KAPOTANGAN SAMBUTAN ANJALARI BENJOL
kapacak ugi ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid031k52xmGDHLrtuXDifMwPxsG7PaoKYvftzWD3aqoDjNzkYBaPfSWTumpDTfpb79QCl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc Kawuninga bilih ing jaman kang sarwa majeng ing dinten samangke kathah para warganing ratmaya sami lena mendhet seserepan ing kemajengan pawarta ingkang sliweran. Pawarta kang kalebet pinitados punapadene warta ingkang ngayawara kang kasebat 'hoak' /palsu. Ingkang badhe kula aturaken ing ngriki conto bab ramenipun pawarta kapotangan sambutan mliginipun lumantar 'pinjol.' kang njalari bendhol/benjol. 🤪🫠Menawi pun gagas estu adamel ngelus dhadha. Cobi ta kadospundi boten ngelus dhadha, wonten tetiyang ingkang gadhah sambutan/potangan dumugi 'MM-an' ngantos tega merjaya semahipun, sedherekipun utawi tiyang sepuhipun jalaran boten saged ngwangsulaken yatra ingkang punsambut. Kapireng ugi warta kadadosan ingkang dereng dangu kapengker, wonten tiyang ingkang badhe 'nyaleg' punjan...