SWARGA DUDU MUNG CRITA

kapacak uga ing
https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2344106729201784/
(tulisan kang becik dening wong manca bab sawangane tumraping Indonesia)

Sugeng enjing para kadang sutresna,

Ing Eropa utawa Amerika sisih lor mangsane hawa adhem ya nalika salju tumurun,  hawane bisa tekan 40 derajad celcius sangisore nol derajad celsius (-40°C). Iku ateges kulkasmu isih luwih anget.
Ya ing wanci iku sakabehe tetanduran mati kejaba uwit cemara. Ya ing wanci iku uga getihmu bisa mandheg dadi es yen kowe metu saka omah tanpa sandhangan anget sing sarwa kandel (jas bahan wol).

Ing mangsa salju manungsa budidaya supaya bisa urip klawan ngayahi apa kang bisa katindakake, mokal bisa lumaku yen datan dipiranteni nganggo piranti-piranti lan asil tehnologi.
Tanpa iku kabeh bisa mati methotholen kadhemen. Apa maneh yen ketaman udan angin salju sinebut 'badai salju'. Bisa kagambarake apa kang bisa katindakake kejaba mung urip ing jroning kamar sing disaranani piranti pemanas sinebut 'heater'

Suwalike, ing negara ara-ara samun segara pasir, sakabehe sarwa garing nganti wong-wong ing kana nggambarake sadhengah kali banyune mili kadya urip ing swarga kang sarwa seger lan endah.
Ya hamung ana saperangan uwit-witan sing bisa tahan urip ing hawa panas luwih saka 40 drajad celcius. Kringetmu cepet garing marga dadi ngabar bebarengan karo caeran badanmu. Mula anane banyu mujudake mati-uripe manungsa, dudu lenga minyak.

Iba nora bisa dinalar lan mangerti dene ana uwong kang isih durung pracaya yen INDONESIA iku sejatine CIPRATANE SWARGA, mangkono sawangane wong manca.

Coba kowe manganggo kathok cendhak, kaosan lan sandhal jepit mlaku-mlaku ing Kanada nalika mangsa adhem, utawa mlaku ing tengahe ara-ara samun segara pasir, bisa-bisa dipesthekake bakal mati.

Ing kene negaramu Indonesia kapan bae, embuh awan embuh bengi mlaku-mlaku kaosan sikil nyeker masiya udan utawa panas tetep bisa slamet saora-orane masuk angin.

Ing Eropa ora ana liya kowe mung bisa mrangguli woh-wohan sing asring kok pamer-pamerke yaiku Apel, anggur, jeruk sunkist, pier lan sajinise.
Ing negara-negara Arab (Timur Tengah) ora ana liya kowe ketemune woh kurma, kismis, kacang arab, zaitun lan tin.

Ing Indonesia, kowe bisa kanthi mayar mrangguli saabreg woh-wohan lan sayur-sayuran, ubi2an, kacang2an, kekembangan lan rempah2.

Ing Amerika & Eropa, ora ana liya kowe mung bisa ketemu panganan sanwich, hotdog, humberger sing digawe maneka warna wujud steak, es krim lan keju.

Ing Timur Tengah? roti daging, daging lan sarwa daging maneh sing bisa kok prangguli.

Ing Indonesia ?.
Wiwit saka Sabang tekan Merauke, bokmenawa ana atusan malah ewonan jinis pangan.
Ana puluhan soto, sambel, olahan daging, iwak, ayam lan maneka warna jenis panganan dhaerah sing nora bisa kaetung.

Saben dhaerah duweni jinis panganan kang beda klebu rasane. Roti2an telesan lan garing, jenis sayuran, pecel, gadho2, karedhok sarta panganan olahan singkong kang duweni aran lan rasa werna-werna.

Sauruting pinggir dalan saka Sabang tekan Merauke bisa arupa garis bakul panganan sing dawa dhewe sadonya. Aku nora bisa ngetung bakul panganan hamung sauruting dalan Malioboro Ngayogyakarta.

