SAKA KRINGET MANCAL PEDHAL BECAK NGANTI TEKAN ANYIPTA BECAK LISTRIK
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/187e1UfPKh/ Kacarita, Doni 31 taun, tukang becak ing Malioboro Ngayogyakarta. Pendhak esuk jam 06.00, Doni wus nyurung becake metu seka gang ciut ing tlatah Mantrijeron. Bapake 74 taun, ibune 69 taun, sakloron wus rekasa lumaku adoh merga nandhang lelera athik-athikan (sendi) dhengkul...(osteoarthritis) Pengasilane Doni mancal pedhal becak entek kanggo wragad usada wong tuwane, lan keperluan urip saben dinane. Doni tau ditawani nyambut gawe ing Jakarta dadi sopir ekspedisi, ajeg gajine lan luwih dhuwur katandhing UMR. Nanging Doni wangsulane tansah panggah, "Yen aku lunga, sapa mengkone sing njaga lan ngopeni bapak-ibuku?" Kanca-kancane uga sering sembranan memoyok, "Uripmu ora bakal maju yen mung narik becak!" Doni mung mesem kecut. Wus lumrah lan ora mempan nampa pepoyok sarta karemehake kaya mangkono iku. Wayah awan-awan jam setengah loro, Malioboro panas gemamplang, aspal dalanan kemepul, para plancong wira-w...