Postingan

Menampilkan postingan dari Desember, 2019

WARSA ENGGAL

kaunggah uga ing :   https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2559602450985543&id=1684548218490975 Wus dugeng wancinya kita nilar warsa lami, gya napaki panjangnya warsi enggal puniki, nadyan tan saged nujweng momotan myang kabegjan, wit sih rahmate Gusti kita samya basuki. Saben mangsa tinata manut ing lampahira, swau pepanggihan samangkya kita pisahan, nging tan sande tansah nyawiji nunggil ing Gusti, wit sih rahmating Gusti kita samya basuki. Kluhurna Hyang Makwasa kang langgeng kasetyannya, ing warsa enggal niki nggih mesthi tansah mberkahi, mung karaharjan sanyata ngiring lampah kita, mila tan kendhat memujia mbangun turut mring Gusti.   SUGENG MANGAYUBAGYA WARSA ENGGAL Cbn, poncoting warsa '19          dening eNPe

ECULNA MOMOTAN URIPMU

  kaunggah uga ing :  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2546951495583972&id=1684548218490975 Kuldi sawijining kewan klangenane juragan sugih kacemplung luwangan kang jero banget. Sang Juragan kangelan anggone nedya ngentasake metu kuldine, nganti nora preduli iba rekasane nyoba bala-bali. Saking judhege dheweke netepake ngurug lan ngubur bae urip-urip. Lemah wiwit kaurugake nang luwangan iku. Kuldi krasa kurugan lemah, njur ngegos-egosake awake supaya lemahe bisa jugrug ora nibani awake lan midak ing sadhuwure lemah sing wis jugrug mau. Mangkono sateruse lemah kaurugake, kuldi ngegosake awake, lemahe jugrug ngiwa nengen kuldi mlangkah maneh midak sadhuwure jugrugan lemah. Suwening suwe lemahe saya dhuwur sing bisa dipidak kuldi, si kuldi uga saya dhuwur midak lemah jroning luwangan iku. Ndungkap madya raina, kuldi iku bisa munggah metu saka luwangan, njur nggayemi mangan suket ing tegalan sacedhake kono. Para kadang sutresna PBJ, sawuse kita  ngegosake...

LELAKONE URIP

  kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2545925709019884&id=1684548218490975 Ana bocah lanang umur kira-kira 24 taun nunggang sepur karo bapake. Dheweke ngulatake manjaba banjur ujug-ujug mbengok, "Bapak, pirsani pak.., uwit-uwitan kae padha mlaku ya!" Bapake mesem, ananging ana sapasang nom-noman kang lungguh ing cedhake, ndelokake karo rasa melas mring saparipolahe cah lanang iku kok kaya bocah cilik. Keprungu maneh cah lanang iku bengok seru, "Bapak mega iku katon mlayu ngoyak kita!" Pasangan nom-noman iku nora bisa ngempet rasa risi njur clathu menyang bapake si bocah lanang iku., "Punapa panjenengan boten mbekta keng putra dhateng dhokter ahli jiwa?" Wong tuwa iku mesem, njur ujar, "Aku wus nggawa nang dokter, lan nembe mulih saka Rumah Sakit. Anakku wuta wiwit lair, dheweke lagi bisa oleh panjurung (dhonor) mripat lan dina iki lagi bisa ndeleng." Mak plenggong nom-noman iku kaget lan kisinan. Saben...

PANGRUMATING ALLAH

  kapacak uga ing :    https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2543318049280650&id=1684548218490975 Manungsa ing pedinane datan kendhat saka ing pakarti kang ajeg lan kadhang kala ndadekake bosen. Sapa bae kang umyek ing gawean kang kudu diayahi bisa gampang kamomotan lungkrah lan bosen. Nora bisa diselaki dene ana saperangan wong kang nora kuwat ngupaya nyingkuri tanggung jawab amarga bosen. Nora ana kaendahan kang bisa dirasakake. Rasa-rasane kabeh sarwa cemplang ngudaneni ing saben dinane. Sajrone ana ing Sih Karahayoning Gusti Allah kang tinampa, kita bakal pinaringan kekuwatan nglakoni samubarang saturut karo kersane Gusti. Apa bae kang kita adhepi sarwa kabeneran lan sarwa entheng sanggane. Krana iman kapracayan kita, samubarang kang kita adhepi nora bakal sumpek lan peteng ana ing pangrasaning nala. Awitdene Gusti datan ana sathithika ninggalake kita, ananging kita tansah ana ing pangrumating Gusti Allah. Rahayu kita dene tansah kasinungan Sih R...

