PITUTUR WICAK

  kapacak uga ing :
https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2311029985842792&id=1684548218490975 

Akeh wong kang senengane lan pinter banget aweh biji wong liya, nanging emane.., banget olehe bodho mbiji awake dhewe.

Lamun ora seneng ya aja gawe serik.
Lamun ora ngerti ya aja memada.
Lamun ora duweni ya aja melik.
Lamun ora weruh ya aja keminter.
Lamun ora bisa rerewang ya aja ngrusuhi.
Lamun ora kuwat ya aja meksa.

Ayo padha duweni panduga becik supaya ora cupet ing pikir. Bacutake duwe panduga kang becik temahan bisa oncat saka rusaking pikir, drengki, irenan, sengit, nacad... lsp lsp.

Yen kita nyumurupi kekurangane wong aja ngandhakake marang wong-wong liyane, luwih becik lan prayoga dikandhakake marang wong iku supaya ora gawe wirang. Amarga kang bisa ngowahi ya wong iku dudu wong liya.

Sumangga !

JM, esuk kekes, 3219
  rinakit dening eNPe3

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU