Postingan

Menampilkan postingan dari Oktober, 2024

PASAMUAN GUYUB RUKUN

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/2xpWuk1myU8c5kxT/?mibextid=oFDknk Pasamuan guyub rukun, kukuh lan têtêpå lumaku sampurnaknå pasêduluran ånå ing Gustimu. Bêbarêngan pådhå sigrak, kukuh ing iman rukun têntrêm klawan sih katrêsnan. Paguyuban pasêduluran, kukuh lan klawan tinalêsan yèku Gustimu twin manunggal ing iman. Sujud manungku ing ayunan Gustimu kang kaèsthi jroning driyå bakal tinêmu. Twin kang sinêdyå badhe sinung nugråhå kang ndikå pêlêng lan srêgêp makaryå. Yogyå tumungkul atimu mring Sang Hyang Wiseså samyå sukå-sokur anut ing sabdå Nyå. Rahayu... Gusti ambêrkahi.. Amin Aminn 🙏🙏 JM, lingsir wêngi, 281024             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️            [^__^]  [^__^]

LUWIH BECIK PEMIMPIN KANG BENER TiNIMBANG KANG PINTER NING ORA PENER

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1gfoQmSNoZHHnzvk/?mibextid=oFDknk Kaadilan Allah iku mujudake panglipure tumrap wong-wong bener. Dene pengadilane manungsa ing donya iki, kita bisa nyumurupi yen rasa ora adil isih kerep kadadean. Ana bae tumindak ala, nyia-nyia (pelecehan), ora timbang karo bab-bab panguripan bebrayan, pameresan lan pamblithukan utawa pangapus-apusan sarta kadurakan liyane. Wong-wong saleh malah dadi kurban pepoyokan lan paukuman. Ana bae penegak hukum (hakim, sing jare ' wakil Tuhan ') sing tumindak aeng-aeng gawe pepancasan sawenang-wenang mung marga sipat srakah nampa besel 'gratifikasi'. Byuh-byuh sing gawe gemes bisa-bisane padha-padha panegak hukum (hakim & pengacara) dadi ' mafia hukum ' sekongkel, sekuthon sarujukan padhadene gok-sinogok aweh-tampa beselan nganti ketangkep tangan dening Jaksa Agung. Eee lha piye jal..., nalika disorot kuli tinta kok malah cengengesan sajak ngece, wis samesthine yen para mafia huk...

KENANGAN TEMPO DOELOE (panganusmarana jaman kawuri)

Gambar
  kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/vm37rwoWtUbopvmb/?mibextid=oFDknk   Bokbilih kita taksih kemutan jamu kondhang ingkang nami Nyonya Meneer saking Ungaran kab. Semarang madeg wiwit warsa 1919.    Nyonya Meneer, nami aslinipun Lauw Ping Nio, lair ing taun 1895 ing Sidoarjo, Jawi Wetan. Piyambakipun wanita wirausaha jejuluk lan kondhang minangka purahsara (pelopor,bs.Ind) prayasa, pangudi-karya (industri) jamu ing Indonesia. Meneer kapendhet saking tembung "menir" arupi pecahan uwos alus alit-alit saking nutu uwos. Salajengipun saking basa Walandi wekdal samanten menir ewah dados "Meneer" dumadining nami run-tumurun (legendaris, bs.Ind) dumugi samangke puniki.   Sasampunipun ningkah kalihan Ong Bian Wan, Nyonya Meneer jengkar dhateng Semarang. Salebeting jaman panjajahan Walandi ing taun 1900-an, semahipun nandhang sakit awrat, sawerni-wernining upados jejampi boten ngasilaken. Salebeting putus asa, bunek pikir (katelasan pangajeng-ajeng), N...

