UPAKRASA PUNAPA PAMRATOBAT?
kapriksana ugi ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02zYvD1vPsmLyBtuaWmYtnzgmhF1eBE89ycoEm3yNwkjhXVHZncHWGicYwP2SCcVz9l&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz
Boten wonten tiyang satunggala kang saged sumingkir saking kalepatan/kaklentuan. Saben manungsa nate nindakaken kalepatan saha wonten ing swasana upakrasa/kaduwung, gela (penyesalan,bs.Ind.). Ananging, punapa namung upakrasa kemawon cekap saged mungkasi kalepatan?
Wangsulanipun, Boten! Ora!
Temtu boten cekap, nadyan kathah manungsa ingkang boten kirang nedya nyumingkiri, dangu ning dangu boten saged mlajeng saking raos klintu/lepat. Wekasanipun lamun sampun kepepet nembe keduwung ing upakrasa (nggelani terus-terusan saking kalepatanipun). Salebeting manah mijil raos buddhi (sadar,bs.Ind.) lan ngakeni kalepatanipun sarta kaduwung nglampahi dosa klawan nedya mratobat ing ngarsanipun Gusti Allah. Ing kawontenan kang kados makaten punika, tiyang tinarbuka pangraosing nala dene upakrasa kemawon boten saged amangsulaken kawontenan ingkang sampun katindakaken. Mila makaten lajeng klawan pamratobat kanthi tulus nyadhong pangaksama awit saking Sih Kadarman dalah Wilasanipun Gusti.
Pamratobat saged puntegesi wonten ewah lan tekad salebeting nala nedya upados nilaraken tumindak dosa.
Dene upakrasa namung pangraosing nala rumaos keduwung kemawon.
Samangsa ing pamratobat, manungsa nedya nebih saking tumindak dosa klawan umarek dhumateng Gusti. Dene salebeting upakrasa punika namung raos keduwung kemawon, manungsa taksih saged kajeglong malih ing luwangan kang sami.
Para kadang PBJ kinasih, kita samya sanyata sampun nate nglampahi kalepatan jalaran klintu anggenipun nemtokaken cecala utawi langkah kang wusananipun dumugi ing raos kaduwung.
Samangsa katetepan klintu sampun dumados lan ndadosaken kita kaduwung, sampun ngantos upakrasa kalawau nggendeng kita ing kawontenan sangsaya adamel rupeging manah lan pikir kita, sampun ngantos lepya kita mratobat marek ing pangayunanipun Gusti saha nyadhong panuntun dalah Sih Kadarman miwah Wilasanipun Gusti.
Salam tentrem rahayu mugi kajiwa saha kasalira mring kita samya kang pinangkanipun saking Gusti Allah Kang Maha Asih,
Gusti amberkahi... Amin Amin đđ
JM, Ahad Paskah, 09423
✍ eNPe ✍
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar