AMUNG PANGANTHI GUSTI SATUHU
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2968387980106986&id=1684548218490975 Datan dak sumurupi dina candhake nanging jangkahku gagah dudu surya kang dak sedya dudu sesotya kang dak antu ya amung urip tentrem rahayu amung panganthi Gusti satuhu. Datan dak sumurupi dina esuke denya akasa peteng lelimengan nanging Gusti Kang Ma Asih setya tan kedhat ngreksa tuwin angaubi nadyan ombak anrajang jangkahku amung panganthi Gusti satuhu. JM, panglipurdriya, 21421 dening eNPe