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

  kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/itD6xxVSXCPFr2Jf/?mibextid=oFDknk    - nawala tinarbuka lan nitip pesen katur para pemimpin- Pangajeng-ajenging masarakat wong cilik kagem sinten kemawon kang bakal nampi panetepan lan pangukuhan dados jejering pemimpin, menteri, pamong praja lan pandhegane pamarentahan sanesipun. Salam rahayu 🙏 Demi karsaning Gusti, samya nuhoni lan mbangun turuta dhateng sedhengah tata pamarentahan ingkang adhedhasar paugeran, undhang-undhang kang lumampah lan kaanut. - Maring pamong dalah sadaya ingkang sampun kapiji dados pandheganing pamarentahan, dadosa kang ngasta panguwaos kanthi wasis wicaksana ngayahi darmaning negari tumuju kamakmuraning bangsa. - Maring para gubernur, bupati walikota dalah para pamong praja, dadosa kang anggadhahi kuwaos netepi ngadili tetiyang kang samya anglampahi piawon, lan ngajenana tetiyang kang adamel kabecikan, sumimpanga saking pilih asih! - Samya gesanga kadya tiyang mardika, nanging sampun ng...

RUKUN AGAWE SANTOSÅ

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/rQPMMxcgDzhdTrYB/?mibextid=oFDknk Rukun agawe santoså, sayuk rukun bêbarêngan mbangun pråjå. Rukun agawe santoså, gõtõng rõyõng ing bêbrayan sabên dinå. Rukun agawe santoså, kakung putri, wrêdhå mudhå datan bedå. Rukun agawe santoså, kasunyatan anèng donyå warnå-warnå. Ajå adigang, adigung, adigunå! Dumèh darbe pangkat, drajad, lan kapintêran. Kabèh iku bêcik pådhå dipigunaknå, kanggo muji kaluhurane Gusti ing bêbrayan. Rukun agawe santoså,  Bhineka Tunggal Ika iku wujudnå! Payo pådhå asêsantyå: Rukun agawe santoså. Rukun agawe santoså,  crah agawe bubrah wõhirå; ngèstõknå sabdèng Gusti, trêsnå sêsami. Nadyan panêmu bedå, nging tan samyå sulåyå; olah kawicaksanan, tan nang-mênangan ing ngalågå. kapêthik : kpj 368 & 357: 3 JM, lingsir wêngi, 191024             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^]  [^__^] 

KEJAHATAN KERAH PUTIH

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/aXaRWoARYG8kJK4b/?mibextid=oFDknk Tembung 'Kejahatan Kerah Putih', mujudaken pangecapan nami kangge nelakaken/gambaraken jinis tumindak durlaksana (kadurlaksanan) babagan 'ekonomi lan keuangan' kang punlampahi dening tetiyang punggawa ing salebeting kantoran, bebadan usaha kang nggadhahi pangkat inggil lan wenang nemtokaken kaputusan. Sebatan 'kerah putih' punecap awit kang anglampahi tumindak kadurlaksanan wau asring panganggenipun rasukan resmi klambi pethak mawi gulonan (kerah) lan dhasi. Kejahatan Kerah Putih asringipun kadadosan kangge pikantuk manpangat arta tuwin pangkat kalenggahan sacara boten sah kanthi ngakali tatanan 'ekonomi lan keuangan'.  Contonipun tumindak durlaksana antawisipun pamblithukan, korupsi, nylinthutaken asal usuling arta (pencucian uang), dol-tinuku saham, malsokaken pasar, malsokaken dokumen aji lan tindakan keuangan sanesipun ing tatanan dedagangan (bisnis). Bedanipun ka...

