TAWON
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2696775853934868&id=1684548218490975
Sapa sing ora kenal sing jenenge Tawon?
Ing Indonesia jinise tawon akeh banget, nanging sing kondhang disumurupi dening wong-wong tawon bisa kagolongake rong jinis yaiku Tawon Madu lan Tawon nDas (bs Jawa).
Tawon nDas tau gawe geger nalika ana kedadean ing sawetara panggonan ngentup wong nganti gawe lara tumeka patine.
Ananging racake tawon-tawon utamane tawon madu iku duweni sipat kang becik yaiku :
1. #sregep tandang gawe, sanyatane pancen tawon siji kanggo ngasilake madu sasendhok kudu luru +/_ 4200-an kembang. Bisa kita gambarake, kanggo nglumpukake 1 liter madu tawon kudu sregep banget mabur luru kembang klawan temen.
2. #setya, tawon-tawon banget olehe setya marang ratu-ne tawon. Sakumpulan tawon bakal ngetutake ratu-ne mabur nang ngendi bae lan mesthekake yen pemimpine sehat lan cukup aman seka serangan mungsuhe.
3. #gumolong tekade, senadyan akeh erine tanduran sing kudu diencloki lan uga kudu mabur adoh supaya bisa nemokake kembang kang kebak sarine kembang (nektar) sing bisa disedhot.
Ing sajroning urip kita minangka pribadi, kulawarga, anggota masarakat lan warga nagara kang becik, sipat-sipat tawon kaya mangkono iku mau becik bisa kita tuladhani.
#Sregep nyambut gawe kanggo kapentingane dhewe, kulawarga, masarakat lan bangsa iku kabeh prayoga diugemi, aja wegahan lan kesed mung njagakake mring wong liya.
#Setya mring pemimpin lan guyub kanggo anggayuh kapentingan bebarengan badan pakumpulan utawa kapentingan bangsa. Ora kok malah dadi memala jroning daging kang njalari rusaking apa kang sinedya kang wus disarujuki lan katetepake. Apa maneh nganti mbalela ada-ada mbujuki sagolongane gawe rerusuh.
#Gumolong pracaya mring panuntune Gusti anggone tumandang ngayahi darmaning urip pribadi, kulawarga, masarakat lan bangsa. Ora tansah mung ngersula, sinis tanpa nyata bisane amung nacad ora duwe sumbang sih kang wusanane ora pikoleh asil kanggo anggayuh mulyaning pasrawungan kang sinedya, luwih ala maneh gawe bubrahing tatanan urip ing masarakat.
Sumangga!
JM, bangun esuk, poncoting wulan mei20
dening eNPe
kajarwaake saka tulisane bp Soepardi Pawiro, ref. https://m.facebook.com/1503470400/posts/10223046731145716/?from_close_friend=1¬if_id=1590849291642520¬if_t=close_friend_activity&ref=notif

Komentar
Posting Komentar