GARWAKU DARBEKE WANITA IDHAMAN LIYA ( pitutur kang endah)

kaunggah uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1Ao2r8rV9U/     

Isuk-isuk banget, sawijining ibu mudha jenenge Dhenok nggendhong anake nyangking tas gedhe nothok lawang daleme bapa biyunge.
Ing mripate katon mrenthul lan rada abang, ibune wus pirsa yen Dhenok mesthi bar regejegan karo bojone.

Nadyan biyunge gumun, sing padatane Dhenok nelpun karo nangis yen pinuju padu karo sisihane. Bapake Dhenok uga gumun, enggal nyedhaki Dhenok ngaruhake sabab musababe.

Dhenok wiwit nyritakake seka wiwitan anggone padu karo sisihane mau bengi.
Dhenok kuciwa banget dene sisihane wus ngapusi seprana seprene. Dhenok nemokake buku rekening garwane keri ing njero montore.
Dhenok lagi ngerti dene sisihane saben sasi tanggale ajeg tansah njupuk dhuwit. Semono uga Dhenok ngerti dhuwit sing katampa ajeg gunggunge.
Ing pikirane Dhenok, tegese sisihane wus setaun punjul ambage dhuwite, separo kanggo Dhenok separo kanggo liyane. Aja-aja ana Wanita Idhaman Liya misuwur karan WIL?? Kaya mangkono atine saya muntap, apa maneh ing kono iblis ngujuk-ujuki ngobong atine! wah blaik iki iblis rumangsa menang.

Bapake Dhenok unjal ambegan mireng crita mau, pasuryane sing wicak nora ngatonake kaget lan duka.
"Dhenok..!", ngendikane bapake,
"Sepisan, tekamu ing daleme bapa-biyungmu wus nglawan Dhawuhe Gusti, marga ninggalake omah tanpa idine bojomu."
Ngendikane bapak saknalika gawe kaget, Dhenok dadi bingung. Dhenok ngira yen bakal oleh jurung sarujukan saka bapake.

"Sing kapindho, bab dhuwit bojomu, kowe nora duwe hak mangerteni" "Hakmu ya amung dhuwit sing diwenehake bojomu. Iku bae kanggo kabutuhan bale omah"
"Dene yen kowe blanjakake dhuwit tanpa idi bojomu, nadyan ta kanggo sedhekah, iku nora prayoga ndhuk" bacut ngendikane bapak.

"Dhenok..., bojomu nelpun bapak lan matur yen sejatine saben sasine dhuwit iku pancen diwenehake wanita liya."
"Bojomu nora nyritakake marang kowe, amarga kowe sengit mring wanita iku wiwit biyen-biyene".
Kowe wus ngenal lan nyumurupi, lan kowe sawuse ningkah rumangsa yen kowe iku siji2ne wanita kang andarbeki bojomu."
"Bojomu nyuwun ngapura bapak marga dheweke amung ngupaya supaya nyingkuri regejegan karo kowe."
"Bapak pirsa marga bapak uga wus kenal watekmu", socane bapake wiwit kaca-kaca.

"Dhenok...,
kowe kudune mangerteni sawuse ningkah kang wajib kok bekteni iku ya bojomu"

"Lamun bojomu sumadhiya, Gusti Allah uga bakal ngeparengake.
Dene bojomu, wajibe ngabekti mring ibune kang wus nglairake. Ya kaya mangkono Gusti Allah ngatur supaya anak-anak utamane cah lanang kudu ngabekti marang ibune. Aja nganti kowe dadi pepalang bektine bojomu mring ibune".
"Bojomu lan bandhane iku kagungane ibune!"
Bapake ngendika karo muwun, eluhe sangsaya ndlewer nelesi pipine.
Banjur mbacutake ngendika,
"Ibu nglairake putrane kanthi rekasa lan kelaran, njur nggedheke nganti diwasa tumekane putrane lanang ningkah, kapasrahake klawan tulus mring wanita sing ditresnani."
"Sabanjure putra lanang mau bakal ewut mring panguripan anyare. Nyambut gawe kanggo kabutuhan kulawargane, ngayahi darmaning uripe kanggo sisihan lan putra-putrane."
"Bocah lanang iku amung nisihake wektune sethithik bae sesasi sepisan sowan ibune malah mbokmenawa mung setaun pisan."

