Postingan

Menampilkan postingan dari April, 2022

LEREM LAN SRANTA (panglipur driya)

  kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3238725666406548/ Lerem lan sranta, hee.. jiwaku teguh ing kasangsaran, aywa ngresula pasrah lan sumaraha mring Gustimu saliring duhkita kang ketaman ing sira. Allah satya, datan nguciwani kang nedya angaub ing pangayunanNe. Lerem lan sranta, hee.. jiwaku dimen kinanthi dening Gusti sabab kang kawuri ing Astane Gusti uripmu sabanjure kinendhaleni. Datan anrajangmu prahara ngebat-ebati  awit winengku kwasane Gusti. Lerem lan sranta, hee.. jiwaku lamun tinilar kadang rumaket dalah sira pepuletan ing duhkita aboting duhkita linipur Gusti. Sih nugraha bakal den tampa saka Gustimu sumbering Agesang. Lerem lan sranta, hee.. jiwaku sadhela engkas wancine prapta anadene sira bakal ketemu Panjenengane kang anglipur rikala sira semplah. Iya ing kana sira muji ngastawa sung pepujan AsmaNya sukarena salaminya. JM, nemlikur april rolikur         dening eNPe

AJA KUKUH ADU KERENG

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3233202903625491/ Minangka turunan Melayu masarakat Indonesia kasohor masarakat kang wasis ngandharake pitutur arupa pantun mawa pepindhan/pasemon.  Ana salah sijine pepindhan unine : "Samangsa suwala/beda panemu, dadya banyu, dudu tembok.!" ngemu teges nalika kita ngadhepi bab beda panemu prayoga goleki carane kepriye bisa ngrampungake klawan wicaksana ora kena padhadene adu kereng bekenengan. Sayogya ana kang ngalah lan kalem, lembut ing patrape kadya banyu kang bisa gawe adhem swasana. Jroning obah mosiking urip ing samengko iki, ora arang uga kita ngadhepi lan nyumurupi kahanan kukuh adu kereng. Angel banget kanggone wong ngalah, apa maneh kadunungan rasa dene dheweke rumangsa bener. Sangsaya angel yen kang diadhepi kumpulan wong-wong akeh. Sajroning ngadhepi kahanan kaya mangkono dibutuhake patrap lila legawa dadya banyu dudu tembok. Bokmenawa pilihan sing ana padhadene ala kabeh. Nanging, kita...

ORA ANA KANG SARWA KABENERAN -pangangen-angen (renungan)-

    kaunggah uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3231798983765883/ Marcel Sternburger priya Amerika kang manggon ing New York, ing sawijining dina dheweke lelungan numpak sepur trowongan jroning lemah arep menyang kutha liya saprelu tilik kancane kang lagi lara. Nalika samono sepure kebak banget nganti suksukan, Sternburger kepeksa ngadeg lan jejere ana penunggang liyane lagi maca koran Hungaria nganti ngebak-ebaki kae.  Ewasamono Sternburger kanthi sopan aruh-aruh : "Aku ngreti ndika maca koran basa Hungaria, dadi ndika bisa basa Hungaria ya? Apa ndika saka Hungaria?", aruh-aruhe mawa basa Hungaria. Priya iku mangsuli, "Iya!" Sternburger: "Kenapa ndika maca koran ing kene apa ora mumet?" Priya iku mangsuli: "Aku lagi nggoleki bojoku?" Sternburger : "Ndika golek bojo ing koran?" Wangsulane si priya iku, "Ora.. , ora.. mangkono, aku lagi nggoleki bojoku liwat koran iki!" Sternburger: "Ohh.. Ana ing nge...

ILANG RASA

    kapacak uga ing   https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3230643417214773/ Jumeneng pemimpin pancen ora gampang. Pakaryan lan upayane kang tinindakake bakal dadi soroting masarakat. Pemimpin kudu teguh lan legawa nampa panyaruwe apadene panacat (ktitik). Akeh pemimpin kang kejlomprong jroning tumindak korupsi, kolusi lan nipotisme. Bab iki andadekake akeh wong dadi ora preduli apa kang kadadean ing satengahing bangsa iki. Kita padhadene kelangan pangrasa (ilang rasa) jalaran rumangsa ora ana pangarepan meneh nedya ngowahi tatanan kang luwih becik ing tatanan pamarentahan (birokrasi) jroning negara dhemokrasi salaras karo pepakon ing undhang-undhang iku dhewe. Mula mangkono, sinau saka pangalaman urip, dene Gusti iku hamung siji-sijine enggon kanggo angayom. Uga kita satemen ngrasakake yen datan marga sinartanan utawa cecawe Astane Gusti piyambak para pandheganing nagari ora ana apa-apane. Saliring kang jejibahan ngayahi dharmaning negara dhewe-dhewe binerkaha...

