TAWON
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2696775853934868&id=1684548218490975 Sapa sing ora kenal sing jenenge Tawon? Ing Indonesia jinise tawon akeh banget, nanging sing kondhang disumurupi dening wong-wong tawon bisa kagolongake rong jinis yaiku Tawon Madu lan Tawon nDas (bs Jawa). Tawon nDas tau gawe geger nalika ana kedadean ing sawetara panggonan ngentup wong nganti gawe lara tumeka patine. Ananging racake tawon-tawon utamane tawon madu iku duweni sipat kang becik yaiku : 1. #sregep tandang gawe, sanyatane pancen tawon siji kanggo ngasilake madu sasendhok kudu luru +/_ 4200-an kembang. Bisa kita gambarake, kanggo nglumpukake 1 liter madu tawon kudu sregep banget mabur luru kembang klawan temen. 2. #setya, tawon-tawon banget olehe setya marang ratu-ne tawon. Sakumpulan tawon bakal ngetutake ratu-ne mabur nang ngendi bae lan mesthekake yen pemimpine sehat lan cukup aman seka serangan mungsuhe. 3. #gumolong tekade, senady...