Postingan

Menampilkan postingan dari Juni, 2021

PANGAREP-AREPAN *Gagasan (renungan)*

  kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3019802091632241&id=1684548218490975 Sajroning urip asring kita ngadhepi maneka warna kaanan kang agawe kita judheg lan cuthel ing pikir ora duwe pangarep-arepan maneh nganti jroning batin mikir dene Gusti Allah ninggalake kita. Masaalah... ing kaanan iki iblis wiwit nggodha kita. Sanadyan anaing kaanan kang sarwa kisruh lan abot sanggane kadya pageblug C-19 kang nembe kita alami, kaya-kayaa ora ana pangarepane. Gusti Allah isih lan tetep setya nganthi lan ngamping-ampingi uripe manungsa minangka umat kagungan-E supaya ora kabujuk lan kejlungup dening godhane iblis nedya ngadoh saka pangayunane Gusti. Gusti ora owah gingsir, lamun mbiyen Panjenengane tansah ngrengkuh kita, ing dina iki uga Gusti tetep setya nuntun lan mengku urip kita. Senadyan Gusti namakake bebendu-Ne mawa werna-werna prahara nanging Gusti iku Maha Asih, Sih-katresnane datan kendhat tansah karumuntuhake mring pra umat kinasih... Puji sokur ko...

SESORAHE WONG GUMUNGGUNG

   kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3016786711933779&id=1684548218490975 Sesorahe wong kang gumunggung rumangsa dene kabeh pakaryane iku amung saka kadigdayan upayane dhewe, patrap kaya mangkono iku sejatine njlomprongake. Paukumane Gusti bakal ketaman mring kasombongan lan pamblithukan tumraping wong-wong kang nganggep dhiri tanpa tandhing, wicaksana lan kawentar. Angadhepi kasunyatan ing donya dene akeh wong kang rumangsa aman lan ngglendem nglakoni tumindak kang nerak tatanan kepara kadurakan. Ajaa rumangsa luput, lha malah nganggep ora ana uwong liya kang ngonangi tandang tanduke lan kadyadene ora mempan paukumane Gusti Allah. Kadurakan sangsaya dibacut-bacutake klawan umuk lan bombong atine ora duwe isin. Uwong kang rumangsa awake dhewe peng-pengan lan sakabehane didhaku lan dikuwasani, bakal datan kaarsakake ing ngarsane Gusti. Kaanan kaya mangkono iku bisaa dadi piwulang kanggo kita pethik dene kawicaksanan kita ora ana paja-pajane n...

AYWA LAKU DORACARA

   kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3015218438757273/ Aywa was sumelang ngandharake kasunyatan aywa nlakup lathya lamun ana pamblithukan Hyang Ma Wikan ngarsake kajujuran ing saben krenteg lan pocapan Aywa kuwatir celathu, nora! lamun kabujuk nedya nora bares Aywa ngantya tumindak datan pinuji kudu tatag nampik klawan sora! Aywa kuwur ati ngakoni kaluputan ajwa nedya mbenerke awake dhewe aywa mbabar ing laku doracara iku nerak angger-anggere Hyang Ma Wisesa JM, madya ratri, 23621         dening eNPe

LAMUN PAGEBLUG ANREJANG

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3013223428956774&id=1684548218490975 Lamun bebaya nderbala aywa was sumelang, yogya elinga Gusti! Duk ginubed kasusahan aywa miris lan kuwatir,  tatag tanggon tan suwala Gusti Allah datan tega mesthi paring kuwawa mbengkas godha rencana Lamun pageblug anrejang, peteng ndhedhet limengan, mantepa trusing wardaya, tumedhaking pitulungan. Rumentahing sihe Allah, cihnaning kawlasannya, awit Gusti ngwacana, "Aywa sumlang ing driya!" JM, gagat bangun, 21621          dening eNPe pratelan : Jika bahaya mengganas, jangan takut, sebaiknya ingatlah Tuhan! Ketika terlilit kesusahan jangan gentar & kawatir tabah kuat jangan ragu Tuhan takkan tega pasti bakal memberikan kemampuan membrantas segala godaan Bila wabah menerjang jadi gelap gulita mantaplah dlm hati datangnya pertolongan berjatuhan mengalirnya Kasih Tuhan pertanda belas kasihNya sebab Tuhan bersabda "Janganlah takut dihatim...

