Postingan

Menampilkan postingan dari Mei, 2024

PANGADILANING MANUNGSA lan PANGADILANING ALLAH

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02gAppd4hKL45Fbi1dFrZ8dzt6a7s6sCzkMczSdtyN86P16V73npnFGLMuUzhLTbmgl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Pangadilaning manungsa lumrahe/padatane didhasari kapentingan bandha, kalenggahan panguwasa uga kapentingan politik, ora adhedhasar kapentingan kaadilan lan kabeneran sejati. Racake pangadilan sing digelar ing Indonesia iki para hakim akeh utawa sethithik ora bisa anyelaki dimanpangatake lan sinaput ing wewayangane (dibayangi oleh, bs Ind) panguwasa ya pangwasa negara ya pangwasa ukum. Pangadilan direka dadi panggung sandiwara ukum lan kaekapraya politik. Para hakim dadi piranti lan pangrimuk/bebujuk dening panguwasa kanggo nyemoni ukum lan mbenerke sing ora bener sarta ngluputake sing bener. Kanthi tetembungan liya, sapa kang bener diluputake lan sapa kang salah dibenerake dening hakim merga mbelani kang duwe kuwasa lan kuwat kalengahane. Mula bisa kaaran pangadilan manungsa wus jamak lan luwi...

DONYÅ KÊBAK LÊLAMISAN -pangudåråså-

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0Kfdn82Sxi1yTy4LZoLZCGpFCdQVid3jYTDi9XLixCAhxRJU56n2WUiqVE5RvpVzAl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Donyå kêbak lêlamisan pangrimuk silih udrêg-udrêgan kadyå turånggå mbêdhal pêthakilan nora kênå kinêndhalèni sarwå kajuligan. Prå priyagung mburu rêbut kwåså sadhengah dèntêrak murang tåtå lêpyå lamun iku agawe sangsårå tumåmå myang prå kawulå. Nyadhõng dukå hamung pangudåråså rasaning driyå kang dènråså sêjatining durbålå paite rujak pålå tan kinirå dadyå ngåmbrå-åmbrå. JM, esuk mruput, 25524            ✍ eNPe ️✍️           [^__^]  [^__^]

DHÊMÊN DIPÊRDI IKU SÊNÊNG MARANG KAWRUH

kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02xRCKN1BmWmJXQFGFeoAycbFXftDbXE1Ci4xcmDguZxmuYfmzTkUMRrZWKcJ43eJCl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz   Sing såpå dhêmên dipêrdi iku sênêng marang kawruh,    nanging sing såpå nampik pamêlèh iku bodho. Kirå-kirå têgêse mangkene,   Sing såpå sênêng marang kawicaksanan, kuwi sênêng dielikake samåså gawe kaluputan,   nanging wõng sing kurang budi ora sênêng karo pamêlèh, malah kêpårå wangkõt aliyas ngèyèl. sumbêr : Amsal 12:1 JM, lingsir wêngi, 24524         ✍️ eNPe ✍️        [^__^]  [^__^]

GONJANG-GANJING UKT

    kapacak ugi ing   https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02NjKLjbwiNijao2B2WzmHBNnVkdUACQSMeTebyoFE4uNEPT85UvrHZd2WXt5wFa3hl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Wragad mlebet kuliah (sinebat UKT -uang kuliah tunggal) ing pawiyatan inggil negeri (PTN) nembe dados gonjingan ing tengahing masarakat jalaran ngawrataken sanget. Mahasiswa ing maneka PTN samidene protes indhak-indhakan UKT ingkang inggil sanget. Mindhakipun wragad mlebet kuliah dumados awit wontenipun Kepmendikbudristek Nmr 2, 2024 ingkang njalari protesipun mahasiswa ing maneka PTN, kadosta Unsoed. UGM, ITB lss lss. Miturut pawarta ing TV contonipun ing Unsoed, UKT mahasiswa enggal 2024 Program Studi Keperawatan klas International UKT kang inggil piyambak ngancik angka Rp.52 yuta, mindhak kaping gangsal langkung saking saderengipun Rp.9 yuta-an. Sawetawis kathah masarakat mliginipun tiyang sepuh saha pamigatos pawiyatan ngajengaken punrembagipun malih bab UKT, nanging dumugi ing samang...

GUSTI ORA SARE

      kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02f1ezybriJvddhQyQxJbzvfwCe5sHNRKSjAvoG8jbLoXaKPY5Su3fy6ezQQcviYv6l&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz      Udin anak yatim piatu ditinggal bapa-biyunge wiwit cilik. Panguripane sarwa rekasa lan abot sanggane, urip sadalan-dalan kang dadi pilihane ora bisa diselaki. Nanging Udin ora tau ngresula lan pasrah ngono bae mring takdire. Deweke pracaya yen jroning pepeteng isih ana sumorote pangarep-arepan lan setetes embun kang gawe reseping ati... Gusti ora sare!, ora negakake titahe kang tuhu bekti mring Panjenengane. Pendhak dina, Udin nglumpukake barang-barang tilas turahan sing kira-kira isih bisa dialap ing tumpukan uwuh (sampah). Kanthi njlimet lan tliti dipilih-pilih nedya bisa diedol meneh. Senadyan pengasilane tipis ora sepiraa, Udin tansah muji sokur tumrap rejeki kang kaparingake dening Gusti Allah. Saben dhuwit kang dipikolehi iku minangka nugraha kanggo nguripi ped...

