NYINGKURI PADHEBATAN

     (Aja adu panemu utawa dhebat karo wong sing ora ngerti)

      kaunggah uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2688062204806233/

Kenapa bapakku biyen tansah mrayogaake supaya aku luwih becik nyingkuri padhebatan senadyan kita bener?

Kacarita ana kadadean mengkene,
Kenapa murid kang aweh wangsulan 3 x 7 = 21 kok malah kaukum pecut kaping 10 dening gurune ?

Alesane Sang Guru kang wicak nrenyuhake banget.
Sapa sejatine kang bener??

Coba ayo kita pigatekake,
Ana sawijine dwija (guru kang wicak) kang banget olehe diormati jalaran sareh lan wicaksana sarta jujur.

Sawijining dina....,
ana muride loro ngadhep guru mau.
Murid-murid mau lagi padha regejegan rebut bener nganti arep gelut... wah rame banget.
Prakaran anggone rebut bener bab asil etung-etungan 3 x 7.

Murid sing pinter duwe panemu asile 21, dene murid sing bodho kekeh ngeyel yen asile 27... wah seru ya padhebatane!

Murid sing bodho nantang murid sing pinter supaya gurune kang netepake sapa sing bener ing antarane cah loro mau.
Murid bodho sesumbar : "Yen aku sing bener 3 x 7 = 27, kowe kudu dipecut kaping 10 dening guru!" ngono karo mbengok...
... bacute maneh, "Dene yen kowe sing bener 3 x 7 = 21, aku saguh munggel sirahku iki... Haahaahaa... haahaahaa!!!" kaya mangkono tantangane si murid bodho umuk karo mbusungke dhadhane klawan mantep.                                             

"Pak guru, sinten ingkang leres, kula napa rencang kula niki?" pitakone si murid bodho.

Sang guru mendel sedhela sawuse mireng pitakone si murid bodho iku.....

kocapa.... wusanane sang guru netepake mecut kaping 10 marang si murid pinter sing asil jawabane 21.                                                           

Sanalika murid pinter protes ta ya!..,
Nanging gurune paring wangsulan :
“Ukuman iki dudu marga asile etunganmu, nanging ngretia le, marga kowe ora sareh lan wicak anggonmu dhebat karo wong bodho kang sejatine ora ngerti yen 3 x 7 = 21"

Sang guru dwija bacutke : "Luwih becik kowe dakpecut supya kowe bisa luwih sareh lan wicak tinimbang bapak kudu anyekseni nyawa siji ilang muspra kapunggel sirahe amarga kabodhoane!", ngendikane sang guru mantep.

#Tuladha kang bisa kapethik,

Singkurana padhebatan karo wong kang ora nguwasani bab lan kurang ngelmune, sabab lamun iman kita isih kurang santosa bisa njalari emosi muntap kanepson kita lan andadekake pepadon kang ora prelu.

Padhebatan tumraping bab kang ora prelu rebut ing panemu bener-orane amung ngentekake tenaga kurang piguna.

Ana wancine kita kudu meneng ora ngladeni kanggo nyingkuri utawa mungkasi kepara ngalah tumrap padhebatan kang ora prelu.

#Meneng ora ateges kalah, #menang uga ora ateges dhugdheng apamaneh menang karo wong sing ora mangerteni...
eling : "Ngalah dhuwur wekasane"                                 

Pamenang kang sejati yaiku wong kang bisa ngalahake nepsu menange dhewe.

Sejatine saben wong butuhake tinemu kahanan sarwa ana ing urip rahayu lan katentreman.., sadurunge rumaket atut runtut urip karo sapepadhane.
Prayoga tansah ngendhalenana nepsu dhiri pribadi supaya bisa urip sareh bebarengan.

Sumangga!

JM, wanci ngabuburit, 20520
            dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