Postingan

Menampilkan postingan dari Mei, 2021

PITUTURING URIP

   kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2995680324044418&id=1684548218490975 Raja-brana, oleh-olehane tindak duraka iku njalari kasangsaran,  nanging kabeneran iku nguwalake wong saka ing pati. Tangan kang kendho marakake mlarat,  nanging tangane wong sregep iku ndadekake sugih. Sing sapa tetandho ing mangsa panas, iku wicaksana,  nanging kang pijer turu bae ing mangsa panen, iku bakal kawirangan. Sapa kang nampani pamerdi iku ngener marang ing dalaning urip,  nanging kang nglirwakake marang pameleh iku bakal kejlungup. kadudud Wulang Bebasan 10 : 2, 4, 5, 17 JM, lingsir pajar, 28521         dening eNPe

JAMAN EDAN

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/watch/?v=1222214241568928 Godhong kemuning rontog dadi sampah Gemlegere langit ngarepake udan Rasaning ati sangsaya lungkrah Ngrasakake kahanan kang sangsaya edan Sampah kertas jroning kardhus  Nunggang kreta kageret jaran Pra kanca ayo padha cancut ambrasta tikus Ya tikus politik sing agawe kasangsaran JM, gagatbangun, 27521      kaanggit : eNPe

BANDHA KANG LANGGENG

   kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2994492077496576&id=1684548218490975 #renungan sore Nabi Daud memulang mungguhing umate Gusti Allah dene sawijine kalungguhan kang digayuh sejatine dudu gegayuhan upayane dhewe ananging iku mujudake pakarti lan pamerdine Gusti. Kepriye kita bisa nyumurupi dene umate Gusti diberkahi Gusti? Apa tegese kita ndarbeki raja brana sugih mbrewu, kalungguhan dhuwur lan mulya? Kepriye pratelane iku kang nyata-nyata berkah, Allah tansah nganthi lan ngirid sajroning kepepet kadya ing tengahing paperangan utawa suwalike ing kahanan tentrem. Saben kang kita tampa iku awit amung pakaryaning Gusti piyambak. Mulane patrap kang utama yaiku sumadya lan puja sokur tumungkul ing ngarsane Gusti Allah. Bandha kang langgeng dudu bab apa kang bisa kita pamerake, ananging sayektine sapa sing tansah nganthi lan ngirid jroning urip kita, susah utawa seneng. Gusti Allah sejatine Gusti kang setya kang sanityasa rawuh ing urip umat kag...

KEKIDUNGAN WAYAH BENGI

   kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2988640581415059&id=1684548218490975 Ayo padha saosa puji marang Sang Yehuwah Allah kita.  He sakehe para abdining Sang Yehuwah, kang padha marek ana ing ayunaning Sang Yehuwah, ing wayah bengi. Tanganmu padha ngapurancanga madhep marang Panjenengane, lan padha saosa puji marang Sang Yehuwah. Pangeran Yehuwah kang nitahake langit lan bumi, muga mberkahana kita saka ing Swarga. Rahayu saben wong kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah, sarta kang ngambah ing dalan pitedahe. Manawa kita mangan wohing kangelane tangan kita, rahayu lan begja kaanan kita samya! JM, sirep jalma, 18521         dening eNPe

LAKU UTAMA KAJUJURAN

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2979980692281048&id=1684548218490975 Kajujuran sawijining bab kang baku jroning urip umat manungsa ya umate Gusti. Kanggone masarakat Indonesia sinuguhan solah lan polahe para pamong praja ya para pendheganing pamarentahan kang kebak ing tumindak nerak paugeran ngunthetake kaskayane negara, nampa besel kaaranan 'korupsi' krana ketangkepe dening KPK, kadya wus dadi pasugatan saben dina ing warta-warta giyaran TV.  Kudune kaskayan kang dijarah iku bisa kanggo bea siswa, tunjangan kesehatan, tunjangan purna bakti kaum kasepuhan lsp. Tumindak korupsi bisa ngrusak tatanan ekonomi negara wusanane gawe sengsarane masarakat wong cilik. Pakumpulan-pakumpulan agama wajib lan perlu terus-terusan ngelingake lan nyawisake kulawarga-kulawarga kang bisa nyumbang kaluhuraning budi urip jujur lan rukun mring bangsa Indonesia.  Gusti Allah maringi sukarena sajroning pagaweane kang diayahi nganti pagawean iku nek...

GEGUBEDAN PAGEBLUG

    kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2979362039009580&id=1684548218490975 Gusti nguwalke pra jalma saka ing jireting memala lan saka bladeraning bilai Pinayungan ing astaNya sarta padha nemu pangungsen ana ing rengkuhane Kasetyaning Allah kang dadi tetameng lan tawing kita Kita tatag datan kuwatir mring pagiris wayah wengi Tan sumlang lumepase jemparing kang ngener wayah raina Tumekaning gegubedan pageblug ana ing papan kang limeng Tuwin marang bebaya pati amung Gusti tetameng kita JM, sumilaking pedhut, 6521          dening eNPe