AKU ORA PANTES KOK GOLEKI -pangangen-angen (renungan)-

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3229235174022264/ Joe, priya bule Amerika lagi plesir ing Inggris lan mlebu ing sawijining restoran ing kutha London. Ing jero restoran Joe meruhi ana priya Negro sepuh kulit ireng lagi maca koran ing pojok restoran.  "Mase Pramusaji!", bengoke si Joe "Dak traktir kabeh wong ing restoran iki ya, kejaba wong Negro kulit ireng iku!", ujare seru karo nudingi priya Negro sing lenggah ing pojokan. Si pramusaji wiwit ngladekake mring kabeh wong, kejaba priya Negro iku. Si Negro iku nyawang Joe lan ujar, "Matur nuwun!" karo manthuk. "Wah ngenyek kih wong iku", batine si Joe, nuli ngampiri pramusaji, "Tulung ladekna uga unjukan gratis kanggo kabeh ing restoran kene, kejaba dheweke!", karo nudhing si Negro. Sepisan maneh si Negro, "Matur nuwun!" karo manthuk. Joe si bule Amerika iku saya bingung, njur ngundang pramusaji, "Apa dheweke iku kurang waras ya?" ka...

BEDA CARANE NYAWANG -pasemon wicaksana-

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3228146174131164/ Ana bocah cilik kelangan sepatune ing segara, njur dheweke nulis ing pasir pinggir pesisir.... ✍ SEGARA IKI MALING. Ora let suwe teka juru amek iwak nggawa oleh-olehane iwak akeh banget, njur dheweke nulis ing pasir pinggir pesisir.... ✍ SEGARA IKI APIKAN ATEN. Ana bocah klelep ing segara, banjur ibune nulis ing pasir pinggir pesisir.... ✍ SEGARA IKI GAWE PATI. Wong lagi praon diterjang ombak gedhe, njur nulis ing pasir pinggir pesisir.... ✍ SEGARA IKI KEBAK BEBABAYA Ora let suwe teka pawongan nemokake sakumpulan mutiyara ing jero segara, njur dheweke nulis ing pasir pesisir.... ✍ SEGARA IKI KEBAK BERKAH. Dene kawuningana, segara dalah saisine ora nate ngersula utawa nggrundel sathithika bae.  Dumadakan ana OMBAK GEDHE BANGET lan mBUSAK TULISAN-TULISAN mau ing pesisir tanpa tilas.🙋 MULANE, AJA MAELU OMONGANE WONG-WONG, MARGA SABEN WONG NYAWANG KAHANAN DONYA IKI MAWA PANGRETEN LAN ...

CAHYANING SANG DIWANGKARA

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3226656224280159/ Cahyaning sang diwangkara nyumunari seindenging nagri, ardi, ngare, sawah lan pakebonan anambut suka-rena. Iba sukarsa daksawang gumebyaring trang Gusti ing ngaluhur kang nedya dakastawa. Konjuk sokur Sang Pangon setya tansah angreksa, kanugrahan ing pendhak byar, rina lan wengi. Daya lan kasantosan, pakarti kang dakudi, kagunganNya klawan andhap asor nedya dakastawa Kang Ma' Wisesa. Pendhak dinten lumeber kamirahan Paduka, dhuh Gusti, kepareng kawula ngemuti darmaning gesang salaminya. JM, ahad esuk, 100422         dening eNPe   Jarwane ing basa Indonesia : Terang matahari menyinari segala neg'ri, gunung dan padang, sawah dan ladang senang berseri. Gembira sekali kulihat kembali terang merekah,  dan Tuhan di sorga, yang hendak kusembah. Syukur bagi Dia, Gembala setia, yang jaga tetap. Anug'rahNya tiap hariku semua, terang dan gelap. Tenaga dan kekuatan, ke...

KORUPSI... OHH... KORUPSI #kaprihatinan

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3225159551096493&id=1684548218490975 Yagene ta para panggedhene bangsa padha wringuten lan gatelen? Saliring angen-angennya tansah tanpa guna gawe bubrahing tatanan bebrayaning nagara. Anane amung anyenyugih dhiri nora maelu kamakmuraning bangsa. Ngobrak-abrik reregan datan ora pinuji kabutuhan dasar masarakat saya langka. Ing ngatase pandheganing praja kang kudune jujur ngudi resiking praja. Malah gawe kapitunaning bangsa aweh besel mring kang ngayahi darmaning nagara. Korupsi.. ohh.. korupsi! kapan NKRI iki bisa oncat saka kaanan iki? Apa ya kang dadi sesorahing bangsa bisa winujud? Masarakat adil makmur tentrem raharja? sorogan :  "korupsi" anggambarake bab anyenyugih dhiri kanthi ngunthetake branane praja/bangsa. JM, gagat bangun, 8422    rinakit dening eNPe

MUKJIJAT DONGANE BAKUL TEMPE (cerkak ngemu tuladha)

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3224443337834781&id=1684548218490975 Ing sawijining desa ana simbok kanggo  nyambung uripe gaweane ora ana liya gawe lan adol tempe. Ewasamono, dheweke babar pisan ora tau ngersula. Uripe samadya sarwa sukarena, "Tempe iki mengko kang nglumantarake aku menyang swarga, kenapa aku kudu nggelani lan ngersula?", mengkono anggone ngrenggani uripe. Esuk- esuk, simbok iku menyang pawon njupuk buntelan tempe njur diselehke ing ndhuwur meja. Nanging..., tempe sing arep didol durung dadi isih wujud dhele malah isih ambyar durung nyawiji karo ragine. Sajake lali yen kira-kira isih kudu ngenteni sedina engkas supaya bisa diadol. Lemes rasane awake, cupet pikire, piye dina iki bisa oleh dhuwit kanggo mangan lan pawitan tuku dhele meneh? Si bakul tempe iku duwe pengarepan, dheweke ngerti yen nyuwun karo Sang Pancipta mesthi ora ana kang mokal. Mulane banjur klawan tangan sidheku ndedonga : "Dhuh Gusti Paduka pirs...

LINGGIH PADHADENE ENDHEK, NGADEG PADHADENE DHUWURE #pangangen enjing

    _DUDUK SAMA RENDAH BERDIRI SAMA TINGGI_               _renungan pagi_    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3222968894648892&id=1684548218490975 *Linggih padhadene endhek, ngadeg padhadene dhuwure* yaiku patrap ngrenggani urip kang pinuji lan mulya. Yen salah siji linggih lan liyane ngadeg, carane nyawang kahanan uga bakal beda. Ing ngarsane Gusti saliring manungsa padha drajate, awit Panjenengane kang nitahake manungsa miturut gambar lan pasemon-Ne. Duduk sama rendah dan berdiri sama tinggi adalah sikap menghargai/menjaga hidup yang terpuji dan mulia. Jika salah satu duduk dan lain berdiri, cara memandang masalah juga akan berbeda. Di hadapan Tuhan semua manusia sama kedudukanya. Dialah yang menciptakan manusia menurut gambar dan rupa-Nya. Ngucapa jroning atimu, "Aku kinajènan ing PamirsaNe". Luwih becik kajèn ing Ngarsane Gusti tinimbang ing pandelenge manungsa, jalaran pangajine manungsa asi...

TUMANDUK KEPARENGE GUSTI

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3222145171397931&id=1684548218490975 Ana pitakonan kang ngosikake jroning ati, 'Apa kang tumanduk saka keparenge Gusti ing tengahing pageblug Covid-19?' Temtune wangsulane warna-warna, kabeh gumantung carane nyawang lan pangalaman iman. Carane nyawang utawa pangalaman iman sakarone gumantung uga pribadine dhewe-dhewe. Sapa bae kang nedya ngandharake tumanduk keparenge Gusti ing tengahing pageblug prayoga dadi panglimbange. Pangalaman iman ana ing Gusti mujudake crita kang banget pribadi sing bisa kacritakake nugraha apa saka keparenge Gusti nedya nepungake mring kita.  Endahe maneh, tumraping wong pracaya saka imane, tumanduk keparenge Gusti tansah pinuji ora ana celane. Kanggo mratelakake apa kang tumanduk keparenge Gusti ing tengah pageblug C-19, pangalaman iman sayogya minangka bahan sarujukan. Tumraping wong pracaya krana imane tansah ngastawa ing pamuji tumanduk keparenge Gusti jroning kahanan ...

SUGENG NGIBADAH PUWASA

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3221443884801393/ Kang denantu wus prapta, jroning sawulan Ramadan sahya, Denrumeksa lan peperti ing wardaya, ngampet hardaning-driya mrih uwal sing godha. Datan samar klawan rasa walang-driya, rasa mantep pracaya mring Kang Ma'Kwasa. Sesolahnya denresepi dimen lestari slaminya, nyadhong berkahing Hyang Wesesa. Sukarena katon ing lathi tansah rinengga pracayaa kanthi tulusing nala, dene Hyang Wisesa anjangkung sira, ngibadah Puwasa tutug lestari widada. Nadyan luwe lan ngelak kang denrasa, dudu pambeng nyata, dudu rubeda. Muhung wohing trusing driya,  dadya lakutama nyadong pangapuraning Hyang Wisesa. Kagem pra kadang sutresna nderekaken rumeksa samya anggenipun andon Puwasa. Mugi dirga anggayuh kang densedya berkah katentreman Hyang Wisesa tebih sing godha rencana. JM, purwaning ramadan, 3422            dening eNPe      >>>>>♡<<<...