PANDAKWA DANA UPASRAYA COVID-19 PUNCATHUT
kaunggah ugi ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid02g6KK9cUvNY4XAhxJQ1NAt6mc7V8SXpYBBU4uFEpBRVpSTFncPTi256kZQiGTjeWkl/ Irah-irahan pawarta kasebat kadadosan sampun dangu ing taun 2021 kapengker. Kacariosaken ing pawarta, dene warga Kampung XXX , Dhusun XXXX, Kec Cixxxx, Cianjur, rame-rame sami nglapur dhateng pulisi, Kemis, 11-2-2021. Isi lapuranipun dene Kades kadakwa nyathut /nyuda dana upasraya (bantuan) Covid-19. Kirang langkung 170 KK panampi piguna upasraya Covid-19 damel lapuran dhateng Satreskrim Polres Cianjur. Tiyang-tiyang sami jengkel ulahipun Kades XXXX ingkang nyathut dana upasraya ingkang asalipun saking 'anggaran dana desa'. Pangakening para warga bilih saben wonten glontoran dana upasraya kasebat, jer tansah puncathut klawan nyuda jatahipun warga ingkang agengipun werni-werni wiwit Rp 100 ewu dumugi Rp1,2 yuta... (walah-walah.., tega-tegane si Kades gemblung iku!?). Alesanipun kangge administrasi lan pajeg. Panyathutanipun sampun ...