Postingan

Menampilkan postingan dari Juli, 2019

BAPAK TUWA ing SCHIPHOL

   kapacak uga ing : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2409562132656243&id=1684548218490975 Wus sesasi punjul saben pungkasaning minggu, ing cedhak lawang tumekaning para kang nunggang pesawat ing Schiphol Airport ana Bapak tuwa ngadeg ing antaraning wong-wong kang methuk kang nunggang pesawat Garuda Indonesia saka Jakarta. Mripate tansah nyawang tumuju mring para penumpang utamane wanita kang liwat saka lawang metu. Pas ing ngarep lawang metu ana Kafe kang lumrahe kanggo ngenteni sing padha methuk sinambi nyruput kopi. Samono uga Bapak tuwa mau pesen kopi sadurunge mulih. Ing kafe mau ana mahasiswi ayu sing lagi nyambut gawe paro wektu (magang) dadi pramu-saji kafe nora bisa ngempet anggone pingin mangerteni. Sinambi nyuguhake kopi dheweke pitakon : "Bapak nembe methuk sinten pak? Bapak ing ngriki sampun ngancik minggu kaping gangsal nanging dereng pinanggih ingkang pun pethuk?"  Kanthi rada nglokro bapak tuwa iku mangsuli : "Ohh o ora...

DIREKTUR ANYAR

kapacak uga ing : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2408717822740674&id=1684548218490975 Direktur sawijining perusahaan nedya arep leren anggone ngemban kalenggahane, sarta kepengin masrahake tanggung jawabe mau mring salah siji bawahane kang becik dhewe miturut cathetan lan pambijine. Gandheng karo iku Sang Direktur nglumpukake kabeh bawahane sarta ambage WINIH PARI saben wong didumi siji-siji lan mrentahake : "Tanduren WINIH PARI iku! Openana mawa rabuk, tlatenana anggone nyirami njur telung(3) sasi maneh saka wiwit saiki gawanen mrene taneman pari sing wus thukul saka winih iku!" "Sapa kang BECIK DHEWE asile, arep dak pilih nggenteni kalenggahanku minangka Direktur ing perusahaan iki." Krungu lan nampa prentah kaya mangkono kabeh pagawe andhahane padha mlongo lan gremengan kanthi semangat.  Sanalika pagawe-pagawe mau enggal gegancangan mulih arep nandur winih pari iku. Salah siji pagawe jenenge AHMAD sing uga nampa winih...

BIKKO SI OMPONG

       (dongèngé simbah)  kapacak uga ing :  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2406952409583882&id=1684548218490975 Bocah lucu jenengé Bikko, pawakané lemu banget pakulitané resik. Senengané nganggo topi biru. Mung émané Bikko nora naté mèsem lan tansah nutupi lambéné yèn ketemu kanca-kancané. Bikko isin amarga ora duwé untu ngarep sisih dhuwur alias ompong. Kala-kala si Bikko mikir kenapa untuku ngarep ndhuwur ora thukul kamangka sisih ngisor thukul? "Untumu ngarep nduwur ompong, ananging kowé duwé untu graham akèh bisa kanggo mamah/nggayemi panganan", wangsulané mbok Srini, nalika si Bikko takon simboké. "Gusi ompong bisa migunani kanggo nahan panganan nalika kita mamah", simboké mbacutaké. Dina sepisanan mlebu sekolah sawusé prèènan, si Bikko nutupi cangkemé nganggo kacu/andhuk cilik. Si Bikko nedya aja nganti ana sing moyoki merga ompong. Si Biko lungguh sabangku karo si Blèki kanca nunggal dhukuh. "Kenapa kowé nutupi cangkemmu?...

GUMUNGGUNG BISA MBILAÈNI

  (dongèngé simbah) kapacak uga ing : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2405712976374492&id=168454821849         Ing sajroning blumbangan sing dedunungé adoh saka padhusunan ana sapasang manuk Bango lan sawijining Bulus kang urip rukun pasedulurané padha tulung tinulungan antarané siji lan sijiné. Ing satengahé wanci ketiga ngenthak hawané panas banget nganti blumbangané kasatan garing lan uwit-uwitan padha mranggas nganti akèh sing mati. Kaanan kaya mangkono nganti akèh para kéwan ing dhaérah kono padha ngungsi marga kekurangan pangan lan sumber banyu kanggo ombèn-ombèné. Kabèh kéwan kuwatir yèn nganti blumbangan bener-bener garing kasatan banyuné bisa-bisa mèlu mati. Sapasang Bango rerasanan déné sakaroné kepéngin uga mèlu-mèlu ngungsi menyang dhaérah liya sing isih akèh banyuné lan pangané. si Bulus krungu rerasané si Bango ngrasakaké judheg lan kuwatir banget amarga ngrumangsani yèn awaké klemar-klemer mlakuné nora bisa mabur kaya si B...

DATAN KENDHAT ATUR PAMUJI SOKUR

Gambar
Kaanané uriping manungsa iku bisa kaprinci  : * Ana kang duwèni sarwa kacukupan raja brana ananging pijer nandhang lelara. * Ana kang sisihané ayu, ananging urip bebrayané ing saben dinané nora naté rukun, kepara asring padu. * Ana uga kang bebojoan kulawargané pepak anak-anaké séhat lan lucu-lucu, ananging kulawargané ya rama-ibune, kangmas-mbakyu lan adhi-adhiné nora temata uripé. * Ana kang duwèni pasangan penyabar lan padha asih tresna-tinresnan, ananging durung kaparingan momongan. * Ana kang garwané kakung gagah lan bagus, pagawéané mapan kajèn kèringan, ewadéné sang èstri ngrasakaké déné garwané solah tingkahé kasar lan kurang pigatèn. * Ana uga lamun sinawang uripé katon sarwa sampurna, ananging sejatiné nora duwèni kasolèhan lan nora ngrasakaké katentreman ngibadhahé. Mulané pracayoa déné saben wong kang duwèni kaluwihan temtu uga duwèni kakurangan. _*NORA ANA MANUNGSA KANG SAMPURNA!*_ Kabèh kang katoné sarwa éndah lan nengsemaké sinawang saka njaba, duru...

TANDANG-TANDUK

kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2401969536748836/ Lamun kita tlisik ing jaman saiki akèh kedadéan kang kurang papan lan empan. Wong sing kajibah piniji dadi pamong ing sawijining wilayah kang mauné kapracaya mimpin masarakat ambangun praja éé lha kok malah nerak paugeran kang wus dimupakati bebarengan. Iya ora gumunake menawa kita nyumurupi pangwasa nindhes wong cilik lan ngrebut wewenangé ana ing pengadilan. Awit ora bisa disélaki saben pegawé kuwi diayomi déning sing mbawahaké, lan sakabehé diayomi déning penggedhé sing luwih dhuwur manèh pangkaté. Emane kahanan iki bisa kaplesetake lan dianggo gaman gawe menange dhewe. Padha dieling senajan raja pisan, uripé gumantung saka asilé panèn. Sing sapa karem dhuwit ora bakal marem karo anggoné golèk dhuwit. Sing sapa karem bandha ora bakal katurutan apa sing dadi pepénginan atiné. Uripé tansah nggrangsang. Yèn kasugihanmu tambah, iya tambah cacahé wong sing mèlu ngentèkaké. Kowé olèh asil apa kej...