BRAHALA ING JAMAN SAMENGKO

     kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3012532279025889&id=1684548218490975 Tembung brahala lumrahe nduweni teges sacara aksara yaiku reca dewa utawa barang-barang kang dianggep duwe kekuwatan wingit lan dipepuja (didewakake). Iku tegese brahala mujudake allah tetiron kang digawe dening manungsa lan dipepuja dening manungsa iku dhewe. Reca-reca lan barang-barang wingit iku nora bisa nyedhiani lan ngayomi para pamujane senadyan mawa pangormatan kang ditamakake mring barang-barang mau.  Apa iku dudu sawijining tumindak muspra lan nerak Angger-anggere Gusti Allah ngarep-arepake oleh kabecikan saka allah-allah tetiron kang digawe dening manungsa iku dhewe?  Angger-anggere Gusti kang tinulis ing Pangentasan 20:3-4 : Sira aja nduweni allah liyane ana ing ngarsaningSun. Sira aja gawe reca utawa tetironing apa bae kang ana ing langit ndhuwur utawa ing bumi ngisor, apadene kang ana ing banyu sangisoring bumi. Lamun ing jaman biyen brah...

PANGEMUT LAN PANGELIKE GUSTI

   kapacak uga ing   https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3010350305910753/   He para kang manggon ing bumi, kowe bakal padha ketaman ing pagiris, bakal padha kecemplung ing luweng lan kena ing kala jiret. Ing kono sing sapa lumayu marga saka swara kang ngagetake iku bakal kacemplung ing luweng, lan kang munggah saka ing luweng bakal kena ing kala jiret. Amarga cendhela-cendhelaning langit bakal padha kawengakake lan dhasar-dhasaring bumi bakal padha gonjing. Bumi remuk bubuk, bumi gempur ajur bumi gonjang-ganjing. Bumi sempoyongan kaya wong mendem lan gonjing kaya gubug katiyup ing angin; dosaning pambalelane tumempuh nggegirisi, mulane banjur rubuh lan ora bakal ngadeg maneh. (Yes 24:17-20) Gegambaran ing nduwur kadya apa kang kedadean ing wektu samengko iki. Nora bisa diselaki dene pageblug C-19 iki bisa kita patrapi kaya dene tandha-tandha kang katulis mau.  Kejaba kuwi akeh kedadean manungsa kang nora nuhoni tata pamrayoga kang katemtokake d...

PENDHAK JANGKAHKU

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3006042183008232&id=1684548218490975 Pendhak jangkahku tinuntun Gusti den winengku Asta sihNya  Satengahing prahara nrajang nggegirisi atiku tetep ayem tentrem raharja Pendhak jangkahku tinuntun Gusti dugeng ing papan kamulyan datan kendhat Gusti kang nganthi tumujweng taman karaharjan Samangsa wiwit gonjing imanku lamun mblasar lakuku dak sawang Gusti anglantingku aku mantep ndherek Gustiku Duk ombake pageblug gawe prahara amung astaNya tetameng sanyata Aywa sumlang, aywa geter ing nala Gusti wus anjangkung mring kita JM, gagat bangun, 11621         dening eNPe  

DIPADHA TUMINDAKA KABECIKAN KLAWAN TULUSING NALA

   kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3005540933058357&id=1684548218490975   Kacarita ibu-ibu banget sugihe ngadeg ing pinggir dalan jalaran montore rusak. Bola bali nyetop tunggangan montor mawa tangane nanging ora ana siji-sijia sing ngendhegi. Wektu terus lumaku... lan wiwit riwis-riwis grimis. Sangsaya kuwur atine si ibu iku marga langite sangsaya peteng. Nganti dumadakan ana montor tuwa katon ora kopen mandheg pas ing sisihe sang ibu sugih iku. Ing sopiran katon kanoman pakulitane ireng. Sang ibu iku nyawang kanoman iku uga karo migatekake montore sing wus katon amoh. Ibu sugih iku gojag-gajeg kuwatir arep melu nunggang montor iku apa ora, apa pilih ngenteni ing pinggir dalan sing wiwit peteng? Ibu iku kuwatir kasugihane kaweruhan dening sopir iku, ananging sidane netepake pilih nunut nunggang montor iku. Sadalan-dalan, sang ibu iku ing batin dremimil donga muga-muga diparingi slamet. Sabanjure takon jeneng lan gaweane si kanoman so...

