Postingan

Menampilkan postingan dari Januari, 2024

ING ARDI LAN NGARE

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/100053518547586/posts/pfbid02m5aUE97sfbQ5YejP4E39tuLpydbF9qPb8hrbVuKP3tsLxb8a3h74ZyYmKncS7fB4l/?mibextid=2JQ9oc Ing ardi lan ngare, sabên langkahku  ing årå-årå dalah gung liwang liwung, sabên langkahku. Ing bantålå lan dirgantårå, Gusti anjangkungku ing ngêndi dunungku, Gusti tansah angampingi s'estu. Tan gingsir Gusti tansah ngawuningani arcåpådå såpå bae pinayungan kang darbe pangarêpan mring asih-Nyå. Sadhengah sato wanadri dalah tuwuhan binêrkahan samyå yå, sagung titah uripe tansah rinêkså. Kumandêlå, he p'rå sadulur pådhå angaståwåå Gustimu nadyan tå sangsårå, rumakêtå mring Gustimu. Sang Pamitulung kang sêtyå Må' Agung s'èstu nadyan jroning kasangsaran Gusti tansah nuntun langkahmu. JM, esuk kekes, 31124            ✍️ eNPe ✍️           [^__^]  [^__^]

MEMILIH UNTUK INDONESIA

    kapacak uga ing  https://fb.watch/pKGu3i3rD7/?mibextid=2JQ9oc Tiba waktunya untuk gunakan hak pilih kita Salurkan aspirasi bersama demi bangsa Teguh percaya suara kita sangat berharga Menentukan arah masa depan Indonesia Langsung umum bebas rahasia Jujur dan adil S'bagai sarana integrasi bangsa Ayo rakyat Indonesia Bersatu langkahkan kaki Menuju bilik suara Rabu empat belas Februari Ayo rakyat Indonesia Beri kontribusi nyata Raih asa bersama Kita memilih untuk Indonesia Tiba waktunya untuk gunakan hak pilih kita Salurkan aspirasi bersama demi bangsa Teguh percaya suara kita sangat berharga Menentukan arah masa depan Indonesia Langsung umum bebas rahasia Jujur dan adil S'bagai sarana integrasi bangsa Ayo rakyat Indonesia Bersatu langkahkan kaki Menuju bilik suara Rabu empat belas Februari Ayo rakyat Indonesia Beri kontribusi nyata Raih asa bersama Kita memilih untuk Indonesia.... 2X lagu & lirik : Kikan Namara dibawakan : COKELAT AMILIH  KANGGO INDONESIA ...

PASEMON BURUH PAMETHIK ING KEBON TEH

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid04aTncDSCS56G2sz5pAgVXH7bB5ADWTc7PUot86xPNt8WHC1eX6y62eGCN8ynvTDfl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc Sawijine dina juragan kebon teh duwe niat arep maneni teh ing kebone. Sawuse rembugan karo salah siji mandhore lan para buruh sing wus padha kumpul si juragan mau esuk iku sarujuk mbayar saben wong siji ing dina iki sedina sepuluh ewu rupiah, ya sedina sepuluh ewu rupiah, banjur akon para buruh mau nyambut-gawe ing kebone teh. Kira-kira jam sanga esuk si juragan kebon teh mau katekan sawetara wong padha nembung pengin melu mburuh methik teh. Wong-wong mau uga tumuli mangkat.  Kira-kira jam rolas lan jam telu sore  katekan meneh sawetara wong sing kepengin melu mburuh methik teh, nuli diidini lan wong-wong mau enggal-enggal padha budhal.  Kira-kira jam lima sore katekan maneh saperangan wong nembung  pengin melu mburuh methik teh, iya padha diidini lan enggalan nusul buruh-bur...

DHEBAT

    kapacak ugi ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02L2kJ5M5zmk3SrjYdN4D9dM4YxyYWZMRYcGzbVQHRMykPob6nqxzXRV7UxW9ZdJjpl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc Punapa ta sejatosipun kang kaaran dhebat? Tembung kasebat mujudaken solah bawa adu pamanggih, adu gagasan, adu pamikiran, adu katrampilan nanging dede/sanes adu otot kang tundhonipun saged-saged adu kusir wontenipun namung pados menangipun piyambak boten ngemong raosing manah ngasanes /lawan dhebat. Pramila ing dhebat kang katujokaken kangge tetandhingan prelu wonten panengah supados boten ngambra-ambra saking wewengkon kang sampun puntetepaken lan punsarujuki sesarengan. Salah satunggal kang utami inggih punika njagi raos hardaning manah, boten elok lajeng ngetingalaken lan nengenaken muntab ing kanepson (emosi, bs.Ind). Makaten ingkang saged kula aturaken ing ngriki supados boten ngambra-ngambra saha ngayawara. Sumangga! Mugi rahayu sagung dumadi. Gusti amberkahi...., Amin Amin... 🙏🙏  ...

