Postingan

Menampilkan postingan dari Juli, 2023

PANGUMBARA (angen-angen)

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/100053518547586/posts/pfbid02CTxH1ktoZvRoYcaTry8m8oDUS2GTgLgQUHiuuwDEDVLoccpSMttW6hLE7ZouSAyRl/?mibextid=2JQ9oc Pangumbårå nandhang lungkrah ing nêgri kang dèn tuju datan duhkitå lan susah. Ing kånå nêdyå kêpranggul kadang kang wus mêngkêr dèn sabrangi samodrå kauripan kang pênêr. Langit pêtêng angêmuli, dalan anjõg kêbak êri nanging dèn sawang ing ngarêp nêgri endah tuwin langgêng. Ing kånå datan ånå waspå, datan ånå duhkitå dèn sabrangi samodrå kauripan kang nyåtå. JM, gagat-bangun, 28723           ✍ eNPe ️✍️           [^__^]  [^__^] Ku ini adalah musafir yang dibuana berlelah. Di negeri yang aku tuju tiada duka dan kesah. Di sana akan ‘ku jumpai taulanku yang dulu pergi. ‘Ku seberangilah lautan, ke neg’riku yang berseri. Awan gelap menyelubungku, jalan berduri dan terjal. Namun ‘ku lihat di depanku neg’riku indah dan kekal. Di sana tiada air mata, tiada orang bersedih. ...

WANGSUL MALIH ING SAKAWIT

    kapacak ugi ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0m34y4Yzxjp9uMUKhdHLR4BKHTUeCg7CFCFjNHvx8bLtb4mt2WXHtdAuJZeWBnEjZl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc Sinerat dening Priyagung kondhang, teknokrat lantip ing pamikiran saha nggadhahi kalenggahan mulya ing pakaryan ageng sarta wekdalan pawiyatan negari ngamanca kang misuwur, ingkang saged kataman mring sinten kemawon. Sayogya kita para kasepuhan kersa maos lan kita resepi sesarengan...., KASUNYATAN, dening satunggaling Priyagung. Pranyata "wangsul malih ing sakawit", boten wonten ingkang saged punagulaken!   Kala samanten raos bombong nggadhahi panguwaos (jabatan, Ind) punapa punika Nakodha, Pilot punapa dene Direktur/Pamengku pakaryan (perusahaan, Ind) ageng. Prawacana (pidato, Ind) Priyagung kasebat (tilas pandheganing Perusahaan Nasional) anyerat lelampahan sugengipun, kaserat wulan Januari 2019. "Samangsa puputing gesang sangsaya celak." Sinaosa kober wekdalipun. Sumangga kita gagas ing...

MORAT-MARIT PANCATHETAN PANAMPANAN MURID ANYAR

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02bYRpKJXdGZuGZwrsHakWNcHJFjaLA2gmLBqeYtfDrG5MJe6W4HXZseRk2CQVH2aol&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Wekasan iki medsos Indonesia rame-rame martakake ngrembug kisruhe PPDB 'Penerimaan Peserta Didik Baru'. Kawartakake akeh para wali murid kang tumindak ora tata yaiku gawe KK 'Kartu Keluarga' tiron/palsu ngangkah supaya putra-putrine bisa katampa ing sekolah kang diancas/diener. Gonjang-ganjing ing donyane pendhidhikan ing taun wulangan anyar pranyata tansah kedadean pendhak taun saploke tatanan 'zonasi' katetepake.   Tumindak ora jujur katitik anane dol-tinuku kursi panampanane murid anyar, malsokake KK uga titipan calon murid dening pemimpin daerah. Kepriye ta sing dadi tatanan zonasi? Tatanan zonasi katemtokake dene 'pendaftaran' /pancathetan murid anyar miturut dununge si murid adhedhasar KK kanggo nemtokake dohe saka ngomah tekan sekolahan. Tatanan zonasi iki sing nemtokak...

BEBAYANE RACUN WISA ANDROID

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/100053518547586/posts/pfbid02MFQSSSd7hsizBNbB1von4bgw1GqPPJ1x616eaQcYsR2pDTTF8go85qrSsAr7HeUnl/?mibextid=Nif5oz Ing giyaran warta CNBC Indonesia martakake yen trajangan (serangan) rat-maya (siber/cyber) pranyata gampang banget dialami dening telpun pinter (smartphone) Android. Miturut lapuran MalwaredFox wujude werna-werna kang bisa njebol M-Banking liwat pangetrapan cara (aplikasi) ing jejaring digital (internet). MalwareFox nyathet, Android sering banget diener serangan empuk duratmaka ing ratmaya (panrajang/panyerang elektronik/siber). Kenapa kok Android? Iya jalaran Android iku mujudake aplikasi program tinarbuka (open-source) sapa bae bisa gawe program lan dipasang ing Android ora kadya iOS duweke Apple. Gampang banget kanggone sang duratmaka elektronik kanggo nlusupake wisa/upas (racun) mbebayani ing perangkat Android migunakake program aplikasi sing mbebayani mau, kayata kang sinebut Trojans, Adware, Spyware, Keylogger ...

PAMANGGIH BAB WISUDHA ING TK

    kapacak ugi ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02ViXE3NPQuc1wVij3thaYusvATobRqjiJKN94hxJmMbJeZkH1mxygFXMpJQv4RbPZl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Ing sawetawis wekdal pungkasan punika, wonten pawartos pendhidhikan / pawiyatan nembe rame rerembagan bab pangepyakan winisudha ing pawiyatan dede sarjana, utaminipun ing "taman kanak-kanak / TK." Suwaunipun gladhen tutup taun purnaning pendhidhikan sinebat "pepisahan (perpisahan)", lajeng ing samangke gantos jejulakanipun dados wisudha niru ing pawiyatan inggil (sarjana). Ingkang ndadosaken rame (viral) ing cecaturan para wali murid boten bab winisudhanipun lare-lare murid TK kalawau, ananging bab wragadipun ingkang sakalangkung 'wah', mliginipun kangge para wali murid ingkang ekonominipun kalebet pas-pasan kagolong radi kirang. Punika ingkang ndadosaken kuwur / gorèh manahipun para wali murid. Kados pundi ta boten kuwur?  cobi pungalih kedah mawi "toga saperangkat" kan...