Postingan

Menampilkan postingan dari Desember, 2020

ABYORE SRENGENGE

   kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2887671804845271&id=1684548218490975 Sore-sore abyore srengenge amadhangi ing brang kulon dirgantara, pangarepku iki kang bakal dumadi sesuk ing lembar anyar anepaki warsa selikur, kanthi panyuwun mugya sumorote bagaskara tansah madhangi arcapada, pra titah anambut amecaki dalan kebak sukarena lan puji sokur. Mungkasi warsa kang kebak duhkita, sumilire samirana dhesember adhem angresep ing nala, payo samya sung pepuji mring Gusti nyadhong Sih kadarman urip mulya, karumentahna mring saliring umat manungsa, kaleburna, kasingkirna sakabehing memala. JM, wayah sore, 311220         dening eNPe

GUMANTOSING WARSA

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2887214434891008&id=1684548218490975 Gumantosing wulan lan warsa sung panjanging umur kita, sayogya sengkud makarya, mrih kraharjan kulawarga. Gumantosing wulan lan warsa imbuhing kabegjan samya, tan wonten pageblug nyata, mung gesang sarwa mulya. Gumantosing wulan lan warsa kathah ing pangarsa-arsa, gesang ing padatan enggal, tan kendhat berkahing Sang Hyang Wisesa. JM, panutuping warsa 2020            dening eNPe

DARMANING DADI WONG TUWA

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2885166301762488&id=1684548218490975 Anglakoni darmaning dadi jejering wong tuwa iku temtu ora gampang. Ing saben owahing umur anak tansah nduweni bab-bab pribadi lan kabutuhan beda-beda. Senadyan jroning owahing umur kang beda-beda mau ana kabutuhan utama kang padha, yaiku pangayoman rasa aman lan rasa ayem saka wong tuwane. Minangka wong tuwa kita kerep ngadhepi pangudi-daya sing jumbuh saemper kabutuhan dhasar. Nalika anak kaancem kaslametane, kita duwe rasa kuwatir malah bisa mbingungi. Ananging aywa sumelang dene kita ora dhewekan. Kejaba sisihan, kita nduweni Gusti Allah kang Maha Pirsa ora bakal negakake kita ngadhepi dhewekan ing kahanan mau.  Yen kita kanthi mantep sowan ing Ngarsane nyuwun pitulungan, pracayaa!, Gusti bakal nuntun lan sinung kaslametane anak. Kadyadene ing Pangandikane "Was sumelangmu pasrahna mring Pangeran Gustimu, temahan sliramu mesthi rineksa"(Jabur 55:23) Krana mangk...

NATAL WUS PRAPTA

   kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2882759825336469&id=1684548218490975 Donya kadhemen gumregut kaku.. tentrem kang sanyata datan tinemu.. Pageblug anrajang nggegirisi estu.. dugeng samangkya datan kandheg mangu. Lamun Sabdaning Gusti kang dumadi.. Sih katresnanNya rumesep jroning ati.. Pra titah ngagungken Asmanya Gusti.. saindhenging jagad raya salumahing bumi.   Pra umat disayogyani sinung pawarta sukarena.. salir kang winartan, kaeraman samya.. wit kababaring kabegjan mring jagad warata.. jejering Sang Pamarta wus prapta. Mendah Agung Sih katresnanNya.. tentrem rahayu kang pinanggya.. ing antaraning umat manungsa.. sinung basuki kababar mring kita.       🌟🌲   *Sugeng NATAL* 🌲🌟 JM, dalu suci, 251220       dening eNPe           ===###===        * NATAL TELAH TIBA * Dunia kedinginan menggigil banget.. kedamaian sesungguhnya tak kunjung.. pandemi mengh...

NALIKANE_CILIKANKU

    kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2880689085543543&id=1684548218490975 -ing pandongane Ibuku-    sumber : kpj 381: 1,2,4 Nalikane cilikanku, kepati senengku; tan nate ana pasambat, bungahku tan kendhat. Sorene sawise sepi, ibuku memuji, ing pandonga kang ingatur, jenengku sinebut. reff : Pandongane ibu anyebut jenengku; ing pandongane ibuku tansah anyebut jenengku. Aku sangsaya kelingan, jroning kasusahan, yen urip lagi cilaka, atiku nalangsa; sakal eling mring ibuku kang sujud manengku; ing batinku trus keprungu, anyebut jenengku       《 reff. Sawusnya ibu tan ana, wit sowan Sang Rama, nanging dhawuhe mring aku, kang tansah dakgugu. Mbesuk ing kana tinemu, barengan sumungku; pamujine kang dakrungu, anyebut jenengku.      《 reff. JM, rolikur_desember_rongpuluh                             dening eNPe  gubahan lagu,  DI ...

