Postingan

Menampilkan postingan dari April, 2025

MUNGKURING RATRI

    kapacak ugå ing  https://www.facebook.com/share/p/1DsWFpMCCZ/ Sumõrõting kaêmasan sang suryå, sumringah bingar minångkå salam pambagyå mungkuring ratri gumantyå esuk agawe alam kêbak cahyå gumêbyar. Sawêngi jiwå-ragaku ngaso ing tilamrum, samêngko tangi klawan muji sokur nyawang langit sumringah padhang jingglang. Plêthèking sang radityå pratandha gumliwange lêmbaran dinå anyar. Prå umating Pangèran anambut gumbirå sumêdyå ngayahi darmaning agêsang. Salam têntrêm rahayu katur pårå sanggyaning kadang sutrêsnå båså Jåwå gêgladhèn ing karyå sowang-sowang. Klawan panyuwun mugyå Gusti Kang Murbèng Gêsang sinung nugråhå mring kitå samyå umat kinasihe.... Aaa_aamin A__aamin 🙏🙏 JM, ndungkap esuk, 30425             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^] [^__^] 

TÊTÊMBUNGAN WULANG BÊBASAN

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1Cgm7NmezA/ Têmbunge wong iku kåyå banyu kang jêro ora gampang dinugå, nanging sumbêr kawicaksanan iku kåyå kali kang mili ngrêsêpake. Têmbunge wõng mitênah iku kåyå panganan kang sarwå enak, kang lumêbu ing sajroning ati, gampang mencutake, milutake. Lumuhur-luhur wiwitaning karusakan, nanging kõsõk balène andhap-asõr iku margane kajèn-kèringan. Atine wõng pintêr mikolèhake kawasisan, lan kupinge wong wicaksånå ngupåyå kapintêran. Wõng miskin cêlathune mêmêlas, nanging wõng sugih sõngõl wangsulane margå kêsrakahane. Ånå kåncå kang marakake sangsårå, nanging ugå ånå mitrå kang rumakête ngluwihi sadulur kaaran sinåråwèdi. (kadudud : Wul 18 : 4, 8, 12, 15, 23, 24) JM, ndungkap esuk, 27425             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^] [^__^] 

PASADULURAN / PASADHEREKAN

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/169utQhhrY/ Tembung 'pasaduluran' asalipun saking tembung lingga sadulur, sedulur (saudara, bs.Ind) kawuwuhan ater-ater (awalan) 'pa' lan panambang (akhiran) 'an'. Tembung pasaduluran / paseduluran/pasadherekan nggadhahi teges kang jembar/rowa, boten namung nelakaken bab sesrawungan sanak nunggal turun, tedhak turun / trah (bapa biyung, simbah, mbah canggah lsp), ananging nggadhahi teges nggambaraken sesrawungan kang dumadi saking raos tetalen batin, kadosta antawis kanca, mitra kadang sapawiyatan, sapadamelan, sakampung asal lan sanes-sanesipun. Padatan pakempalan ing antawisipun gegolongan kasebat wau kangge nglestantunake rumaketing sesrawungan lan silaturahmi ing antawisipun para kadang utawi mitra kasebat lajeng punreka satunggaling pasadherekan/pasaduluran kang kasebat pakempalan, paguyuban. Racakipun pakempalan pasadherekan/pasaduluran kasebat nggadhahi tujuan kang sae/becik, maedahi kangge para panyen...

KITA KABEH SADULUR SAPANUNGGALAN

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/16JZ7b53hF/ Ing jaman sarwa digital iki kang kebak rebut unggul, manungsa kadereng ngagul-agulake kasantosane, kamulyane lan kapinterane iya sipat adigang, adigung lan aduguna. Tetiyang kang ADIGANG mung nyebar panandhang. Wateknya sami tegel, nindhes mring sanes tiyang. Tetiyang kang ADIGUNG mung nandur sangsara. Remen umuk, gumunggung, ngina mring pepadha. Tetiyang ADIGUNA mung ndhedher cilaka, nganggep Allah tan ana, sabdaNya mung nglaha. Akeh para kanoman kang anane srawung mung karo pakumpulane dhewe, lan nganggep pakumpulane liyan minangka kongkirene, lawan jor-jorane ngarah dumadine kroyokan, kerengan perang tandhing lan cecongkrahan. Ayo kita rubuhake tembok-tembok pamisah ing pasrawungan kita. Aja padha rebut rumangsa dhuwur kalungguhane ing antarane siji lan sijine. Ing ngarsane Gusti kita kabeh iku nunggal sadulur ya nunggal kadang sadrajad minangka umat abdine Gusti. Eling marang sesorah,  "Rukun agawe...

KASANGSARAN KANG NYLAMETAKE

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1AALoAjYu6/ Berkahing Gusti kababar lan katetepake tumraping umat abdi-Ne kang setya tuhu ngestokake dhawuh karsa-Ne lan angasihi Panjenengane. Nanging, nalika umat-E mbalela ora setya, bebendu bakal kang tinampa. Bebendune Gusti Allah kang ngampiri bisa awujud lelara, lemah kasatan garing utawa kabenan, pageblug, angin lesus lan prahara-prahara liyane. Kasangsaran kang luwih gedhe bakal tumanduk maring praumat abdi-Ne yen nganti terus nglirwakake dhawuhe Gusti lan ora nedya mratobat. Gusti Allah bakal musnakake kasantosane, umuk gumunggunge, wangkot atine lan apa bae kang dadi agul-agule manungsa dadi blasar sakarepe dhewe ngliwar saka dalan kabenerane Gusti. Kasangsaran, kasekengan pancen bisa andadekake salah siji carane Gusti nibakake paukuman tumraping dosa-dosa kita manungsa umat-E Gusti. Mulane iku rikala kita ana ing sajroning kasangsaran, sumangga kita tumungkul kanthi meneping nala ngresepi uriping kita nyuwu...

