Postingan

Menampilkan postingan dari 2014

TEKNIK-TEKNIK DHASAR NGAYUH SEPEDHAH GUNUNG

kajarwaaken dening : eNPe Nyumurupi kepriye carane kita ngayuh pit (ngonthel padayantra) bisa ambiyantu kanggo nanggulangi kita supaya ora tiba saka olehe numpak pit. Ing ngisor iki ana saperangan pratelan dhasar kang panjenengan prelu ngawuningani. 1. Tansaha anggatekake ana ing jalur. Iku tegese kita kudu bisa nemtokake jalur endi kang arep dipilih. Yen kita ragu/monga-mangu umpamane kuwatir ana srimpet/alangan ing dalan sing arep diambah bisa luput anggone nemtokake langkah. Kahanan iki asring kedadeyan ing dalan njojrog mudhun, yen kita ragu lan monga-mangu bisa-bisa kita tiba utawa kepleset. 2. Tansaha mikirake loro nganti telung langkah mangarep. Aja kesuwen mung nggatekake sak alangan bae, nanging tansaha waspada mring langkah-langkah sabanjure. 3. Aja mbuntut kecedhaken banget karo pit sing ana ngarepe persis. Pracaya apa ora ban mburi utawa gegere pangonthel pit ngarep kita persis bisa njalari kaya-kaya kita kapilut hipnotis, kita hamung anggatekake/fokus mring pangonthe...

ANEH ANANGING NYATA

Gambar
  Kapethik saking  https://wolipop.detik.com/wedding-news/d-2522896/duh-wanita-ini-memilih-menikah-dengan-anjing-karena-merasa-berjodoh     bali kaunggah ing  https://www.facebook.com/share/p/19NoCwqLJx/ Mundhak dina akeh tingkah polahe manungsa kang aneh-aneh kepara oncat saka kodrate. Kepriye olehe ora gumunake, coba iki ana kadadeyan kang nganeh-anehi klebu ajaib, ana sawijining wanodya asale saka nagara Inggris jenenge Amanda Rodgers.  Amanda rame kawartaake amarga nembe bae nganaake gladen palakrama kang karawuhan dhayoh uleman cacah-e 200 uwong. Sing nganeh-anehi lha jebule ing gladen mau jatukramane dudu sawijining pangeran gagah ananging nuwun sewu segawon, ya segawon iku kang dadi jatukramane…Dhuh! apa tumon iki ! donya saya mblasar saka kodrate! Upacara gladen palakrama mau ing sawetara wektu kepungkur dianaake ing nagara Kroasia . Kaya sing kapendhet warta dokumen Miror, Amanda nyariosake yen palakramane klayan sang segawon...

UDAN

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid0TkwPHsh2g8P81nF24ay94qDAcGEneyLiNKevmJN6yK4rtNvd6DZR2Cki3LAuuzoel/ Dungkap esuk gumrojoge banyu udan sangsaya deres kaesokake saka akasa. Para kadang tani kang gegancangan arep glidhig menyang sawah bubaran nora sida budhal. Langit katon mbleret amarga suryaning jagad bali kemulan mendhung kang wutah gnelesi salumahe bantala. Sawernaning sato kewan ndepipis nang longan gubug. Dumadakan… glegerrr.!! … keprungu swarane bledhek anggegirisi. Langit keclap-keclap swara bledhek matalu-talu banyune udan sangsaya deres. Lamat-lamat keprungu …. ,” petoook petok-petok, embeeekk, uwek wek wek ” kadya ngrungokake gladhen orkestra. Pak tani dalah kulawargane menyang pawon gegenen sinambi ambakar jagung. Ngangeti badan katisen hawa udan. Klayan ndedonga “Dhuh Gusti keparenga pinaringan enggal tingkas jawahipun, sampun ngantos andadosaken bena ing sabin-sabin kawula inggih ugi para kadang t...

Bocah umur 4 tahun goleki ibune mlaku ing tengahing ara-ara samun

Kapethik saking  PosKotaNews.com 18Feb14 SURIAH Ana sawijining bocah kang umure kira-kira 4 tahun ing negara Suriah tinemokake mlaku-mlaku ing tengahe ara-ara samun/pasamunan (padhang pasir) kanthi praupane memelas jalaran kepengin bisa ketemu ibune. Bocah lanang mau jenenge Marwan pethal saka ibune nalika sakloron oncat ngungsi saka negarane Suriah (amarga ana paperangan). Dening punggawa PBB (UHNCR) bocah mau ditemokake dina Minggu, 16 Feb 14 klayan nyangking sawijining kanthong plastik (kanthong kresek) isine barang-barang darbeke. Bocah cilik mau nuli digawa dening punggawa UHNCR ing Camp pangungsen diupayakake bisaa ketemu ibune. Dina candhake kanthi tlaten punggawa UHNCR muter-muter lan ora kurang uga kawartaake ing kono, marga ewonan cacahe para warga kang ngungsi iya rada angel olehe bisa nemokake ibune. Bocah mau melu diajak milang-mileng muter-muter nganti lemes kae gek hawane panas, awit saka keparenge Gusti Allah piyambak ngarepake s...