MANGANGGO TOPI

  kapacak uga ing :    https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2539387986340323&id=1684548218490975 Ana wanodya papat diulemi ing sawijine pista. Kabeh nembe ngrembug topi kang arep dianggo. Wanodya sepisan, "Aku arep manganggo topi warnane soklat kadya warna rambute bojoku." Wanodya kapindho nyauti, "Aku tansah milih topi warna ireng laras karo warna rambute bojoku kang ireng njanges alami." Wanodya katelu nora gelem kalah, "Aku arep manganggo topi putih warnane, ya maklum bojoku wis mabluk uwane..." Giliran wanodya kaping papat, isih meneng bae.., sajake isih bingung.., rada gojag-gajeg wusanane urun rembug uga, "Heemm..., aku pilih ora nganggo topi ahh... " "Apa?!!..ora nganggo topi?", meh bebarengan telu-telune wanodya iku takon. Wangsulane wanodya kaping papat, "Iya..., ngapurane ya..., bojoku plonthos alias gundhul!" karo cengar cengir ndhingkluk. Hehehe... ing tengahing pasrawungan yen ana kang ...

BOCAH LUHUR BEBUDENE

  kaunggah uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2538957666383355/ Ana ibu-ibu isih enom lagi satengahe nyopir dumadakan sirahe ngelu sesisih (lagi ketaman migrain) nginggirake montore. Mandheg sedhela karo ngenteni sirahe ilang rasa nyut-nyut sinambi ngeningake pikir kanthi nyawang sakiwa tengene. Dumadakan kaca montore dithothok-thothok dening bocah lanang cilik kira-kira umur 11 taun. "Bu... ibu badhe parkir? Kula rencangi ngabani parkir montore nggih?", clathune bocah cilik iku. "Oh.. ora usah ya, aku arep ngaso sedhela!.", wangsulane si ibu mau. "Menawi ngaten punapa ibu kagungan yatra 2000 rupiah?", pitakone bocah cilik iku. Gandheng si ibu iku nora gelem diganggu maneh, si ibu iku enggalan menehi dhuwit rong ewu, karo mikir yen bocah cilik iku nedya njejaluk mawa ngemis. Banjur si ibu iku nyawang migatekake bocah cilik iku, katon bocah iku nyedhaki bakul gorengan tuku gorengan. Gorengane njur diwenehake bapak tuwa sing ...

TISU diganti AMPLAS

.. kaunggah uga ing :  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2536373096641812&id=1684548218490975 Si Jon nembe bae ditampa nyambut gawe ing toko klonthong. Dina sepisanan olehe nyambut gawe, sing duwe toko nitipake tokone marga ana kapreluan. Nalika mulih sing duwe toko takon menyang si Jon apa sing ditandangi ing dina iku. "Kalawau wonten ingkang dhateng pados sabun 'X' Pak. Nanging amargi kita boten sade sabun 'X', piyambake wangsul." Kang duwe toko, "Jon.., Jon.. Kudune nora ngono kuwi carane dodolan. Yen ana sing teka golek sabun "X", kowe kudune nawakake sabun cap 'Y",  'Z' utawa liyane. Dadine yen kita nora duwe barang sing ditakokake kowe bisa nawakake barang kang memper utawa sajinis." Esuke  dina candhake .... ana wong sing teka nggolek tisu , "Pangapunten, boten gadhah tisu, nanging kula gadhah kertas amplas", ujare si Jon. Hehehe... apa tumon !!?? JM, lingsir wetan, 101219       ...

PITUTURE PIYAYI SEPUH

   kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2535372993408489&id=1684548218490975 Ana piyayi kakung sepuh arep nunggang bis, nalika bapak sepuh mau mancad rolak bis, sepatune sesisih copot lan ceblok nang ndalan. Nora let suwe lawang bis ketutup lan bis enggal mlaku, nganti bapak sepuh iku nora bisa njupuk sepatune sing copot mau. Kanthi kalem bapak sepuh iku nyopot sepatune sing sesisih njur mbuwang metu liwat jendhela bis. Bocah kanoman kang lungguh cedhak bapak sepuh mau meruhi kadadean iku pitakon marang bapak sepuh iku. "Kenging punapa Bapak kok mbucal ugi sepatu ingkang sesisih?" Si bapak sepuh karo mesem mangsuli entheng, "Supaya sapa bae kang nemokake sepatuku bisa migunaake, iku sepatu isih anyar lan apik. Aja nganti sepatuku sesisih kelangan pasangane. Sepatu iku mujudake rewang sapasang kang elok dhewe!" Coba pigatekna : Wujude pasangane rak nora padha pleg nanging trep cocok. Nalika dianggo mlaku, obahe bisa beda kiwa...