"Kowe ndhuk, wiwit ngarepake ningkah wus nora seneng karo ibumu mara-sepuh.
Kenapa ndhuk?..
Amarga daleme cilik lan rupeg ya, nganti kowe rewel mring bojomu nora bisa ngaso ing kana. Anakmu ya nora betah ing kana. Dhenok anakku..., bapak mireng kaya mangkono sedhih lan nggrantes rasane ati"

"Kowe bae krasa nora betah manggon ing kana, kepriye coba ibumu mara-sepuh, bojomu sejatine nora negakake"
 "Dhuwite sing diaturke ibune sejatine bojomu nedya pingin yen bapake leren mider dodolan gorengan"
"Dhuwit saka bojomu dening ibumu mara-sepuh dipigunake saprelune bae, nisihake sethithik klawan ajeg kanggo ambage mring anak-anak yatim lan wong-wong kang mbutuhake ing kampunge."

Dhenok krungu ngendikane bapake mau dadi trenyuh lan wiwit ngrumangsani luput sarta keduwung banget.
Ing jroning ati kok aku tega-tegane ya dhuwit sing diwenehake sisihanku tansah rumangsa kurang. Amarga Dhenok butuh sandhangan akeh kanggo ngeterake sekolah anake, uga kanggo ngudi sarira menyang ing salon, mlancong menyang mal-mal, kumpul karo kanca-kancane ing restoran lsp lsp.

Iba Dhenok rumangsa dosa nora bekti mring mara-sepuhe kang amung tukang dodol gorengan
Ya nadyan bakul gorengan nanging kasil :
 * ndadekake sisihane sarjana
 * bisa pikoleh pagawean kang dadi pepenginane wong akeh
 * bisa madeg dhewe, nganti Dhenok manggon ing omah mapan kanthi kepenak lan montor sing bisa dianggo wira-wiri.

"Bapakkk..., Dhenok nyuwun pangapunten pak", karo nubruk ungkep-ungkep sampeane bapake.                                         
Biyunge sing kawit mau lenggah ing cedhake Dhenok enggal ngrangkul Dhenok karo mbisikake ing kupinge,
"nDhuk...., enggal balia nang ngomahmu!"
"Bojomu sejatine wong kang luhur bebudene!"
"Ewangana bojomu bekti mring wong tuwane, ewangana anggayuh mulyaning swarga, samono uga ngabektimu mring bojo bisa ngeterake kowe mring swarga"

Dhenok mung bisa manthuk karo sesenggukan ngempet tangise. Batine perih keduwung ngrasakake polahe.

Enggalan Dhenok mulih ngadhep garwane klawan tangis nyuwun pangapura awit saka lupute nduweni panduga sasuwene iki.

Ing liya dina, Dhenok ngiringi garwane silaturahmi sowan rama ibune ya mara-sepuhe iku.
Nyumurupi iku sisihane neteske eluhe lan nggatekake ing tangane Dhenok nyangking lenga goreng 4 liter kaatrurake ibune.
Tumetese eluh dudu amarga cacahe litere lenga goreng, nanging marga nyipati Dhenok kanthi seneng lan tulus eklas sowan marang mara-sepuhe.
Sajroning ati Dhenok janji bakal ngabekti marang garwane uga mara-sepuhe.
Kala-kala Dhenok ora kok ngajak garwane menyang mall nanging malah njaluk anjangsana ing daleme mara-sepuhe.

Kadya dhawuh pangandikane Gusti ing :
*Pangentasan 20:12
Sira ngajenana bapa-biyungira, supaya didawakna umurira ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira marang sira.
*Mateus 19:19
Sira ngajenana bapa-biyungira lan sira tresnaa marang sapepadhanira kayadene awakira dhewe.”

Sumangga! 🙏

JM, ndungkap surup, 09520
           dening eNPe

     kadudud saka tulisan ibu  Rosyinah Manaf
  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=10217062690306549&id=1446877598

Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