TUMAPAKE PAPRENTAHAN
kapacak uga ing : https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2323618184583972/
Tumapake sawijining paprentahan bisa lumaku lamun sinengkuyung dening para warganing nagara iku dhewe. Mokal dene pandhegane nagara hamung dhewekan bisa ngayahi samubarang tugas-tugas kaprajane lan bisa lumaku kanthi becik lan rancag kabeh apa kang dadi sedyane.
Ya wiwit saka panguwasane nagara ya pandheganing praja tekan ing kawulaning praja nora bisa diselaki kabeh kudu cancut taliwanda gotong royong anyengkuyung bebarengan kanggo mulyaning nagara.
Kepriye nagara bisa maju lamun para wargane ya para pamengku praja ya para panguwasa sing kajibah dadi wakile rakyat, para panegak ukum uga kabeh kawula alit padha regejegan belani jagone kanggo ngisi pangrehing nagara?
Eling para kadangku tunggal bangsa yen kahanan kaya mangkono di terus2ake bisa andadekake nagara kurang waspada gampang digoyang dening kakuwatan- kakuwatan kang duweni kapentingan pribadi /golongan klebu kekuwatan manca.
Ayo kita padha nyawiji tunggal karep nyengkuyung apa kang wus dileksanani dening pangrehing praja awujud pembangunan ing sawernane babagan, aja mung nacad lan maido bae, luwih becik aweh sumbang sih pamikiran kang migunani.
Lamun ana kakurangane ayo padha aweh rembug kang piguna tumrap gegayuhan tumuju ing kamakmuran lan karahayon bebarengan kanggo kapreluane masyarakat iku dhewe.
STOP regejegan, STOP padudon, STOP uring-uringan, nyebar pitenah lan samubarang kang ora becik kanggo urip bebrayaning praja.
Ayo kita gayuh apa kang wus kaesthi sarta tinulis ing UUD'45 yaiku "Masarakat Adhil lan Makmur" sarta "NKRI Harga Mati".
JM, sande kala, 23319
dening eNPe

Komentar
Posting Komentar