PROFESOR PIKUN

 kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2534835680128887&id=1684548218490975 Profesor ing ngarep kelas : "Yen ing antarane kowe ana sing nora seneng karo kuliah iki, Metua kapan bae sakarepmu"  30 menit candhake, siji mbaka siji mahasiswa padha metu nganti amung kari siji kang isih lungguh ing bangku. Sawuse rampung, sang profesor celathu, "Matur nuwun kowe isih gelem ngrungokake kuliahku" Wangsulane sing isih keri iku, "Boten punapa-punapa pak, kula rak sopir bapak." "Dhasar profesor pikun!"..., gremengane si sopir... JM, madya ratri, 91219             eNPe kadudud saking : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=10220911506686439&id=1503470400

GUNG PAKARYANING GUSTI

 kaunggah uga ing : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2533672310245224&id=1684548218490975 Duk nyipati gung pakaryaning Gusti lintang abyor ing ratri kang sepi, gumleger gludhug kapyarsi ing akasa, kula ngungun gunging kamulyanta. Lamun siniram sumiliring samirana sesekaran dalasan woh-wohan. gandanira arum angambar-ambar ngunguning tyas anumusi bingar. JM, madya ratri, 81219             eNPe

ANGAKONI KALUPUTAN

  kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2533246086954513&id=1684548218490975 Salah siji tumindak kang nora gampang disingkuri yaiku kepriye bisa ngrumangsani kaluputane lan gêlêm angakoni kaluputane. Kamangka nêtêpake bisa ngakoni ing tumindak luput ya luput mring apa bae iku mujudake tumindak kang pinuji. Gêgandhèngan karo bab ngakoni/ngrumangsani kaluputan, kadidene ngadhêpi pilihan antarane liwat dalan loro, dalan sepisan sinêbut nyelaki, dalan kapindho sinêbut blaka/jujur. Dene milih dalan nyelaki kaluputane kanthi golèk-golèk alêsan, bisa-bisa njlomprongake awake dhewe, amarga kanthi nyelaki wong ngupaya nutup-nutupi bukti kaluputane mawa maneka warna cara, bisa goroh, gawe pitênah, mbêsêli malah tega mêmatèni. Dene milih dalan blaka/jujur apa anane nora kok bebas saka njalarine, nanging ya têtêp nampa njalarine, marga sacara ukum ora bisa diselaki, mung bae bisa olèh pangaksama utawa nyuda paukumane. Kaprayogaake bisoa ngrumangsani ...

SACANGKIR KOPI

 kaunggah uga ing :   https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2532580210354434/ Sajrone acara pul kumpul, saperangan para wetonan pawiyatan sowan nemoni bapak gurune. Swasana gayeng kae padha nyritaake uripe kang sarwa moncer ya ing pagawean ya urip pribadine. Ana sing dadi direktur BUMN, ana sing dadi direktur Bank, juragan sugih, dokter, arsitek, konsultan lsp. Mirsani para muride mau bapak guru enggal tindak menyang pawon saprelu mundhut sateko kopi panas lan saperangan cangkir sing beda-beda wujude, ana sing seka kristal, beling, keramik, melamin lan plastik. "Wis.., wis... ngobrole kandheg dhisik. Iki bapak wus nyawisake kopi kanggo kowe kabeh", ngendikane bapak guru. Meh bebarengan, para murid rebutan milih cangkir kang apik dhewe sing bisa kacandhak. Wusana ing meja ana sing keri siji yaiku cangkir plastik elek dhewe wujude. Sabanjure, sawuse kabeh padha nggujengi cangkir dhewe-dhewe, bapak guru wiwit ngecurake kopi panas saka teko sing wus kacawi...

PANGLUWAR SEJATI

   kaunggah ing uga fb : https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2530965347182587/ Pangluwar kang sejati, myarsakna pasambat kula. Gusti mugi ngresiki manah kula sadaya. Gusti mugi rah Paduka nucekken manah kawula Temah suci saestu tuwin sirna najis ing kalbu. Suci sestu, suci sestu, saking berkahing Gusti sinung yekti saestu. JM, madya raina, 51219              eNPe