OMBAKING PAGEBLUG BAKAL SIRNA
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2693170537628733&id=1684548218490975
Kita ora prayoga yen muring-muring nyipati wong-wong sing kudu metu omah saperlu nyambut gawe kanggo nyukupi kabutuhane.
Samono uga kita ya ora bisa meri mring wong-wong kang #nangomahwae NOW klawan kepenak.
Amarga upaya lan budidaya saben wong ing mangsa pageblug Covid-19 iki ora padha.
Ana sing nduweni rejeki kepara luwih kasebut sugih kang bisa urip ing jaman NOW #nangomahwae.
Nanging ora sethithik kanthi nunjang-palang rekasa nandhang kasusahan supaya bisa tetep urip nadyan kudu #nangomahwae.
Temtu kang bisa kita tandangi yaiku njaga dhiri pribadi dhewe-dhewe lan tansah ngugemi manganggo masker, ngombe vitamin, sregep wijik tangan lan njaga jarak karo wong liya (iki mengko kang kagadhang dadi '#urip_normal_anyar' )
AJA DADI HAKIM tumrap wong siji lan sijine.
Kita ana ing kahanan OMBAK kang PADHA, nanging ANA ING KAPAL kang BEDA.
Saben kapal diejarke wae golek dalan slamet saka ing ombak pageblug iki...
Ndedonga lan nyenyuwuna kang paling apik dhewe kanggone saben kapal tanpa ngluputake siji lan sijine...
Tetepa kuwat iman lan imun, semangat nglakoni urip iki...
Ombak pageblug iki yakin bakal sirna lan pracayaa dene Gusti Allah ana ing jroning kapal kita lan mandhegani ngenere kapal kita.
AJA MUTUNG & NGLOKRO! kudu TETEP SEMANGAT!
JM, sirep jalma, 26520
dening eNPe

Komentar
Posting Komentar