SEMBRANA ING PANDUGA
kapriksana uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0wPE1zqzWeLPpxWcpVzoCjUfPDZL28EmqAC6eAB9bSTGKj9HG8eFFwxaf1xHXHRAhl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz
Ana bapak sepuh lagi nggiring wedhuse mlaku ing jero kurungan.
Saperangane uwong ngira yen si bapak mau lagi ora genep aliyas ganjil, ya ganjil marga ora lumrah solah tingkahe.
Saperangan liyane nganggep si bapak sepuh iku kedlarung saking kuwatire dheweke yen wedhuse dicolong.
Saperangan wong liyane maneh ngira dene si bapak iku banget olehe nguwatirake wedhuse ketabrak tunggangan ing dalan.
Saben uwong duwe pangira lan nganggep beda-beda pandugane dhewe-dhewe miturut carane nyawang dhewe-dhewe uga.
Nganti ana salah sijine uwong sing pethukan karo si bapak sepuh iku nyoba takon : "Kenging punapa panjenengan nglampahi kados makaten pak?"
Si bapak sepuh mangsuli :"Iki daklakoni amarga aku kuwatir yen wedhus-wedhusku mangani tandurane wong-wong liya tanpa kasumurupan dening kang duwe kebon. Mesthine juraganku bakal ngluputake jalaran aku minangka pangon ora jegos ngangon."
Iya kaya mangkono dene manungsa racake duweni panduga kang ora becik marang wong liya sing kamangka kira-kira sejatine duwe ati resik. Lan pancen resike jroning nala amung Gusti Allah kang amirsani, Gusti Kang Maha Wikan.
Mula sing ati-ati aja sembrana ing panduga (praduga tdk bersalah, bs Ind.), tansahe jaga ati duweni panduga becik! Aja nganti nyerikake sadurunge kacihnan ana bukti sing ora bisa diselaki.
Nuwun, salam tentrem rahayu mugi Gusti amberkahi... Amin Amin đđ
JM, gagat bangun, 04423
✍ eNPe ✍
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar