yg1F6Mse8zKBbrl&id=100053518547586 KItå manungså duwèni manekå warnå kabutuhan urip.  Kabutuhan-kabutuhan iku biså kitå gõlõngake miturut bangêt prêlune utåwå kapêntingane. Kadyå kang kadudud såkå buku-buku èlmu adhigåmå (pengetahuan), kabutuhan kaperang dadi têlung gõlõngan yaiku : - kabutuhan utåmå/põkõk (Primèr), contone pangan, sandhang lan papan - kabutuhan kapindho/tambahan (Sèkundhèr), contone parabõtan, piranti têtunggangan lan pendhidhikan - kabutuhan panguwat/pangukuh (Tèrsièr). contone plêsiran, pêrhiasan lsp. Tuladhane bab kabutuhan mau kitå wus pådhådene nyumurupi kabèh.  Kabutuhan utåmå (primèr) mujudake kabutuhaning manungså kang kudu disaranani/dicukupi, lamun nganti ora, biså andadèkake gorèhing urip sabanjure biså-biså tumêkane pati, kåyåta pangan yèn ora kacukupan mangane biså dadi kalirên, mangkono uga kurang sandhang lan pap...

B Ê B Ê N D U

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02bsGm4m3CHZ4ech8cdMQdgVLCmmg8s1Syafs6bPDzQwT2ZfftQ6EB86FKU7qmbpJjl&id=100053518547586 Nyumurupi ing wêktu-wêktu wêkasan iki akèh kêdadean alam awujud patåkå, bilai kang nggêgirisi. Ngarêpake gumantine mångså akèh kasêngsaran kang tumibå durbålå, iyå banjir ing ngêndi-êndi agawe rusake samubarang, gunung mblêdhõs awune ambyar têkan ing plataraning nagari iki.  Mulad-mulading bêbêndu kang wus kadhawahake dening Pengeran awit iyå såkå polah tingkahing manungså kang mblasar såkå Dhawuhe Gusti. Gumlêgêrê swårå kaprungu mawantu-wantu. Anggêgirisi ing madyå ratri kang sêpi. Sêpining jalmå manungså kang wus pådhå kasilêp ing alam impèn. Glêgêrrr!… krosak!… gembrõjõg têkaning tirtå tan kanyånå-nyånå nggêgirisi. Anrajang nasak-nasak gubug dalah nglêlêpi sesawahan kang lagi ngarêpake mångså panèn. Ambyar sanalikå kêprungu jêriting båpå-biyung lan tangising bocah-bocah samya. Sawêrnaning ubårampe amblas k...

ASIH NGANDHUT ALUS ING BUDI

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/100053518547586/posts/pfbid0B6HYiorcYz5QsWevHoR4PiXY4m2PpdMuDTfjZNTqaKk5uFxPqfZUpfweqe9C6iLbl/ Asih ngandhut alus ing budi, lubèr pangaksami, ombèr ing ati. Sih-katrêsnan Padukå dhuh Gusti, sèstu alus ing budi, kêbak pangaksami,  såhå sarwi lomå miwah suci. Kawucalåkên kawulå trêsnå-tinrêsnan, dhuh Gusti, kawucalåkên kawulå aksåmå-ingaksåmå mring sasami. Karumêntahåkên kawulå Sih-katrêsnan Padukå dhuh Gusti, trêsnå Padukå Kang Agung datan winatês lan suci. JM, lingsir dalu, 101022           ✍️ eNPe ✍️         [^__^]   [^__^]

