NETEPAKEN PILIHAN KANTHI LERES
kapacak ugi ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0Wf5WTJAjYFKD88kSLajcH9DtPdJDWAbEZr9iHnPjhnyAEp37h5yG78HZcPG8PM4il&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Satunggiling pilihan tansah nggadhahi kawusanan ingkang sae utawi awon. Wontening sejarah Purwaning Dumadi kang sinerat ing Kitab Suci, Ibu Kawa ing petamanan Eden nalika wawan rembag kalihan iblis kang ngemba-emba sawer bab dhawuhlpun Gusti Allah sejatosipun ibu Kawa mangertosi dhawuh wewaleripun Gusti punapa tundhonipun menawi ngantos nedha uwohipun satunggiiing taneman ing satengahing petamanan Eden. Dhawuhipun Gusti Allah makaten : "Aja sira pangan, malah ndemok bae aja, supaya sira ora mati!" Kanthi julig sawer/iblis glembuk ibu Kawa menawi boten badhe pejah malah saged nyameni kalihan Gusti Allah. Ringkesing carios, ibu Kawa langkung milih pambujukipun sawer, inggih punika adhedhasar punapa ingkang puntingali lan punremeni, boten adhedhasar punapa ingkang Gusti Allah dhawuhaken, makaten man...