Ejaan Basa Jawa mawa Aksara Latin

Matur nuwun, punika kangge referensi ...sumangga :   https://www.facebook.com/notes/nguri-uri-basa-jawa/ejaan-basa-jawa-mawa-aksara-latin/492384280792066?refid=18 Basa Jawa asli ora duwe swara f, q, v, x, lan z, nanging basa Jawa Anyar (Jawa Modern) duwe swara iku. Wong-wong Jawa sing mambu sekolahan utawa sing terpelajar bakal bisa ngucapake tembung fakir [fak_r], kafir [kaf_r], film [filem], vokal [vokal], utawa televisi[televisi]. Ananging, sing ora mambu sekolahan utawa sing kurang terpelajar ( kados mbah-mbah kula-panjenengan) bakal ngucapake tembung-tembung ing dhuwur dadi [pak_r], [kap_r], [pilem], [pokal], lan [telepisi] utawa asring kasebut [tipi]. Anane pangocapan-pangocapan kaya mangkono jalaran basa Jawa asli pancen ora duwe swara f lan v. A. Panulisan Vokal Basa Jawa.  Panulisan vokal basa jawa nganggo aksara Latin sing rada mbingungake iku panulisane antara swara [ä], swara [i ], lan [ü]. Kareben ora bingung, bisa miturut paugeran ing ngisor iki. 1). Panu...

Dina Pangadilan

** DINA PANGADILAN ** Padatan manungsa tuwuh jroning ati rumangsa yen tumekane Dina Pangadilan nalika wus nyedhaki ngajal, lagi ngemuti mungguh sejatine urip lan mati iku kagunganNya ya Gusti Allah Kang Akarya jagad. Elinga dene yen wus tumeka wancine dina Gusti bakal rawuh ngadili manungsa kang wus mati lan isih urip. Kabar Karahayon wus tumedhak ing donya ananging manungsa memada lan nampik, sing sapa pracaya lan ngugemi bakal pikoleh Karahayon ing Kratoning Swarga. karipta : eNPe

Tuhu Prihatin

**TUHU PRIHATIN** Anyipati kanthi prasaja kahanane nagari iki Kadya susuh kebak duratmaka Solahnya saru anggegilani lan anggegirisi Pranyata nuwuh kasangsarane pra kawula Mbokya eling janji yen ta nora anyenyugih dhiri Kadya wus dadi budaya korupsi ing nagari iki Angrayah kaskaya nagari gawe pituna wong alit Nora asih mring sesami, tan maelu kawula samya sesambat anjejerit Iba tuhu prihatin andulu kahanan iki Hamung bisa ngelus dhadha Dhuh Gusti mugya paring pangarsibudi satrya tuhu tresnasih mring kawula alit Tan mikir dhiri pribadhi nyingkur saking duratmaka Temah agawe makmur lan guyub rukun nagari Anggayuh sedya nagari kang gemah ripah loh jinawi karipta : eNPe

BÊBÊNDU

Nyumurupi ing wêktu-wêktu wêkasan iki akèh kêdadean alam awujud bilai kang nggêgirisi. Ngarêpake gumantine mångså akèh kasêngsaran kang tiniba bilai, iyå banjir ing ngêndi-êndi agawe rusake samubarang, gunung mblêdhõs awune ambyar têkan ing plataraning nagari iki. Mulad-mulading bêbêndu kang wus kadhawahake dening Pangèran awit iyå såkå polah tingkahing manungså kang mblasar såkå Dhawuhe. Gumlêgêre swårå kaprungu mawantu-wantu. Anggêgirisi ing madyå ratri kang sêpi. Sêpining jalmå manungså kang wus pådhå kêtilêp ing impèn. Glegerrr!…krosakk!…gembrõjõg têkaning tirtå tan kanyånå-nyånå. Anrajang nasak-nasak gubug dalah ngêbaki sêsawahan kang lagi ngarêpake mångså panèn. Ambyar sanalikå kêprungu jêriting båpå biyung lan tangising bocah-bocah. Sawêrnaning ubarampe amblas kèli sauruting ombaking tirtå. Samudåyå lêlabuhan prå kadang sirnå tan ninggal sawijiå. Ibå nglangut ngrêrujit-rujit råså rasaning kalbu iki nyumurupi kahanan nggêgirisi. Dhuh Gusti kêparêngå Padukå wêkas...

* JAMAN EDAN *

++ Jaman Edan ++ Godhong kemuning rontog dadi sampah Gemlegere langit ngarepake udan Rasaning ati sangsaya lungkrah Ngrasakake kahanan kang sangsaya edan   Sampah kertas jroning kardhus  Nunggang kreta kageret jaran Pra kanca ayo padha cancut ambrasta tikus Ya tikus politik sing agawe kasangsaran kaanggit : eNPe