KEBAK PRIHATIN

        kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2879831462295972&id=1684548218490975 Saben pendhak byar tansah keprungu pawarta kang ora becik. Negara kadya ana paperangan memungsuhan antaraning bangsane dhewe.  Banget mrihatinake .... Kapan bangsaku iki bisa rukun ambangun praja?... Udreg-udregan, regejegan, nyebar warta kang bisa gawe miris ya nyebar winih sesengitan antarane golongan siji lan sijine. Kabeh mau pikolehe apa... ora ana liya amung gawe kisruhing swasana urip bebrayan ing tengahing masarakat. Apa maneh wekasan iki para duratmaka tumindak wengis kamitegan natoni luwih-luwih nganti tekan patine sapepadha.... oh kok ya nggegirisi kahanan iku. Kang kasuwun...  dhuh Gusti pinaringana para kadang kawula sami pikantuk pangaksama awit saking tumindak mblasar.  Mugi Gusti sinung karukunan tumraping bangsa Indonesia.... tinebihaken saking bebendu Paduka....  Rinaketaken pasedherekan nunggil bangsa.... ajen-ingaj...

AJAKAN MRATOBAT

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2879204769025308&id=1684548218490975 Iblis ora kandheg anggone nggodha lan ngajak manungsa ing tumindak dosa lan ninggalake Gusti Allah. Suwalike, senadyan manungsa wus tumindak dosa lan ngedoh saka pangayunan-Ne, Gusti datan kendhat nimbali ngajak manungsa mratobat bali marek ana ing ngarsa Panjenengane. Dene yen dhawuhe iku diestokake, temahan Gusti bakal bali angasihi kanthi eklas sukarena. Dhawuh ajakan mratobat ora ana liya kanggo kabecikane umat manungsa kang diAsihi. Lamun gelem mratobat, Gusti Allah bakal mbereg lan ngapura dosa-dosane lan mbalekake kahanane manungsa urip setya tuhu. Panjenengane badhea rawuh sinung kasegeran anyar saengga pra Umat-E bali angganda arum kadya sesekaran kang nedheng-nedhenge mekrok. Temahan andadekake berkah tumraping wong akeh. Pamratobatan iku kudu diwiwiti kanthi ngakoni sakabehing kaluputan lan dosa-dosane ing pangayunan-Ne. Pangakon iku kudu binarungan ngedohi...

TUMAPAK NINGGALAKE WARSA

Gambar
      kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2876992449246540&id=1684548218490975 Tumapaking wektu datan rinasa.. wus ngancik ing pungkasaning warsa.. yaa warsa kang kebak prihatin samya.. saliring sumpena ambyar sanalika binarung pra kadang nalangsa. Jroning wulan mungkasi warsa puniki.. den pangarepan kang kaesthi.. nedya angantu wujuding pakarti.. kang karancang pamarentah nagari. Madyaning wulan tumuju tanggap warsa enggal punika.. pandheganing nagari tatag paring panetepan.. yaa panetepan (vaksin) murih lestarine sabangsa.. nyantosaake kalis sing pageblug lan memala. Mendah agung Sihe Gusti.. karaharjan kang tinampi.. saliring kawulaning praja NKRI.. samya asung pambagya ing pamuji. Salam sehat! Salam rahayu samya!.. kita bangsa Indonesia kang mulya.. tumapak ninggalake warsa.. rongewu rongpuluh warsa lelimengan pra jalma. JM, madya desember'20           dening eNPe

NGELMU KAWICAKSANAN LIMANG DRIJI

     kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2875799049365880&id=1684548218490975 👍Ana si lemu Jempol sing tansah ujar Becik lan aweh Alem.. ☝️Ana driji si Panuding sing senengane Nuding lan Mrentah.. 🖕Ana driji si Panengah sing gumunggung rumangsa dhuwur dhewe.. 👌Ana driji si Pamanis kang tansah dadi tuladha, apik lan sabar memper yen pinasang kalpika 🤙Ana driji wuragil si Jenthik sing tansah ngalah lan manutan. 🖐Krana nggambarake bedane siji lan sijine kang becik lan ala sing diduweni dening saben driji... kabeh iku Manunggal kanggo njangka gegayuhan siji kang padha (gotong royong). 🖐Coba kita gagas, lamun tangan kita drijine amung arupa jempol kabeh? rak ya mesthine ora pepak! ✊Kita kalairake anaing saliring werna beda-beda kang kita duweni kanthi nedya kanggo Manunggal yaiku : 🤝padha dene anresnani.. 🤝padha dene tulung mitulungi.. 🤝padha dene aweh pambiantu.. 🤝padha dene amepaki.. 🤝padha dene angajeni.. Kosok baline, ora kaangg...