TISU dilironi AMPLAS

  balen kaunggah ing  https://www.facebook.com/100053518547586/posts/pfbid02UGq1fcQWcvUxHo3YjEa3ywzoBdtRLVGiXsen333dhy49UjW4KPSMh7pXWJMcHnBLl/?mibextid=Nif5oz Si Jon nembe bae ditampa nyambut gawe ing toko klonthong. Dina sepisanan olehe nyambut gawe, sing duwe toko nitipake tokone marga ana kapreluan.  Nalika mulih sing duwe toko takon menyang si Jon apa sing wus ditandangi ing dina iku. "Kalawau wonten ingkang dhateng pados sabun 'X' Pak. Nanging amargi kita boten sade sabun 'X', piyambake wangsul." Sing duwe toko, "Jon.., Jon.. Kudune nora ngono kuwi carane dodolan. Yen ana sing teka golek sabun "X", kowe kudune nawakake sabun cap 'Y",  'Z' utawa liyane. Dadine yen kita nora duwe barang sing ditakokake kowe bisa nawakake barang kang memper utawa sajinis." Esuke  dina candhake .... ana wong sing teka nggolek tisu , "Pangapunten, boten gadhah tisu, nanging kula gadhah kertas amplas", ujare si Jon. Hehehe... apa t...

ANTRI BERAS

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid06rZes1v6AhjDQggVdDq77uinRBcDXKQ9qtV5kuGzXDSDtn2qcJjGCFv6xyNwMUbBl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Kebutuhan urip sundhul langit pra kawula alit samya njejerit ngrasake uripe pait nganti mlayu mobat-mabit. Antri beras mulih ngindhit megal-megol bokong njedhit. Juragan beras sugih dhuwit emane cethil tur medhit. JM, lingsir-wetan, 15524             ✍️ eNPe ✍️            [^__^]  [^__^]

NGOWAHI CARANE MIKIR

   kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid025aBtXbquKWxy1PK1khZL5BiqhEazPxiFpKZE5DywxGfYR7rK3r4JaK8KXZWkCPacl&id=1684548218490975&mibextid=Nif5oz Owahana caramu mikir bakal maujud owah uga nasibmu! Pangucapmu nemtokake pepesthene lelakonmu (nasibmu) dudu nasibe wong sing kok ucapake! Ana murid pitakon marang gurune.. Murid : "Kenging punapa pak guru ing salebeting gesang punika nggadhahi kathah prakawis?" Guru : "Dudu urip kang kebak prakara nanging ya pikiranmu iku". "Kowe tansah duwe panduga kang ala mring apa lan sapa bae, iku sejatine kang ndadekake sumbering prakara." Murid :"Lho nyatanipun gesang kula kathah prakawis." Guru :"Ya iku amarga pikiranmu sing duweni prakara. Saben-saben kadadean ing urip iki asipat samadya (netral), ya jroning pikiranmu sing anganggep duweni prakara utawa kosokbaline." Murid :"Cethanipun kadospundi?" Guru :"Contone Udan iku mujudake prakara apa malah ga...

IBÅ AGUNG SIH KATRÊSNANE GUSTI

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0utjjnkC9DKLpZUwNbxAZojJEwMWJGUAcRoBsxT7RAFyYMDXfcbV1xJCB1JEtivbSl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Samyå dèn pigatèknå wit-witan ing pèrèng lan ngare, padunungane sato pêksi ngocèh lan kêkidungan rame. Manekå warnå iwak lêlangèn ing jêmbare samodrå,  samubarang kabèh ciptå-riptaning Allah Kang Må' Waseså. Ugå manungså riptane kang utåmå datan sawijiå kaêjarnå, kabèh rinêkså ing Astå-Nyå. Kasinungan bêrkah nugrahaning Allah Sang Hyang Wiseså, Sih-kadarman linubèran miturut Karså-Nyå. Wanci ratri kumêlap cahyå sasadårå lan kartikå, èsême sang bagaskårå sumunar wanci rahinå. Udan-panas lir gumanti pêndhak dinå, alam sajagad-rat Gusti kang akaryå. Pinujiå Dhuh Gusti Kang Måhå Kawåså, endahing Sih Katrêsnan Padukå, tansah umili nglubèri gêsang kawulå, ibå Agung Sih Katrêsnan Padukå. JM, gagat bangun, 9.5.24             ✍️ eNPe ✍️         ...

