Postingan

Menampilkan postingan dari Desember, 2023

HAKIM AGUNG

  kapacak uga ing  https://fb.watch/peEckb9lb_/?mibextid=2JQ9oc Hakim Agung ginadhang tumêdhaknyå, prå jalmå nyadhóng kaadilan sanyåtå. Suryå pêpadhang kang tansah tinênggå, cumadhóng rumuntuhing wartå harsåcittå. Tumêdhaking Sang Pamartå kang kaantu, donyå datan têluk myang kodrat sêmu. Mugyå pinaringånå têntrêm rahayu, gumantyå duhkitå måwå sukå rênå sèstu. Binabarå panguwaós-Nyå, palimêngan nêdyå kasingkirnå. Måwå landhêping gêgitik Hyang Må' Wiseså, têmah kamulyaknå ka-Agungan Asmå-Nyå. Sugêng mahargyå NATAL, winartaknå kawilujêngan sanyåtå têntrêm rahayu mugyå lumêbèrå mring sagung tumitah-Nyå bêrkah karahayón kang pinangyå. Gusti ambêrkahi kitå samyå... Amin Amin 🙏🙏 JM, desèmbêr róngèwu têlulikur             ✍️ eNPe ✍️             [^__^]  [^__^]

LAMPU_PETROMAKS

  kapacak ugi ing  https://fb.watch/p6OISYIfF2/?mibextid=2JQ9oc Ngemutaken jaman alitan kula, kula taksih meningi lampu mawi lenga pet / minyak tanah. Bapak kula pendhak serap nyawisaken  lampu pompa isinipun lenga tanah kangge bahan sumber tenaganipun.  Wadhahipun tangki (kados ing gambar) pun pompa ngedalaken gasolin lumantar kaos lampu pethak lajeng dipun sumet ngangge korek dangu-dangu kaos lampunipun saged murup lan padhang sorotipun. Para sedherek PBJ/GBJ punapa inggih nate meningi lampu petromak, menawi taksih meningi ateges kita sapantaran.  Jaman samangke sampun ewah, kemajengan tehnologi sumrambah klebet ing 'sumber energi' ngantos pinanggih lampu ingkang maneka warni samangke wonten lampu LED aranipun. Bokbilih kita klebet pawongan ingkang gesang ing tigang jaman, jaman ora enak, jaman setengah maju lan jaman sarwa maju/modern. Puji sokur punika kala wau awit peparing berkahipun Gusti Allah Kang Ma' Asih, matur nuwun Gusti pinaringan dirga ing umur mu...

ELING, ELINGÅ...

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0ABM2UypnbCLQ9rWoaRinqPYvn7WBbLm6NtVaJucL4tX1PQbmTukg8z3m1gPr6r1Kl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc He sagung prå pangwåså, kang matêk aji mamåntrå jåpå luru alêmbånå ing ngarêping prå kawulå aywå muhung sêsumbar jangji sêtyå aywå cidrå ing ubåyå dèn sêselak lan blenjå. Eling, elingå..., prå kawulå butuh kajujuranirå dhêdhasare anêmtóknå pilihannyå wus dadyå pêpingine prå kawulå duwe pamóng kang biså angêntas såkå kasèkèngannyå urip têntrêm raharjå twin mulyå. He sagung prå pangarså pråjå elingå mring sêsumbarirå sing jare mbelå prå kawulå. Kamulyan lan pangwasamu iku sinandhang krånå pilihane prå kawulå masiyå darbe kwåså åywå supe mring Kang Må' Kawåså åywå kadlarung lèhmu blasar såkå pranåtå biså-biså kajabël såkå ing pundhakirå. JM, parak esuk, 201223          ✍️ eNPe ✍️          [^__^]  [^__^]

LAKU BEDHANG

    kapacak ugi ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02BQYV5NRAs4E6BXF6s4nve3Eg83oFvfmQSqq4eGSYmFXX1iCH8NCfSLcouKfRyLxdl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc Punapa kita nate mireng tembung 'laku bedhang'? Bedhang tegesipun dhemenan /sir-siran kaliyan ngasanes (lawan jinis). Kathah kedadosan kawartakaken bilih wonten tiyang jaler utawi estri laku bedhang lajeng semahipun boten trimah kamitegan nganiaya malah dumugi pejahipun dhemenan semahipun. Wonten ugi ingkang punwastani kdrt (kekerasan dalam rumah tangga) kedadosan laku bedhang ingkang damel miris kok tega-teganipun merjaya anak-anakipun piyambak cacah sekawan, mendah ngrerujit raosing driya. -nyawa kok ora ana ajine... heeemm..- Gusti Allah sampun paring angger-angger utawi wewaton bilih manungsa punawisi tumindak laku bedhang, awit bilih angger-angger kalawau punterak manungsa dhawah ing dosa. Tuladhanipun, bilih tiyang estri ingkang sampun emah-emah lamun purun punepek semah tiyang jaler sane...

WOHE KEKANCAN KANG BECIK

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid07W3PjniZBHAJLzFomFwT1eDpm1ggrNd7akZwFBcbzNEUyme63WB4cKFKgsSGubxEl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc Kairing puji lan sokur awit Gusti Allah kepareng nemokake kita marang maneka uwong, piyayi sarta para kadang sutresna kabeh nedya ambangun sesambungan kekancan/paseduluran kang becik lan sarwa nyenengake awujud paguyuban. Apa iku ing paguyuban ratnyata apa iku ing ratmaya krana adhedhasar asih padhadene mbutuhake, ajen-ingajenan temah suwe ning suwe nambah rumaket marang para anggotane. Mulane mangga kita jaga samya rineksa murih tambah rumaketing paseduluran iku mau. Kita datan nate ngerti kapan kita mbutuhake anane wong liya, lan uga ing wektu kang padha samapta dhiri ambiyantu wong liya kang mrelokake. Sesambungan paseduluran becik kang wus kawiwitan lan tansah dijaga iku, mendah banget endahe. Sesambungan apik kang wus dumadi lan rinasakake padhadene mbutuhake siji lan sijine temtu tundhone/...