Postingan

Menampilkan postingan dari Februari, 2022

PRATANDHA WEKASANE JAMAN

  kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3196354910643624/ - Karusakan alam (bencana) sarta sawernane prahara, kadurbalan/kacilakan, lindhu, banjir bandhang lsp siji mbaka siji dumadi ing ngendi-endi ing salumahing bumi iki.  - Pandhemi Covid-19 sing wus meh ngancik 3 taunan gawe mosak-masiking tatanan panguripan masarakat bangsa-bangsa.  - Kadursilan lan sawernane tumindak kadurakan nadyan katone sapala lan uga kang sipate temata kadya ana sing ngatur dumadi ing ngendi-endi. - Payudan/paperangan dumadi uga ing negara-negara, ora mligi payudan wadhag nanging uga perang ekonomi ing antarane negara-negara ing donya iki. Wiwit jaman biyen, payudan pancen wus ana, ya ing antarane suku, agama, krajan uga bangsa-bangsa. Saka panerus utawa turun-temurun nganti seprene isih bae tinemokake payudan amarga pasulayan rebut papan wilayah nagara kang tundhone mangan kurban jiwa ora sethithik lan karusakan kaprajan. Mbokmanawa puncake kadadean ing jaman sa...

GUDHEG IMPOR -waosan siang-siang-

Gambar
      kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3195011827444599&id=1684548218490975 Sawijining warung kulineran ing kutha Bangkok negara Thailand saben dina rame banget dening planggane. Warung iku cukup sedhengan ora katon wah nyuguhake masakan Indonesia nanging iba ramene sing antre nganti dawa. Dumadakan ana warga negara Indonesia (WNI) sing nedya sarapan, dheweke rada gumun ngematake warung sing ana tulisane 'GUDHEG JOGJA' iku, banjur melu antre. Giliran antreane enggal pesen marang sing dodol, "Mas, aku pesen saporsi gudheg komplit!" Sawuse ngicipi kontan ujar, "Mas..., gudhege kok luwih enak ya katandhing karo gudheg asline Yogja, apa ya resepe?" Sing dodol gudheg, "Oo... niku biasa mawon pak, namung yen teng Yogja nangkane ngangge nangka lokal asli daerah ta nggih...  lha yen teng ngriki ngangge nangka impor." WNI, "Wahh..., huebat mas pantesan huwenak nan....👍 terus diimpor seka ngendi mas ?" Wangsulane si...

BHINNEKA TUNGGAL IKA

Gambar
    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3194824230796692/ Sajuga tanah wutah, bangsa lan basa. Indonesia tanah wutahku, Indonesia sabangsaku, nunggal basa Indonesia. Alam elok mencutake, suku bangsa maneka warna, iba sugih budaya, karya agung Sang Pangripta. Tinalenan lan winengku jroning NKRI sesantiku, Bhinneka Tunggal Ika. Pamarentah manunggal rakyat, payo majua! ambangun bangsa, nag'ri tinresnan raharja salaminya. Panguwasa, sayogya tansah jujur ing karya udinen pamarentahan, eringa Gusti Allahmu. Payo! kita terus makarya temah rakyat bagya. Gusti tansah nunggil kita, lan Indonesia wijayaa!    JM, selawe feb rolikur   rinakit dening eNPe             BHINNEKA TUNGGAL IKA Satu tanah Air, satu Bangsa dan satu dalam Bahasa. Indonesia Tanah Airku, Indonesia kebangsaanku, menyatu dalam Bahasa Indonesia.  Alam indah mempesona, suku bangsa beraneka, budayanya sungguh kaya, karya agung Sang Pencipta...

KAGEM PARA 'AHLI HISAP' (waosan iseng-iseng)

Gambar
    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3192965084315940&id=1684548218490975 Para panikmat rokok ('AHLI HISAP') kudu ngawuningani mula bukane rokok sing kaserot/kaisep.  Duk samana nageri 'antah-berantah' ana sawijine keraton misuwur arane Keraton UDUD. Keraton kasebut kapimpin dening raja jejuluk Raja ARDATH. Raja Ardath duwe putra arane KANSAS, kang nate dadi muride Adipati MINAK DJINGGO. Ing sawijining dina samangsa Sang SURYA angslup ing brang kulon lan STAR MILD nyumunari nabastala, si Kansas diculik dening bromocorah telu jenenge DJI SAM SOE. Kansas dikurung ing sawijining GUDANG GARAM. Raja Ardath mireng kabar yen putrane dikurung ing Gudang Garam, nuli ngutus sawijine satria mandraguna kang jejuluk MARCOPOLO. Satumekane ing Gudang Garam, Marcopolo tarung tandhing karo Dji Sam Soe, kocapa Dji Sam Soe kaasorake nganti babak bundhas diajar dening Marcopolo, wusanane Dji Sam Soe raine kebak BENTOEL BIRU. Kocapa Marcopolo bisa nylameta...

PANUNTUN MURIH LUWIH WICAK

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3192552907690491/ -Samangsa tinemu uwong kang bener-bener kok asihi, prayoga upaya lan reksanen wektu wewengan tansah atut runtut salawase, jalaran samangsa wus mungkur, sakabehane bakal telad sirna. -Samangsa tinemu mitra-kadang kang bisa pinracaya, reksanen tansah rukun, sabab saumur uriping manungsa mitra sayekti angel tinemokake. -Samangsa tinemu lan nampa pitulungan, tansah elingana lan mangucapa sokur, jalaran krana dheweke wus nuntun uripmu. -Samangsa mrangguli wong kang nate kok sesengit, aruhana mawa esem, ya karana dheweke sliramu teguh lan santosa. -Samangsa tinemu wong kang nate nyidrani, udinen patrap becik lan tetep semanak, sabab lamun datan marga dheweke, sliramu nora bisa nyumurupi kahanan donya iki. -Samangsa tinemu wong kang nedya ninggalake sliramu, prayoga matur nuwuna dene dheweke nate ngisi dina-dina uripmu, jalaran iku nate dadya sejarah peranganing uripmu wektu kawuri. -Samangsa ...

PRELUNE TEPA-SLIRA ING PAGEBLUG COVID-19

    kapacak uga ing    https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3189454734666975/ Lamun kita niti kanthi permati sumebare warta dene ana pawongan plesiran sing wurung menyang Bali merga dheweke ketaman positip Covid-19, eee lha kok malah bisa-bisane ngalihake plesiran anggone preenan menyang Malang. Iku nalare kepriye jal..., cetha dene banget mrihatinake sing mung nggugu karepe dhewe. Kang dadi pitakonan kok ing Malang bisa mlebu panggonan wisata apa ora ana pepriksan dening kang kawogan? kamangka ing Bali ora bisa mlebu. "Kepriye kita ora prihatin marga isih bae ana wong kang nyepelekake/nglirwakake tumulare C-19 malah lagi dhuwur-dhuwure jroning 2 minggu kapungkur iki," ngendikane juru wicara pamarentah kanggo nangani C-19 Prof. Wiku Adisasmito mangsuli pitakone para "wartawan" jroning gelaran paring katerangan ing Graha BNPB, Selasa kapungkur (8/2/2022) kang digiyarake ing kanal Youtube Sekretariat Presiden. Ing bab iki kudune bisa dadya tuladha kanggone ...

ALLAH SANG MAHA PANGUSADA

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3188976271381488/ Saben tiyang nate nandhang sakit. Punapa malih bilih tiyang wau ngantos punabani sesakitipun datan saged dipunusadani, boten saged punselaki ngraosaken cuwa lan sedhih sanget. Wusananipun kadosdene sinamber bledhek raosipun, sarwa lungkrah anglampahi gesang salajengipun. Samanten ugi senadyana ratu ingkang gadhah kalenggahan inggil utawi kawula alit limrah, tiyang ingkang sugih utawi mlarat saged kemawon nandhang sesakit ingkang awrat sangganipun. Kacarios wonten satunggaling abdinipun Gusti ingkang gesangipun sarwa kacingkrangan katemtokaken dening dhokter bilih sesakitipun boten saged dipunusadani. Midhanget makaten, pun abdi wau lajeng dedonga sumarah klawan gumolonging manah pitados dhumateng Kuwasos saha Sih-Palimirmaning Gusti Allah. Minangka wujuding wangsulan pandonganipun, inggih awit saking keparengipun Gusti sinung janji ngusadani dhateng piyambakipun jalaran teguh iman kapit...

UDAYA SANG DIWANGKARA

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3188195741459541/ Udaya Sang Diwangkara mratandhani gumantine raina nyumunari salumahing arcapada jer pepeteng wus kawuri nyata. Sayogya lawiya den ayahi atur puji sokur mring Gusti awit Panjenengane kang angripta limenge ratri lan padhange raina. Sadhengah sato ngoceh samya anambut esuk klawan rena mangkono atur panuwun kita konjuk Allah, Kang Ma' Karya. Saliring uga kang kita tandangi jroning andon karya tuwin obahing lathi tansah tumandang winengku Gusti konjuk sokur sinartan memuji. JM, parak esuk, 16222   kajarwa dening eNPe kadudud saka PKJ 170 : 1 - 3 (Yamuger) TERBITLAH KINI SANG MATAHARI  1: Terbitlah kini Sang Matahari     sebagai tanda hari yang baru.     Seluruh alam diterangi     dan kegelapan sudah berlalu. Ref.     Lebih dahulu (wajib) kita lakukan:     Mengucap syukur kepada Tuhan,     karena Dia yang menjadikan   ...