Ing Indonesia, kowe bebas ngrungokake pengajian, sholawatan, dhang-dhut koplo, konser rock, jezz, gamelan lan ecrek2 wong mbarang. Ing Eropa, Amerika lan Timur tengah, durung mesthi kowe bisa ngematake kejaba manganggo 'head set'.

Aku kepengin nulis iba swargane Indonesia awujud saka werna-werna sisih sesawangane.
Wanci mangsane, raja brana, sadhengah panganane, wong2e kang cerdhas2 kreatif lan grapyak manyedulur,  budayane, toleransine, guyonane lsp.
Mula ya nora kleru dene Indonesia duweni sesorah BINEKA TUNGGAL IKA kang dadi panuntun urip bebrayan kaprajan negara linandhesan dhasaring nagara PANCASILA.

Samono uga ora kurang panggonan plesirane, aku nganti nora bisa nulis saka akehe.
Ya saka akehe kang nora bisa kaetung berkah kanugrahane Gusti Allah mring bangsa Indonesia.
Indonesia sawijining negara kinasihing Gusti Allah!
Iku kabeh wus samesthine prelu disokuri, yen ora ya kebangeten, jiwamu wus mati!

Eliding pesen kang bisa kapethik :

Aja nganti swarga kita iki kita rusak  hamung marga nepsu ngudi kwuasa lan kesrakahan, kang nerak watesing paugeran.
Aja nganti angeting paseduluran kang dituladhani dening embah-embah, opung, opa-oma kita di rusak bubrah hamung kita rumangsa bener lan pinter dhewe.

Dhawuhe Gusti Allah kita kabeh tansaha caos puji sokur supaya swarga iki nora dadi neraka. Malah lamun kita asring caos sokur mula berkah kanugrahan bakal sangsaya ditambah.
Rasa sokur iku bisa awujud nora ngrusak apa-apa kang wus becik, ya sakupenge alam, budaya luhur bangsa, keasrian alam.

Poletik, ing wektu kang mung
sedhela aja nganti ngowahi swarga iki dadi neraka, aja tukar padu, sing guyub rukun gegandhengan ambangun praja.
Ayo sing padha pinter-pinter ngempet nepsu. Aja dadi pandhereke wong-wong kang melik kwusa lan srakah sarta ambek siya.

SUMANGGA

JM, parak esuk, 23419
  rinakit dening eNPe

Kapethik saka tulisan ing basa Indonesia :

*SORGA BUKAN CERITA DI INDONESIA*

-tulisan ulang-

Musim dingin, ketika salju turun di Eropa atau Amerika Utara, suhu bisa mencapai minus 40 derajat celsius artinya kulkasmu masih lebih hangat.

Itulah saat semua tetumbuhan "mati" kecuali pohon cemara. Itulah saatnya darahmu bisa berhenti menjadi es ketika kamu keluar rumah tanpa pakaian khusus. 

Musim salju adalah ketika manusia bertahan hidup dan beraktifitas yang mungkin, tanpa bisa  berjalan jika tak ada bantuan peralatan dan teknologi. Tanpa itu mati kedinginan. Dan ada satu periode di mana salju berbentuk badai. Badai salju, terbayang apa yang bisa dilakukan selain bertahan hidup di ruangan berpemanas. 

Padang pasir, begitu keringnya sampai sampai manusia yang berdiam di sana membayangkan sungai sungai yang mengalir sebagai surga.

Hanya ada beberapa jenis pohon yang bisa hidup dalam suhu bisa di atas 40 derajat celcius. Keringatmu bisa langsung menguap bersama cairan tubuhmu. Dan keberadaan air adalah persoalan hidup mati, sungguh bukan minyak.

Saya sungguh tidak mengerti ketika ada orang yang masih belum percaya bahwa Indonesia itu serpihan sorga. 

Cobalah kamu bercelana pendek, pakai kaos dan sandal jepit jalan-jalan di Kanada ketika musim dingin. Atau jalan jalan di padang pasir, dijamin mati! 

