TUHU TRESNANE BAPAK
kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2521525574793231/ Saka jero kamar keprungu bapak bola-bali watuk. Aku putrine wedok lan ibu nembe jagongan ngobrol. "Nduk ngertia iba tuhu tresnane bapakmu marang sliramu, nanging luwih akeh kasimpen jroning penggalihe marga sliramu cah wedok", ngendikane ibu. Krungu kaya mangkono aku bingung lan gumun banget. "Rikala sliramu mbacutake kuliah menyang Jakarta, ibu karo bapakmu ngeterke nang stasiun, sliramu lan ibu rangkulan. Bapakmu mung nyawang bae, bapakmu ngendika sakjane ya kepengin ngrangkul awakmu, nanging jare minangka piyayi kakung nora tata ngrangkul anak wedok nang ngarepe wong akeh mulane bapakmu mung nyalami tanganmu njur jumeneng nganti sepure ora katon", ngendikane ibu. "Ibu pancen kerep nilpun awakmu, ning ngertia nduk iku kabeh bapak sing dhawuh ngelingake". Kenapa dudu bapakmu dhewe sing nilpun? Bapakmu ngendika, "Suaraku nora alus lembut kaya suaramu, anak ki...