TULADHANE BOLONGAN TILAS PAKU
kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid068uyfAALthKwXg5n3fxEy6jzT9kFR2gX9pSQ5mVd6buHFeRykRmtdeeeSQDxdRFsl/ Kacarita ana bocah kang duweni padadan brangasan gampang nesu lan ngomyang mring kanca-kancane. Dening bapake bocah mau diparingi paku sawungkus. Lo... paku kok diparingke putrane, piye iku nalare? Bapake ngendika, "Ngger.., yen kowe pinuju nesu, coba tancepna paku iki ing salembar papan iki ya! Saben kowe nesu mring kancamu kudu koktancepke paku ing papan iki!" Si bocah ing dina kapisan wus nancepke paku 10 cacahe. Mengkono saben dina si bocah tansah nancepke paku-paku iku nganti tekan sawijining dina papan iku wus kebak ora bisa ditancepi meneh. Kedadean iku dicritakake marang bapake, "Pak, papan sampun kebak paku, dalem boten saged malih nancepaken pakunipun." Bapake dhawuh, "Saiki jabuten paku-paku mau saka papan iku!" Sawuse si bocah ngrampungake njabuti paku-paku saka papan iku, banjur matur bapake, "Sampu...