NGOWAHI CARANE NYAWANG KAHANAN
(kapacak ugi ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2100589846886808&id=1684548218490975 ) Kacarita sawijining ibu duwe putra 4 lanang kabeh. Urusaning blanja, umbah-umbah, masakan, reresik omah ditandangi dhewe. Garwa lan para-putrane ngurmati apa sing ditindakake. Ananging ana siji sing dadi masalah, ibu kang banget olehe resikan nora seneng yen karpet ing ngomahe reged. Si ibu duka-duka lan muntab banget sedina muput pendhak dina jalaran mirsani yen karpete ana tipak sepatu ndadekake swasana nora ngepenakake. Kamangka ana putrane lanang 4 jag-jagan meh saben dina bisa dadi uring-uringan lan ngrerujit nyiksa batine. Krana pamrayogane kulawarga, sang ibu nemoni sawijining psikolog kondhang saprelu nyaritakake apa kang dialami ing pedinane. Sawuse ngrungokake critane sang ibu mau psikolog mesem lan ngendika mring sang ibu : "Ibu coba dak aturi merem lan mbayangake apa sing arep dak aturake ya" Ibu iku nuli merem. "Bayangake omah ibu sing rapi ...