TOKO ADOL CALON GARWA

   kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2874617319484053&id=1684548218490975 Sawijining toko kang adol garwa (calon) nembe buka, ing kono priya bisa milih wanita kang didadekake garwa. Sawetara ing lawang mlebu dipasang tatanan carane mlebu toko kasebut : 1. Para tamu pikantuk lan saged mlebed toko NAMUNG SEPISAN! 2. Toko punika wonten 6 loteng, saben loteng mratelakaken calon garwa. Sangsaya inggil loteng, sangsaya inggil tingkataning wanita kasebat. 3. Para tamu saged milih wanita ing loteng kapilih utawi ing loteng candhakipun, nanging kanthi paugeran BOTEN SAGED MANDHAP MALIH ing loteng saderengipun, kejawi medhak kangge medal saking toko." Kacarita, ana pria nekani toko iku saprelu golek calon bojo. Ing saben loteng tinulis mangkene iki : *Loteng 1 * "Wanita ing loteng iki setya mring Agama & Pinter Masak." Priya iku mesem, nuli dheweke munggah menyang loteng candhake. *Loteng 2* "Wanita ing loteng iki setya mring Agama, Pinter ...

SALAM SEHAT JRONING PANGAREPAN

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2872659109679874&id=1684548218490975 Desember 2020, wulan pungkasan ing warsa pageblug.. 20 dina mangarep, kita bakal mungkasi taun iki... Warsa iki mujudake sejarah dawa jroning sata warsa (abad) iki.. sejarah kang padha ing salumahe bantala iki.. ora amung kita para diwasa, malah bocah-bocah uga nyathet sejarah iki.. Anak-anak dumadakan jroning 10 sasi iki kudu sidhem lan sinau nang omah wae.. Sing adade rame dolanan bebarengan ro kancane dadi sarwa winates.. Warsa iki kita kira-kira amung 60 ari urip ing adad kabiyasan yaiku nalika mlebu napaki warsa iki.. Sabanjure iku.....  Nalika mlangkah ing wulan Maret, kita urip kudu ngugemi saliring paugeran kesehatan yaiku manganggo masker, wijik tangan lan njaga wates... Ujug-ujug, tan nyana tan kinira..  Saliring tatanan urip dadi owah-owahan anyar... Dumadakan bae kita samya duweni adad kabiyasan kang padha dene kudu dilakoni... Ujug-ujug bae kita...

ANGGAYUH TUMUJU CAHYA

   kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2868924456720006&id=1684548218490975 Mandhegani sawijining wewengkon praja ora kok amung bisa golek aleme utawa sinuba-suba masarakat sajroning lima utawa sepuluh taun mangarep. Ananging kepriye bisa anganthi rakyat ing dalan tumuju kang luwih becik, senadyan kanggo ngranggeh gegayuhan mau kita kudu bebarengan guyub kanthi rekasa ngombe pait getire pangupaya mau. CAHYA bakal sumunar sawuse sumilak pedhuting mendhung pepeteng. Mandhegani praja ora ateges kepriye supaya bisa MISUWUR, ananging kepriye carane bisa nedya anggayuh kahanan kang kaesthi luwih becik/rahayu ing tembe wektune.  Pambangunan ora tansah lan mesthi sarwa manis/kepenak, lumakune mbutuhake pangurbanan kang ora sethithik kepara pait rasane. Ananging, kabeh iku kaprelokake tumrap mujudake CAHYA kang nyumunari ing tembene. Kita sabangsa ora sarujuk lamun Indonesia ana ing palimengan. Nanging sejatine CAHYA bisa luwih ngrembaka nyumunari...

REREPEN ENJANG

     kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2868268200118965&id=1684548218490975 Gumregah saka ing tilamrum kasrepen rumesep hawa esuk anrawang pangangen Nitenana sihing Gusti kang mbanyu mili ywa manut bujuking iblis wohe mung pati Nadyan den iming-imingi bandha sadonya milaur setya mring Gusti sinungan begja Iblis nggendeng nilar Allah jer tanpa guna milaur manteb pracaya gesang raharja kanthi sumarah mring Gusti Allahira kasorna dosa jer mursid panggah ndedonga JM, gagat bangun, 61220          dening eNPe

SAKANTHONG WINIH KACANG

       kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2865753640370421&id=1684548218490975 Kenya nom-noman duwe kangsenan ketemu karo juragan sugih ing kutha, mawa pengarepan bisa oleh dana. Si kenya nyaritake kahanan desane lan sarana pendhidhikan kang sarwa kekurangan lan mrihatinake nuli nyuwunake derma kanggo biantu. Sang juragan ujar, "Ee ndhuk, kowe kleru dununge, ing kene dudu badan sosial sing aweh dana derma gratisan. Yen pancen bocah-bocah desamu ora bisa sekolah iku nasib-e. Kenapa aku sing kudu biantu?", ujare sengak karo mlengos. Sajake si juragan ora pracaya yen cah wadon iku kanthi tulus lan jujur. Cah wadon mau rumangsa nglokro upayane ora oleh asil. Sadurunge pamitan, dheweke nyoba meneh, "Pak, menawi mekaten, punapa kula pareng nyuwun ngampil sakanthong winih unggul wiji kacang ingkang tansah bapak tanem? Kaanggep mawon dinten menika bapak biantu lan kula sagah boten badhe ngregoni bapak malih." Kanthi gumun lan kepengin supa...