MANGERTENI PRATELANE WONG LIYA
kapacak ing FB: https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2305572903055167&id=1684548218490975 Pasulayan bisa kadadean marga salah pangerten antarane wong siji lan sijine. Salah siji wong ngemenake panemune dhewe, dene wong liyane kudu dikalahake klawan ruda peksa. Kamangka kanggo ngrukunake pasulayan, kita prelu budi daya bisa agawe kahanan padha dene duwe pangerten siji lan sijine, gelem ngrungokake pratelane wong liya. Ing antarane wong loro utawa luwih lamun ana panemu kang beda-beda iku wus lumrah. Gusti Allah maringi mring kita akal lan budi krana mangkono bisa duwe pamikiran lan panemu sing maton. Iki minangka kanugrahane Gusti, dadi durung temtu kita iki kang bener dhewe sarta nganggep wong liya luput. Ora prayoga yen kita ngluputake wong liya hamung jalaran ora padha karo panemu kita. Luwih elok yen bisa kanthi lembah manah kita ngrungokake lan mangerteni pratelane wong liya. Krana mangkono kita bisa ngestokake kersane Gusti Allah ora ngemenake ...