JUJUR PUNIKA KAJÈN
kapacak ugi ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02rVkGQ8my8ZQrbeo9n3oiba7BjCks7v6pvKecu795G2xHwvJQDgwBMuhAnChZQDBul&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Wonten sawetawis tiyang ingkang tumindakipun gumantung ing pundi piyambakipun mapanaken raosing kinajènan/pakurmatan pribadi. 'Korupsi' mijil utawi tuwuh jalaran kasugihan pundadosaken tuking raos kinajènan. Tiyang ingkang remen ngapusi/nylinthuti/nggorohi tiyang sanes, saged ugi panguwaosan dados minangka landhesan pakurmatanipun. Ing sejatosipun, pitutur gesang nelakaken iba risakipun gesang karana nglirwakaken angger-angger dhawuhipun Gusti Allah punapa dene tatanan paugeran pasrawungan masarakat/negari (kang kaserat ing undhang-undhang). Ing telenging nala badhe tansah kauber-uber raosing dosa lan pecah ing batosipun. Lelampahan ing gesang kaliyan sesami nedya ngupados nutup mripat batosipun, nindhes lan ambek siya mring sasama, remen dhateng panerak lan kadurakan, saha ngeruk ...