Di sini di negaramu, kapan saja, mau siang mau malam kamu bisa jalan-jalan kaosan tanpa alas kaki. Mau hujan mau panas, selamat. 

Di Eropa Amerika paling banter kamu akan ketemu buah-buahan yang sering kamu pamer-pamerin. Apel, anggur,  sunkist, pear (pir) dan semacamnya. 

Di Timur Tengah, paling kamu ketemu kurma, kismis, kacang arab, buah zaitun dan buah tin.

Di Indonesia, kamu tak akan sanggup menyebut semua jenis buah dan sayuran, umbi-umbian, kacang-kacangan, bunga-bunga dan rempah-rempah, saking banyaknya. 

Di Amerika Eropa, kamu akan ketemu makanan lagi lagi sandwich, hot dog, hamburger. Itu2 saja yang divariasi. Paling banter steak, es krim dan keju. 

Di Timur Tengah? Roti, daging dan daging. 

Di Indonesia? Dari Sabang sampai Merauke, mungkin ada ratusan ribu varian makanan. Ada puluhan jenis soto, varian sambal, olahan daging, ikan dan ayam tak terhitung macamnya. Setiap wilayah ada jenisnya. Kue basah kue kering ada ribuan jenis. Varian bakso saja sudah sedemikian banyak. Belum lagi singkong, ketan, gula, kelapa bisa menjadi puluhan jenis nama makanan.

Dan tepian jalan dari Sabang sampai Merauke adalah garis penjual makanan terpanjang di dunia. Saya tidak berhasil menghitung penjual makanan bahkan hanya dari Kemayoran ke Cempaka Putih. 

Di Indonesia, kamu bebas mendengar pengajian, sholawatan, dang dut koplo, konser rock, jazz, gamelan dan ecrek-ecrek orang ngamen. Di Eropa Amerika Timur tengah, belum tentu kamu bisa menikmati kecuali pakai head set. 

Saya ingin menulis betapa surganya Indonesia dari segala sisi. Hasil buminya, cuacanya, orang-orangnya yang cerdas-cerdas, kreatif dan bersahabat, budayanya, toleransinya, guyonannya, keindahan tempat-tempat wisatanya dan seterusnya. Saya tidak mungkin mampu menulis itu semua meskipun jika air laut menjadi tintanya.

Saking tak terhingganya kenikmatan anugerah ALLAH SWT pada bangsa Indonesia. Indonesia ini negara kesayangan Sang Pencipta. 

Kamu tidak bisa mensyukuri itu semua?Jiwamu sudah mati. 

Pesan: 
_*Janganlah sorga kita ini kita hancurkan hanya karena syahwat berkuasa dan keserakahan ketamakan tiada batas._*

_*Janganlah  kehangatan persaudaraan yang dicontohkan oleh embah, eyang, kakek, opung kita dihancurkan hanya karena kita merasa paling benar dan paling pintar._*

_*Allah hanya mensyaratkan kamu semua bersyukur agar sorga ini tidak jadi neraka, bahkan andai kamu sering bersyukur maka nikmat-nikmat itu akan ditambah._*

_*Bersyukur itu diantaranya, tidak merusak apa-apa yang sudah berjalan dengan baik. Baik dalam kita menunaikan Ibadah agama kita, memelihara alam lingkungan, sistem nilai, budaya asli dan semacamnya._*

_*Jika kita merusak alam, alam akan berproses membuat keseimbangan/ keadilan._*

Politik yang hanya berjangka pendek jangan sampai merubah sorga ini jadi neraka. Jangan berkelahi!

_*Pandai-pandailah menahan diri seperti orang berpuasa, jangan jadi pengikut orang-orang yang "haus kekuasaan dan ketamakan" yang kini luar biasa._* oleh oknum dan kelompok mengatasnamakan Agama...!!

_*Hormati Negara dan Bangsa mu Sebagai tumpah darah IBU PERTIWI* mu dengan keberagaman Adat Budaya dan Tradisinya dengan seluruh jiwa ragamu_!* 🇮🇩💪👍

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN