TUMUJU CAHYA
kaunggah uga ing : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2282765305335927&id=1684548218490975
Mandhegani sawijining wewengkon praja ora kok amung bisa golek aleme utawa sinuba-suba masarakat sajroning lima utawa sepuluh taun mangarep. Ananging kepriye bisa ngenerake rakyat ing dalan tumuju kang luwih becik. Arepa kanggo ngranggeh gegayuhan mau kita kudu bebarengan guyub kanthi rekasa ngombe pait getire pangupaya mau.
CAHYA bakal sumunar sawuse kawiyak pepeteng pedhuting mendhung.
Mandhegani praja ora ateges kepriye supaya bisa MISUWUR, ananging kepriye carane bisa nedya anggayuh kahanan kang kaesthi luwih becik/rahayu ing tembene.
Pambangunan ora tansah lan mesthi sarwa manis/kepenak, lumakune mbutuhake pangurbanan kang ora sethithik kepara pait rasane.
Ananging, kabeh iku kaprelokake tumrap mujudake CAHYA kang nyumunari ing tembene.
Tumapaking dawaning dalan tumuju CAHYA.
Aku ora ngandhakake lamun Indonesia ana ing palimengan. Nanging sejatine CAHYA bisa luwih akeh nyumunari nagari iki.
Akeh bab-bab kang ala diejarake bae. Akeh sumber-sumber kaskayan kang durung kagarap. Sajroning sawetara wektu kepungkur kita durung wani lan ora pracaya yen sejatine CAHYA iku wus ana.
Dadi pemimpin ora bisa ngayahi dhewe amung karo andhahane bae. Dheweke kudu bisa nularake kakuwatan becik tumraping rakyat supaya bisa nyumurupi dene kabeh lagi tumuju mring kamajuaning bangsa kang ngeramake.
Nagari iki mesthi bisa karumuntuhan CAHYA nalika pepeteng pedhuting mendhung bisa kawiyak!
Lan kita nembe lumaku ing kahanan iku, tumuju Indonesia kang luwih becik.
Resepi masalah, rampungake masalah, iku rancangan kang kaesthi.
Aku yakin, saruwet-ruwete prakara bisa diudhari, mesthine yen ana pangupaya nedya ngudhari.
Kita bangsa kang luhung, kita mesthi bisa mujudake gagayuhan owah-owahan kang luwih becik.
Kenapa kudu 'infrastruktur'?
Ing nagara ngendi bae nindakake iku kanggo nggenjot kamajuan ekonomine. Ambangun dalan, kreteg lan bendungan sarta sarana liyane iku mujudake sarat dhasar kamajuane bangsa. Kenapa kita wedi ambangun lan ngedohi rerenggan ragad? Kita ora rumangsa yen kita saya keri adoh katandhing nagara-nagara liya.
JM, esuk mendhung, 19119
dening eNPe
( kadudud & kajarwaake saka buku Menuju Cahaya seratan Alberthiene Endah )

Komentar
Posting Komentar