SI KUCING KÊTULÅ-TULÅ -dongèngipun bu guru-

    kapacak ugi ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0276RupP6WqKNiuAHmxih2RSA9sdoLFMGrBrgoxgy5PfGQcetz71TZbMi6UssnJaQxl&id=100053518547586     Ing sawijining kithå agêng, wõntên lare alit naminipun Joni gadhah kucing lucu ingkang dipuningah wiwit alit. Joni gêmatõs lan opèn sangêt dhatêng kucingipun kang punsukani têtêngêr si Meõng. Ing sawijining dintên båpå-ibunipun Joni tindakan dhatêng njawi kithå. Sadèrèngipun nglajêngakên tindakipun, båpå-ibunipun mampir ing toko dolanan, lan mundhut 'vidio game' nuntên wêling kaliyan pramusaji toko supådõs ngintunakên dhatêng alamat griyå kangge Joni putrå kinasih. Joni bingah sangêt, mila nuntên sadintên muput nggêthu, kêtungkul dolanan vidio game ngantõs nglirwakakên wajibing nyukani têdhå kucingipun dadõsakên kalirên. Èstunipun si Meõng kesah nglimpe nilarakên griyå bõtên kauningan dening Joni. Sasampunipun sawêtåwis jam, Joni nêmbe kèmutan nginguk kawontênanipun si Meõng, piyambake kagè...

BUDÅYÅ PAKULINAN URIP RÊSIKAN -sawijine tulådhå-

    kapacak ugå ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02Hj2dTMRi7LM4xMNZtvQENbjrB8H2B8NyKMW7SsXSpYPK72XeAxiGkSjg1qVAJrtl&id=100053518547586 Jêpang salah sijining nêgårå kang digandrungi dening masarakat nêgårå liyå jalaran akèh kaelõkan kang mligi, budåyå, panganan sêdhêp enak-enak sartå tlatah sakupênge asri lan rêsik bangêt. Bab karêsikan, iku winujud awit wõng-wõng Jêpang duwèni råså darbèni mring papan sakupênge (lingkungan) lan tumåtå kamapanan kanthi têrtib. Pakulinan åpå bae kang kaêtrapake wõng Jêpang nganti nêgarane dadi rêsik bangêt? *️⃣Prêduli mring papan sakupênge. Budåyå anjågå karêsikan wõng Jêpang pancèn wus digulåwênthah, diwulangake wiwit ing bangku sekolah rakyat. Pårå murid diajari lan wajib rêsik-rêsik kêlas dadi pakulinane. Ugå diwajibake ngrêsiki tilas ubårampe sing kaanggo bêbarêngan (asah-asahan piring, toilet umum lsp. lsp.) kaangkah supåyå såpå bae sing nganggo sawuse iku bakal ngrasakake nyaman amargå wus rêsik ora ånå tipak ...

PAYO TÊTÊPÅ ANGUDIDÅYÅ!

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02dm2KZcsVDpgFQGmm5LmbTLg2i45oxtqn6saBmWz9iTSJ8HmXSu1YmzrYiFT3wHPsl&id=100053518547586 Hee p'rå tarunå, donyå anantangmu, aywa nglokro, enggalå têtêp ngudidåyå! Datan bapang! Mesthi sumimpang! Sirå ngudidåyå mêsthi mênang! Payo tarunå, enggalå sigrak, anggayuh kawijayan! Åpå nora kokpigatèkake tangis, jêrit pêrih duhkita sinandhang? payo têtêpå angudidåyå! Datan bapang! Mêsthi sumimpang! Sirå ngudidåyå mêsthi mênang! Payo tarunå, enggalå sigrak, anggayuh kawijayan! Sawangên inciman tumanduk mring kawulå alit lan tanpå dayå, kasangsaran têtelå, kadurakan ngåmbrå-åmbrå, payo têtêpå angudidåyå! Datan bapang! Mêsthi sumimpang! Sirå ngudidåyå mêsthi mênang! Payo tarunå, enggalå sigrak, anggayuh kawijayan! Lumawanå, kang siningkur dènsumurupånå, kang tanpå dåyå dènbelanånå, payo têtêpå angudidåyå! Datan bapang! Mêsthi sumimpang! Sirå ngudidåyå mêsthi mênang! Payo tarunå, enggalå sigrak, anggayuh kawijayan...