TUMAPAKE PAPRENTAHAN
kapacak uga ing : https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2323618184583972/ Tumapake sawijining paprentahan bisa lumaku lamun sinengkuyung dening para warganing nagara iku dhewe. Mokal dene pandhegane nagara hamung dhewekan bisa ngayahi samubarang tugas-tugas kaprajane lan bisa lumaku kanthi becik lan rancag kabeh apa kang dadi sedyane. Ya wiwit saka panguwasane nagara ya pandheganing praja tekan ing kawulaning praja nora bisa diselaki kabeh kudu cancut taliwanda gotong royong anyengkuyung bebarengan kanggo mulyaning nagara. Kepriye nagara bisa maju lamun para wargane ya para pamengku praja ya para panguwasa sing kajibah dadi wakile rakyat, para panegak ukum uga kabeh kawula alit padha regejegan belani jagone kanggo ngisi pangrehing nagara? Eling para kadangku tunggal bangsa yen kahanan kaya mangkono di terus2ake bisa andadekake nagara kurang waspada gampang digoyang dening kakuwatan- kakuwatan kang duweni kapentingan pribadi /golongan klebu kekuwatan manca. ...