KACANG MÅNGSÅ NINGGALÅ LANJARAN

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/gaaaVK8sPbxGMom3/?mibextid=oFDknk Lakuning jaman panguripan ing satengahing bebrayan masarakat sabangsa sanegari tuwin sajagad, ora bisa dènselaki kadyadene obahing cakra panggilingan. Saka ing mangsa trang dugeng mangsa sirep, mangsa panas tumeka ing mangsa adhem, jaman Mataram nganti jaman 'milenial' kahanane sarwa owah gingsir anut lakuning kamajuan jaman. Pemimpin kulawarga (bapa-biyung, wong tuwa), pamong tlatah pamarentahan (lurah, bupati, walikota, gubernur lan presiden) punapadene pimpinan politik, kabeh duweni tugas ayahane dhewe-dhewe. Wus samesthine dadi panutan dening andhahane kang tansah sinawang lan sinorot solah bawane anggone nggawa lakuning palwa kauripan. Anut ngandikane pårå wasis :   " Kacang mångså ninggalå lanjaran, yèn kang aran salokå. Lanjaran mono dadyå rambatan, si kacang mrono mrambatnyå. Wêrdinyå pêmimpin lan wõng tuwå, dèn samnyå asung tulådhå."   "Lamun pêmimpin angumbar napsu,...

TRÊSNÅ MRING SÊSAMI

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/5Mj3FESybnuaNWz3/?mibextid=oFDknk Trêsnå mring sêsami kang trusing manah, wit salir sêsami citrèng Allah; yeku wujudirå trêsnå mring nêgari, nglabuhi mring bångså, mrih lêstari. Trêsnå mring sêsami tan mawang tiyang; nulad sihing Gusti murbèng gêsang. Ngudi dhemokrasi klayan trusing ati, bedaning asanès dènaõsi. Trêsnå mring sêsami tumindak nyåtå, mrih trêsnaning Gusti tumrah wråtå. Hak asasi manungså binabar yêkti, adil miwah bêbênêr dènbelani. kadudut KPJ 370:1-3 JM, madya ratri, 121024             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^]  [^__^] 

CATUR-CINATUR SÊSÊNGITAN kaprihatõsan

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/EpnCSGipJLYrKzNA/ Sangyå pårå kadang srasèhan båså Jawi, salam têntrêm rahayu mugi kajiwå lan kasarirå tumêdhak mring kitå, panjênêngan lan kulå samyå. Bõkbilih mênawi kitå mirsani ombyak-umyêking kawõntênan ing têngahing bêbrayan masarakat kitå ingkang sliwêran ing jagat måyå medsos punåpådene ugi ing giyaran layar kåcå, kathah pårå gêgõlõnganing têtiyang ingkang tumindak singlar saking tatanan pagêsangan masarakat. Bõtên sakêdhik malah kêpårå kathah samidene catur-cinatur awõn, sêsêngitan dhatêng ngasanès, nacad sartå ngadili sasåmå, pamangku kwåså inggih pamõng lan pandheganing nagari. Sõk sintênå ingkang rêmên nyatur awõning ngasanès utawi ngadili ngasanès ingkang punumbar ing medsos punikå sêjatõsipun nêrak lan ngadili paugêran (undhang-undhang) kang lumampah lan punanut. Salah satunggaling kang punanut ing tatanan nagari inggih punikå Undang-undang Informasi & Tehnologi Elektronik. Pårå kadang kinasih, sintên k...

GESANG SATUNGGALNG PILIHAN

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/v3SSub2vbJankvzq/ Ing pendhak dinten asring kawontenan gesanging manungsa punajengaken ing maneka pilihan. Salah satunggal conto inggih punika ngajengi/ngadhepi sawijining pilihan anggatosaken lan nyukani pitulungan dhateng tiyang kang gesangipun kasekengan tanpa daya, utawi pilihan sanesipun ngejaraken kalepatan (boten leres saking paugeran) kang kedadosan cetha ing ngajeng pandulunipun/paningalipun. Enget! bilih gesang punika satunggaling pilihan, leres lan boten leres aliyas lepat! Kadospundi menggahing tumrap kita, punapa kita wantun mbelani kasunyatan kang leres senadyan punapa kemawon pituwasipun? Pancen saged kemawon kathah kawusananipun/pituwas/akibat ingkang saged damel kapitunan nalika kita mbelani ngupadi kaleresan kang nyata-nyata (racakipun punika kedadosan prakawisan srasehan ing pangadilan). Kadhang kita dipunwaoni utawi malah dipunmengsahi dening tiyang kathah. Nanging pitadosa bilih Gusti Allah tansah ...