KACANG LALI MARANG KULITE

    kapacak ugi ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0mZk8amkNdGFpAxW1461LLsPAQ8zpDzz9F8z6zCKXbvhMa6G73G3Z7gFjwVDQ8mLml&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc Paribasan 'Kacang lali marang kulite' asring kita pireng ing basa Indonesia "Kacang lupa akan kulitnya'.  Paribasan punika anggadhahi teges kangge gambaraken tiyang ingkang gumunggung, kesupen mring asal-usulipun, supe mring sinten ingkang saged nglumantaraken /andadosaken ngantos gesangipun misuwur. Contonipun paribasan kasebat kangge mratelakaken upaminipun wonten tiyang papa/mlarat gesangipun saking dhusun dumugi ing kitha lajeng misuwur/sukses gesangipun, dados pejabat misuwur tumunten gesangipun gumunggung ngantos ngesupenaken asal-usulipun (lupa daratan, bs Ind). Ugi gambaraken tetiyang ingkang supe mring kanca/mitra-kadang/sedherek ingkang sampun adamel/nglumantaraken piyambakipun misuwur /sukses. Sinten kemawon ingkang saged sukses ngantos kadya ingkang punlampahi samangke amargi pi...

MUGYÅ LUMAKSITÅ KLAWAN BASUKI

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02Lu6BW8YPsnN937RkmKk4X6eDAKRbqkxGqtQAiNuaELjjf6hYHm8JxMhf1R3ZHw2Al&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc Wus dugèng wancinyå kitå nilar warsi lami, gyå napaki panjangnyå warsi enggal puniki, lumêbêt ing warsi padós pangarsi nêgari, nadyan rêgêjêgan rêbut pamuji nging tansahå rukun sami, wit sih rahmate Gusti kitå samyå basuki. Sabên ari umyêk ing salumahing pójók nagari, anêbar papencut mrih nyidhuk pamilih kanthi satiti, tan sande adóh sing wêwatón kang sinarujuki, tan maelu myang subasitå bêbrayan nagari, mugyå lumaksitå klawan basuki bångså puniki. JM, pajar-sidik, 100124         ✍️ eNPe ✍️         [^__^]  [^__^]

PEMIMPIN ADISURA SINENGKUYUNG WARGA ADISURA

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02oMpNt3dj47A3jQ9gZEkzGYsuDCViuGmyqksvqKCN6rsjMxjouv5PLXqiRhrvJ5p1l&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc Akeh panitipriksa ing jaman sarwa maju mituduhake dene tokoh-tokoh pemimpin kang adisura (hebat) kerep banget ora mitayani anggone ngemban jejibahane kanthi becik tanpa para rowang adisura kang anyengkuyung. Maneka warna pakumpulan, paguyuban lan uga bebrayan ing tengahe masarakat, sejatine mbutuhake pangupaya saeka-praya lan gotong royong saka ing kabeh anggotane utawa wargane kang adisura anyengkuyung gagasan-gagasan kang migunani dening pemimpin/pamong kang mandhegani jejibahane minangka pemimpin kanggo mulyane pakumpulan klebu negara lan bangsa. Ora prayoga yen padha jegal-jegalan ing antarane tokoh-tokoh kang diunggulake..., eling marang sesorah "Rukun agawe santosa, Crah agawe bubrah." Mulane, ayo para kadang sutresna kita nulad lan sinau ora dadi palaku (pemain) sing amung mikirake dhiri...

GUSTI SUMBER PITULUNGAN SEJATI

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02cw1dUSGjuUn2BeghzJwWGq5hxDppzag4pu6chKc6W8XHSA682TkyQ9zSeW4K8fhPl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc Prakara, pacoban, malah rasa sumeng ing ngaurip bisa-bisa mbulet ngupengi kita. Nanging, senadyan kabeh mau andadekake kita rumangsa ciut ing ati, aja wedi maneh awit Gusti Allah kang kita pracaya iku Gusti kang Maha Agung kang ora bakal sare. Pitulungane bakal kita tampani saka Panjenengane kang minangka sumbering sumber sakabehane. Senadyan pait lan getir urip kang kita adhepi iki, kita minangka pribadi, kulawarga lan bangsa Indonesia aja nganti nglalekake lan mlengos ninggalake Gusti ing sajroning saben geguletan / pepuletan pangudidaya kanggo kamajuan lan katentreman dhiri, kulawarga lan bangsa. Saben warga bokmanawa duweni rasa yen kabeh uwong njaruhi / ngregoni kita anggone kita arep milih tokoh kang kita anggep apik dhewe. Eling kita tetep marak marang Gusti awit ya Panjenengane sumber p...

SUGÊNG_ANAMBUT_WARSÅ_ENGGAL

  kapacak ugi ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02KMrrXjFKKbzG5GsyVKjyUxbFnMbMZuxyi4ThmMSC9HQ8mYJbho7YYu7qVUcNKd1Al&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc Pinuji puji Gusti sih rahmat-Nyå gung yêkti.., salêbêting warså lami kitå tansah dèn rimati.., nadyan tinêmpuh godhå-rêncånå nanging tansah mantêping ati.., wit kinanthi ing Gusti têmahan tansah basuki. Linuhurkên Hyang Ma'kwåså kang langgêng katrêsnan-Nyå.., ing warså enggal puniki nggih mêsthi tansah bêrkahi.., mung k'raharjan sanyåtå ngirid lampah kitå.., milå tan kêndhat muji lan setyå-tuhu mring Gusti. Kitå nilarkên warså lami wit kang enggal sampun prapti.., anapaki mlêbêt ing warså enggal puniki.., samyå silih dongakên mrih mulyå gêsang kitå.., sanityåså winêngku dening Gusti Kang Ma'kwåså. *Sugêng anambut # WARSÅ_ENGGAL_2024 !*🙇‍♂️🤝 JM, lingsir️ wengi, 010124         ✍️ eNPe ✍️         [^__^]  [^__^] jarwa ing basa Indonesia, Terpujilah Tuhan rahm...