DHEMOKRASI 'DINASTI' POLITIK

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0NLhn8e6iXL9hudw9RGNfiX553tTxeARc4bsnT3GBMHHEUsp1WLzhkgjJagjf67Mel&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Panguwasa ngereh negara dening rakyat kang sinebut dhemokrasi samesthine direksa/dijaga lan diemi-emi/digemateni murih tetep lestari, emane dirampas dening para pamong politik (elite politik). Para pamong politik ora bisa diselaki isih dadi pambengan (watu sandhungan) tumraping madege dhemokrasi ing tataran dhaerah utawa nasional kadya apa kang dipepengini/disedya dening rakyat/kawula alit. Pamong politik isih dumadi ngawaki dadi panemtu perayaan dhemokrasi apa iku 'pemilu' apadene iku 'pilkada'. Saora-orane sajroning sawetara wulan iki dadi pathokan katetepan kapentingan pangwasane para pamong politik kang isih mengkoni/nangkringi dhemokrasi. Eloke maneh, ora sethithik pamong politik dhaerah ngrembaka dadi kekuwatan anyar lan dadi raja-raja cilik. Wewengkone palaksana pamarentahan ('eksek...

BOTEN WONTEN MANUNGSA KANG SAMPURNA!

  kapacak ugi ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02ttRB2pz8MMNV1uxXmsKDQT7RXi6VxsHADTTfsUFfnqJS4bGGbkKYpKWw6a3YHEV1l&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Sadaya kang katingalipun sarwa endah lan nengsemaken sinawang saking njawi, dereng temtu sejatosipun saking lebet kados makaten. Boten wonten manungsa kang sampurna! Bokbilih saderengipun kita saged mangertosi kawontenan kita, kita sayogya tansah atur puja astawa lan pamuji sokur konjuk mring Gusti Allah kang sampun andadosaken kita saged gesang kadya makaten datan nglirik lan melik mring gesangipun tiyang sanes, sageda tansah gesang narima lan prasaja. Bokmenawi nalika kita nyumurupi kawontenan sanyatanipun, kita nedya ndedonga nyuwun konjuk mring Gusti Allah sampuna ngantos nampi pacoban ingkang samidene dipunalami dening tiyang-tiyang sanes tuwin kita dongakaken mugya Gusti ngentasaken saha ngreksa tiyang sanes saking sadaya pambengan lan sekathahing reribet. Pramila sepisan malih boten prelu angga...

PITUTUR WULANGANE BAPAK

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02o6GVtYdd9f2WfksF9Vg3KQQZK2tgaUVTjTF1ZBijcvWykmTaHMrfTBV5hsDEAkFsl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz   Sore-sore Kimin jagongan karo Sukriyo kanca dhek cilikane mbiyen. Sakarone lagi gayeng ngobrol ngalor-ngidul nyandhing kopi lan nyamikan gedhang goreng.   Kimin sinambi nyruput kopi nyritakake nalika isih bocah tunggal saomah karo bapak-ibune, kang dadi anak ontang-antinge wong tuwane. Ujar wulangane bapake, pituture mangkene: “Atimu dimen/supaya netepi tembung-tembungku; pituturku aja kok lirwakake, temah kowe bakal urip kepenak; mbudidayaa supaya oleh kawicaksanan, marsudia supaya oleh pangreten, aja  nyingkur utawa ndleya saka kawicaksanan lan kawicaksanan kuwi tresnanana, mula kowe bakal digemateni uga." Pitakone Sukriyo, : "Piye iku katerangane Min, aku durung mudheng, mbok aku dijlentrehke pituture bapakmu iku piye genahe." Kimin unjal ambekan, njur celathu aweh wangsulan...

GOTONG ROYONG AMBANGUN PRAJA

    kapacak uga ing.  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0XcLodjBW1SxraL3BxMkG4hwGDfvca4u2n1CE1WG2sGCUM1P1L18d2scxcYorTaoYl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Saploke manungsa kejlungup tumindak dosa, dosa iku nggendeng/nggeret sapa bae nerak wewates kang wus dimangerteni yen kudune ora kena diterak. Allah wus netepake wewates tumraping manungsa kanggo paedahe bumi saisine paringane Gusti kanggo uriping manungsa iku. Ananging manungsa ngremehake lan nganggep entheng pepengete Gusti liwat maneka warna bebendu/reruntik kang wus katandukake Gusti lan tetep bae manungsa nerak wates kasebut. Dosa wus anggendeng manungsa nyimpang saka dalan kang bener. Nalika manungsa nerak wewates katetepane Gusti (dleya/nglirwakake saka angger-anggere Gusti), dheweke kablenggu pepenginane dhewe ora bisa ngowahi endi sing bener. Senadyan jroning ati pengin nglakoni kang becik, nanging tetep bae suwalike sing kedadean. Conto kang nyata lan dumadi ing ngendi-endi, krana kab...