ENDAHE SADULURAN

  kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid01SghyCJGqRqmQcQSkykC7JCCiaJZotqCMGc8ezqKxJ2EVYo4yd9fX9p7Zx7PWxg2l&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz


 1: Endahe saduluran manut rèhing Pangèran,

    sami dene ngajèni, miwah mbiyantõni

    nadyan bedå agåmå miwah beda golongannyå

    tunggal råså pambêkan pri kamanungsan,

Ref.

    kluwung pindhanyå endah ing warnå,

    nyawiji mbangun urip kang adyå, têntrêm raharjå.


 2: Rukun ing pitêpangan sumanak ing rêmbugan,

    dhêmên sung pangapurå nyirik piålå,

    nging samyå silih ngalah mbabarkên trêsnå tansah,

    nulad ing sihe Allah mring sagung titah,


 3: Rukun gawe santoså crah mung bubrah wõhirå,

    ngestõknå sabdèng Gusti trêsnå sêsami,

    nadyan panêmu bedå nging tan samyå sulåyå,

    olah kawicaksanan tan nang-mênangan,

   (kadudud kpka 319)


JM, Jumuah Agung, 07423

           ✍ eNPe ✍

           [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN