BOCAH WADON DODOLAN ROTI LAN GURU LUHUR BEBUDENE
kapacak uga ing FB https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3083853995227050/ Ana guru sing nembe mulang ing klas 5 SD, esuk iki nyumurupi ing njaba kelas ana bocah wadon cilik dodolan roti gaweane ibune. Bu guru iku njur nyedhaki bocah wadon iku, pandangune, "Ndhuk apa kowe ora sekolah kok dodolan roti?" Cah wadon cilik iku karo ndingkluk, "Boten bu Guru, simbok kula boten saged ngragati". Bocah wadon dodolan roti iku kudune wancine ana ing jero kelas, nanging merga rejekine kulawarga kurang cukup kanggo ngragati sekolahe mula ora bisa sekolah. Miturut keterangane, dheweke duwe adhi 4 isih cilik-cilik, dene bapake wus tilar donya. Mula cah wadon iku ngrewangi simboke dodolan roti ing plataran sekolahan iku supaya adhi-adhine bisa sekolah. Ing sawijining dina nalika bu guru iku lagi mulang matematika maringi pitakonan sing rada angel mring para muride lan ngiming-imingi ganjaran (hadiah). Nanging ora ana siji-sijia murid sing bisa mangsuli. Dumadakan cah ...