SÊPI lan SÊPA .. ana wancine pul-kumpul .. ana wancine pêpisahan 😢
kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0QbSAs7PvyJZJEyBVAuYnv7AuGCD4Gfrqf3EhojNHU3Mun6WU1hNdhq2Pr3Y9Kgpul&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Samangsa, jroning nala iki maksih ana ing pangrasa nalika jawat asta angucap sugêng kondur marang musapir pungkasan. Samangsa, tangan iki maksih kumlawe ndhèrèkake gumlindhinge titihan pra' kadang klawan clathu "atos-atos ing margi, mugi samya wilujêng!". Ananging.... Samangsa bali mengo, jroning nala sumêdhot rasane nyawang kanyatan kahanan kang kosong ngegla tanpa sabawa. ... Datan ana manèh gumrêgute padhadene anêpuk lan rêrangkulan ngêsokake rasa kadriyan. ... Datan ana manèh kang gegojègan padhadene ngabyukake rasa kapang (kangên) kang kagèndèng mawa guyonan. ... Datan ana manèh kang upyêk ngrampungake kumbahan lan sêtlikan rêbut sumorote sang surya. ... Datan ana manèh ing pêndhak dina kang ngupaya mapanake titihan bisa tumata rapi murih gampangake mlêbu-mêtu pêkarangan....