PANGANGEN ESUK
Kapacak uga ing : https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2323231734622617/
Aywa iren lan drengki mring asil gegayuhane wong liya,
amarga sliramu nora nyumurupi sepira gedhene wong iku wus ngurbanake kanggo methik gegayuhan mau.
Luwih becik lan mulya lamun sliramu nyinaonana kepriye bisa pikoleh gegayuhan iku,
klawan dedonga muga Pangeran Kang Murbeng Gesang paring idi lan dalan sarwa lancar kang sinedya.
Rahayu manungsa kang tansah sumendhe mring kwasaning Gusti lembah manah ing ati,
nora gampang kegilut mring osiking ati kang peteng.
Nulada lan ajenana mring liyan tumindaka tansah ing kaluhuran bebudenira,
temahan uripmu kebak ing berkah lan njalari lumantare berkah mring sapepadha.
Gusti amberkahi.... Aminn amin
JM, gagat esuk, 23319
dening eNPe

Komentar
Posting Komentar