INDONESIA NEGARI ADI

 kapacak ing FB https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2329741927304931/

Indonesia nagari adi kang sestu kula tresnani,
tanah wutah rah nggih tanah pusaka paringing Gusti Kang Murbeng Dumadi,
sestu tansah kula labuhi klayan eklas trusing ati.

Indonesia nagari mulya bebanjaran ewonan pulo nuswantara,
beda suku dalah agaminya, ras sarta golonganira,
tansah kula suwun dhuh Gusti mrih lestari slaminya.

Indonesia nagari agung linandhesan Pancasila dhasaring nagari,
ayo pra kadang kaugemana sarana gesang guyub rukun sami,
minangka tetangsul tuntunan gesang bebrayan sabangsa niki.

       MERDEKA!

JM, bangun esuk, 2419
       dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN