LÊRÊMÅ LAN SABARÅ
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02zwB9MqEdNx8u6mSh39K9yvYsmbLDnR5NjQV1zppJ2KABtuiUCe2k6HaV4ecq3zgvl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Lêrêmå lan sabarå, he jiwaku tanggòn sangsårå, aywå ngrêsulå. Pasrah lan pracåyåå marang Gustimu sanggyå duhkitå kang tumåmå. Allah satyå datan nguciwanyå såpå kang ånå ing payoman-Nyå. Lêrêmå lan sabarå, he jiwaku karêbèn tansah kinanthi Gusti. Ing astane Gusti piyambak kang kawuri wus sirnå amapag ing têmbe kang sumadhiyå. Horêging bajrå datan anrajang 'wit sanggyå ing waseså Gustimu. Lêrêmå lan sabarå, he jiwaku kalamun kapundhute kadang sêtyå kang nêmbe tumåmå ing sungkåwå. Gusti angêntas abóting duhkitå muhung sih nugråhå kang katåmpå såkå Gusti Sumbêr Panguripan lan Må Waseså. JM, lingsir wêngi, 24324 ✍️ eNPe ✍️ [^__^] [^__^] sórógan jarwånan, Tenang dan sabarlah, wahai jiwaku, tahan derita, jangan mengeluh....