KAWUSANANE ORA NUHONI PANUNTUNE PROKES C-19

  kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3004369299842187/ Para kadang sutresna PBJ Yen kita mirengake lan migatekake pawarta ing media tv wektu-wektu saiki iki, iba mrihatinake dene ing sawetara akeh tlatah/kutha ing nagara kita iki ngalami serangan pageblug C-19 kang sangsaya nggegirisi. Ana sing nganti kudu di tutup (lock down) ing wilayah kasebut, ya ibukota kabupaten uga klebu ibukota propinsi, akeh kurbane sing nganti tiwas saka ing masyarakat uga kang nguwatirake tenaga kesehatan (dokter & perawat), RS nganti kwalahen.  Lamun ditlisik kenapa bisa kaya mangkono miturut para ahli kesehatan / satgas C-19 ya ora ana liya jalaran saka preenan dawa bakdan sawetara minggu kepungkur. Pamrayogane pemerintah supaya ora padha mulih kampung ora bisa dipenggak gek kaimbuhan solahe masarakat ora ngugemi panuntune prokes, ya saiki ngrasakake kawusanane panularan C-19 kang nguwatirake. Akeh para warga yen dielingake utawa dituturi padha maido lan kleb...

CARA_URIP_PADATAN_ANYAR

   kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3001328573479593&id=1684548218490975 Aku arep nyritakake mitra tani ing sawijine kampung kang nduweni pakebonan anggur. Pakebonan anggure ana ing ereng-erenging pagunungan kang subur lan asri. Lemahe dipaculi lan watu-watune kasingkirake, nuli ditanduri wit anggur pilihan; ing tengahe pakebonan banjur diadegi panggungan pajagan mawa bale-bale kanggo ngaso. Dheweke uga yasa kothak wadhah pameresan anggur sarta ngarep-arep supaya pakebonan iku metokake woh anggur kang becik, eee...  jebul metokake woh anggur kang kecut rasane.  Kepriye jal.. kaya ngapa gelane mitra tani anggur iku, wus direwangi kethekelan rekasa anggone ngrumat tandurane nora kurang njlimet njabuti suket lan nyirami saben esuk nedya tandurane anggur thukul ngrembuyung katon seger.  Kocapa, saking jengkel lan cuthel pangarepane, mitra tani anggur iku njur mecoki pang-pange lan kapidak-pidak nganti rusak kabeh. Nuli pakebonane...

ALLAH SANG MAHA PANGUSADA

   kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2999460370333080&id=1684548218490975 Saben uwong tau nandhang lara. Apa meneh dene yen wong mau nganti di abani lelarane datan bisa diusadani ora bisa diselaki ngrasakake sedhih banget. Bisa-bisa njalari kadya sinamber bledhek rasane, sarwa lungkrah ngadhepi pangarepan urip sabanjure. Samono uga senadyana ratu kang duwe kalungguhan dhuwur utawa rakyat lumrah, wong sing sugih utawa mlarat bisa bae ngalami lelara kang abot sanggane. Kacarita ana sawijining abdine Gusti sing uripe sarwa kekurangan katemtokake dening dhokter lelarane ora bisa diusadani. Krungu iku, si abdi iku ndedonga lan pasrah klawan pracaya marang Gusti Allah. Wujuding wangsulan dongane, ya awit keparenge Gusti paring janji ngusadani mring dheweke jalaran teguh iman kapracayane sumarah marang Panjenengane minangka Sang Pangusada sejati. Gusti  Allah ngrumentahake dirga ing yuswane, luwih-luwih ngluwari uripe saka kasangsaran awit le...