MBAH PUTRI NUMPAK BECAK

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3187143058231476/ Ceritane mbah putri bar blanja neng pasar *Beringharjo*, mulihe pengin numpak becak.  Nyang-nyangan karo tukang becake. Simbah: "Pak, 5 ewu purun nggih ?".  Tukang becak: "Oh dereng saged, 10 ewu mawon mbah.." Simbah : "Emoh ah, 5 ewu wae ta...!!! Mengko tak duduhi dalane, ben cepet tekan omahku yaa..." Tukang becak: "Mboten saged mbah... Nek 10.000 nggih kula purun.." Mangkel merga tukang becake ra gelem ngedukke rega, akire simbah putri ngalah, karo munggah lungguh becak. Simbah ngedumel: "Nggih pun, tak bayar 10.000.!!" Pas neng dalan... Tukang becak: "Mandhap pundi, mbah?" Simbah: (Meneng wae...) Tukang becak: "Lha niki mandhap pundi, mbah...???" Simbah: "Kan wis tak omongi dhek mau... Nek 5.000 mengko tak duduhi dalane... Ning nek 10.000 ya ora tak kandani omahku ngendi ta, GOLEKANA DHEWE...!!!" .......Tukang becak. ...

GUSTI NUNGGIL MRING KAWULA

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3180785845533864/ Hamung Paduka nggennya kawula angaub hamung Paduka pepujan twin kabegjan kawula Kepareng kawula marek anembah konjuk sokur sujud ing ayunan Paduka. Salebeting tyas kawula Paduka nguningani tresna asih Paduka rumesep jroning jiwa Salebeting karupekan twin kasumyaran kauninga, Paduka tansah nunggil mring kawula. Panuntun Paduka nganthi lampah kawula ing margi tumujwa karaharjan  sih rahmat lan tentrem estu kasinungan ingkang minangkani gesang kaswargan. JM, madya ratri, 5222   rinonce dening eNPe Bs Indonesia , Hanya Kau tempat ku berlindung Hanya Engkau pujianku dan kebahagiaanku Perkenankanlah ku datang menyembah Membawa syukurku kepada Mu Sedalamnya hatiku kau pun tahu Dan kasihmu tak jauh dalam jiwaku Di dalam kesesakan, di dalam kegembiraan Ku tau engkau s’lalu bersamaku TuntunanMu membimbingku dijalan menuju keselamatan rahmat kasih dan ketentraman sungguh diberikan yang m...

SARIRA(awak) SATUNGGAL, GEGELITANIPUN(peranganipun) KATHAH

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3180095985602850/ Kadosdene sarira/badan punika satunggal, nanging gegelitanipun kathah; sarta saliring gegelitaning badan punika sanadyan kathah, samidene manunggal. Inggih perangan-perangan sarira punika boten saged kapisah-pisah, satunggal lan satunggalipun samidene anggadhahi kagunan/kadarman piyambak-piyambak.  Awitdene badan punika gegelitanipun boten namung satunggal nanging kathah, pramila : a. Saupami suku calathu : “Sarehne aku dudu tangan, mulane aku ora klebu peranganing badan,” punapa leres lamun suku boten klebet gegelitaning badan? b. Saupami mripat calathu : “Sarehne aku dudu kuping, mulane aku ora klebu peranganing badan,” punapa inggih leres menawi mripat wau boten klebet gegelitaning badan? Gusti Allah sampun ngriptakaken/ngrancang gegelitan punika, kapapanaken piyambak-piyambak wonten ing badan, miturut ingkang dados Karsanipun. Saupami sadaya wau namung dados perangan satunggal,...

GELUT PEPULETAN NGLAWAN PAGEBLUG

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3178066725805776/ Donya samengko lagi ana ing kahanan gelut pepuletan nglawan pageblug mawa pitakonan ngenani asih lan kaadilane Gusti Allah. Ing satengahing trajangan pageblug donya dadi ora kuwawa. Senadyan ngadhepi kaya-kaya ora duwe daya, ora diprayogakake banjur anglalekake lan ninggalake Gusti. Sabab Panjenengane kang akarya lan mengku jagad iki, ya hamung Panjenengane kang ngreksa jagad raya, uga Gusti kang ngawikani saben dhiri pribadi manungsa minangka titahe. Gusti madosi pribadi-pribadi kang kesdu ngakoni kabeneran sayekti-Ne lan netepake kaadilan miturut pilalan (kang dipilih) sing wus ginarisake. Ya, iku nugraha, sejatine Gusti ngersakake sinung Asih-tresnane mring kita nadyan kita datan maja-maja (ora pantes) nampani. Ya hamung krana nyumurupi lan nyarujuki kaagungan, asih lan kaadilane Gusti, wong pracaya bisa nayogyani (mupakati) sacara bener. Minangka wong pracaya kita katimbalan tuwin k...