NGENDHALENI KANEPSON - pituture simbah -
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2835256816753437&id=1684548218490975 Ana bocah lanang sing gampang nesu-nesu tansah ngumbar kanepson sakepenake wudele. Bapake saking judhege ngatasi iku njur maringi sabungkus paku lan dhawuh nang bocah iku yen saben nesu kudu nancepke paku nganggo palu ing pager. Ing dina sepisanan bocah iku nancepke paku ing pager 12 cacahe (ateges sedina iku olehe nesu kaping 12) Bocah iku karo mikir mbaka sethithik wiwit nyuda olehe nesu. Krana mangkono dina-dina candhake cacahe paku sing kudu ditancepke suda ing saben dinane. Si bocah njur mikir-mikir maneh jebulane ngendhaleni muntabing ati bisa gawe mareming ati nadyan rada angel tinimbang nancepke paku ing pager. Wusanane, ing sawijining dina si bocah ora nesu babar pisan. Enggalan ngaturi pirsa bapake kabar iku. Sang bapak banjur dhawuhi supaya si bocah wiwit saiki uga njabuti paku saben dinane kanthi pangangkah bisa ngendhaleni muntabing ati (nyuda kanepson). ...