S.I.M.B.O.K (pêpiridan têmbung)

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/15Wzc1nc6z/ Pêpiridan klawan ngurutake pangêrtène têmbung krana direka-reka têgêse, S. abar tulus jujur lan tawakal. I. ng sarinå sawênginé, tansah M. ulat sarirå. B. åndhå sêpålå O. ra naté ngrêsulå. K. kêtêkuk ringkêl niaté ibadah kanggo anak. S. êpi ing pamrih såkå kaprêluan pribadi. I. stiqomah marang kêyakinané M. bõtên ngrèmèhakên nanging tansah ngrêmênakên B. ênci lan pandugå ora bêcik kudu disingkirké, wigah-wigih kudu ditinggalké O. ra Asal Õmõng nanging Ômõn-õmõn Asal K. åyå mangkono pituturé Simbõk. S. inamun sinamudånå  I. ng ngarså sung tulådhå M. bangun karså ånå ing madyå, tutwuri handayani. B. êbarêngan njågå anggoné pådhå bêbrayan O. ra béda-bédakaké K. aro sapådhå pådhå. S. holih lan sholihah dadi kudangan tumraping anak I. ng pangajap biså migunani tumrap Bångså lan Agåmå M. ikul dhuwur mêndhêm jêro asmanê wõng tuwå B. ênêr lan Pênêr. O. ra salah anggõné milih margi,  K. åncå lan kanthi....

ENJANG PADHANG JINGGLANG

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/194nuZm9Jn/ Enjang padhang jingglang kawulå marêk sowan Padukå nêdyå ngrêpèkakên kidung pêpujan  riptå agung Padukå ing kamulyan. Mendah elõk kuwaõs Padukå datanpå tandhingnyå Akåså, arcåpådå kariptå astå Padukå twin samudåyå saisinyå. Puspå endah ing lêmbah ijo royo kêbun lan sawah gung liwang liwung wånåwåså riptå agung aståNyå. Sasådårå, arcåpådå, kartikå akåså, bantålå såhå samodrå Gusti angriptå jagad råyå kamulyaknå asmåNyå. JM, ndungkap esuk, 9425             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^] [^__^] 

SRI SULTAN HAMENGKUBUWONO IX gawe SEMAPUT Simbok Bakul Beras

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1AAgATgXsX/ Sawijining wektu Sri Sultan HB IX esuk-esuk kondur saka Kaliurang nyopiri piyambak montore Jeep. Tekan ing tlatah Pakem, Sleman, Panjenengane di stop dening wanita tuwa bakul beras. Sri Sultan tumuli ngendhegake montore, klayan ngaruh-aruhi sopan : "Enten napa mbok..?" "Tulung mas, angkatke beras niki kula ajeng teng Yogja", ujare simbok bakul beras sajak akrab kae. Karo mesem lan gita-gita Sri Sultan mandhap saka montore lan ngangkat beras iku piyambakan ing njero montore. Simbok bakul beras tanpa dimanggakake mbukak lawang cedhak sopiran nuli lungguh jejere sopir kaya adad saben dheweke yen nyetop sopir-sopir angkutan liyane. Ing saurute dalan, simbok crita mrana-mrene sinambi mamah mbako-susur disambut kanthi akrab dening Sri Sultan. Ora krasa montor sing disopiri Sang Nata iki tekan ing ngarep pasar Beringhardjo, Yogyakarta. Simbok (isih durung dhong!?) enggal-enggal njaluk tulung ngudhunke beras...

MASPADAKAKE DALEM KEPRABON IKI, ing Bakdan '2024

Gambar
    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1ECHG1sJvZ/ *Maspadakake omah iki* (sabanjure sinebut *dalem keprabon*), ngengrengane kaecap ing kaos seragam MS 2024, nadyan wus cukup umure nanging isih katon kukuh, gagah pidegsa minangka *dalem keprabon* anyekseni mendah elok pamerdi, panggulawenthah lan pangudidaya Bapak-Ibu Mardi Soehardja angentasake putra-putrine napaki mapag dalan kang kebak ing pengarepan. *Maspadakake dalem keprabon iki*, rasane ora bisa selak ngungkurake, tansah nedya pengin lebur nyawiji angresepi angeting rasa, saben mangsa kang tinancep ing nala dalah angreka-daya rancangan ing tembene kang luwih gyak gawe bingar bebarengan. *Maspadakake dalem keprabon iki*, tansah ana bae ora kanyana kang nyenengake ing pendhak kadadeane, mijil dumadine tambahing rasa bagya minangka panyampurna kayata ujug-ujug tanpa sraba-sraba jumedhul rawuh, ewasamono uga ana kang ora bisa rawuh jalaran kahanan kang ora bisa denselaki. *Maspadakake dalem keprabon iki...